Tlaga Singkarak
Praèn
| Singkarak | |
|---|---|
| Pernah | Kabupatèn Tanah Datar lan Kabupatèn Solok, provinsi Sumatera Barat, Indonésia |
| Koordhinat | 0°36′44.17″S 100°32′21.14″E / 0.6122694°S 100.5392056°E |
| Arus metu kang pokok | Batang Ombilin |
| Negara | Indonésia |
| Ujur | 20 km |
| Alang kang gedhé dhéwé | 6.5 km |
| Amba | 107.8 km² |
| Rata-rata jero | 268 m |
| Isi | 16.1 km³ |
| Dhuwuré saka lemah | 363.5 m |
| Pulo | Sumatra |

Tlaga Singkarak iku sawijining tlaga sing mbentang ing rong wewengkon kabupatèn ing provinsi Sumatra Kulon, Indonésia, ya iku kabupatèn Solok lan kabupatèn Tanah Dhatar.
Tlaga vulkanis iki jembaré 107,8 km² lanminangka tlaga sing paling jembar angka 2 ing pulo Sumatra. Tlaga iki minangka hulu Batang Ombilin. Nanging sapérangan banyu tlaga iki diilèkaké liwat trowongan nembus Bukit Barisan menyang Batang Anai kanggo ngobahaké générator PLTA Singkarak[1] ing sacedhaké Lubuk Alung, Kabupatèn Padang Pariaman.
Ing tlaga iki ana spésies iwak èndèmik sing misuwur, ya iku Iwak Bilih, iwak sabangsa Iwak Wader.
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ adb.org Impact Evaluation Study Of Asian Development Bank Assistance To The Power Sector In Indonesia Archived 2007-05-08 at the Wayback Machine.. Diakses pada 1 Juni 2010