Thích Quảng Đức

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Thích Quảng Đức
Lair 1897
Hoi Khanh, Indochina Perancis
Pati 11 Juni 1963 (yuswa 65–66)
Saigon, Vietnam Kidul
Agama Buddha Mahayana
Thích yaiku sawijining jeneng penghargaan Buddha. Quảng Đức, kang minangka atribut deskriptif meritori; deleng jeneng dharma.

Thích Quảng Đức (Basa Inggris pocapan: /ˌtɪ ˌkwɒŋ ˈdʊk/ tich kwong duuk-'; 1897 – 11 Juni 1963, lahir Lam Van Tuc) yaiku sawijining biksu Buddha Mahayana Vietnam kang ngobong awak ing sawijining persimpangan dalan ing Saigon tanggal 11 Juni 1963. Quang Duc mrotès penganiayaan kaum Buddha dening pamréntahan Katolik Roma Vietnam Kidul [1] kang dipimpin déning Ngô Đình Diệm sasuwéné Krisis Buddha ing negara kasebut. Sawise matiné, badan Quang Duc dikremasi, ananging jantungé tetap wutuh.[2][3]


Aksi ngobong awak iki banjur dianggep minangka titik balik sajroning Krisis Buddha lan krusial ing penggulingan rezim Diệm, kang dipatèni ing tanggal 2 November 1963. Foto kedadéyan mau, kang ndadèkaké Malcolm Browne entuk sawijining Penghargaan Pulitzer. Mula dhéwéké entuk simpati saka biksu-biksu Vietnam lan desekan marang rezim Diệm saka sekabèhing penjuru dunya. Sapérangan biksu Vietnam liyané ngetutaké jejak Quang Duc kanthi ngobong awak sawisé tekénan marang wong-wong mau sangsaya gedhé. Aksi ngobong awak iki uga ditiru déning sapérangan pemrotès perang Vietnam ing Amerika Serikat sapérangan taun kepengker.

Biografi[sunting | sunting sumber]

Riwayat gesang Quang Duc kacathet saka informasi sapérangan organisasi Buddha. Kacathét yèn dhéwéké lair ing desa Hoi Khanh, distrik Van Ninh, provinsi Khanh Hoa, Vietnam. Nalika lair, jenengé Lam Van Tuc, siji saka pitung anak kang lair saka pasangan Lam Huu Ung lan bojoné, Nguyen Thi Nuong. Nalika umur 7 taun, dhéwéké sinau ngenani Buddhisme marang Hòa thượng Thích Hoằng Thâm, sawijining bapak cilik kandhung lan guru spiritualé. Thích Hoằng Thâm nggedhèkaké lan Lam Van Tuc nggenti jenengé dadi Nguyen Van Khiet. Ing umur 15 taun, dhéwéké dadi samanera lan dadi sawijining biksu ing umur 20 kanthi jeneng dharma Thich Quang Duc. Sawisé diangkat, dhéwéké tumuju ing sawijining pegunungan cedhaké Ninh Hòa, lan duwéni sumpah bakal nglakoni panguripan Buddhisme kanthi tenang, saéngga tapa brata nganti telung taun. Dhéwéké mbesuk bakal mbukak manèh ing pegunungan panggonané tapa brata .[4][5]

Sawisé mangsa isolasiné rampung, dhéwéké banjur ngiteri Viertnam tengah saperlu njlèntrèhaké dharma. Sawisé rong taun, dhéwéké tapa brata ing pagoda Sac Tu Thien An sacedhaké Nha Trang. Ing taun 1932, dhéwéké dadi pengawas Asosiasi Buddhis ing Ninh Hòa sadurungé dadi pengawas biksu ing omahé ing provinsi Khánh Hòa. Nalika periode iki ing Vietnam pusat, dhéwéké banjur mbangun 14 kuil.[6] Ing taun 1934, dhéwéké ngalih ing Vietnam sisih kidul lan ngajari Buddhisme ing sawijining provinsi sekitar papan panggonan kuwi. Saliyané ing Vietnam kidul, dhéwéké uga manggon ing Kamboja saperlu nyinaoni tradisi Buddha Theravada.

Sawisé ing Kamboja, dhéwéké duwéni rencana kanggo mbangun 17 kuil anyar kang wektu kuwi ing daerah kidul. Pungkasané, 31 kuil anyar minangka bagian saka pembangunan pagoda Quan The Am ing Phu Nhuan ing distrik Gia Dinh ing pinggiran kutha Saigon.[6] Sawijining dalan sacedhaké kuil mau banur diarani Quang Duc minangka pakurmatan. Sawisé pembangunan kuil rampung, Đức ditunjuk dadi Ketua Ritus Seremonial Kongregasi Biksu Vietnam, lan minangka ketua pagoda Phuoc Hoa, kang dadi papan panggonan pisanan saka Asosiasi Pembelajaran Buddhis Vietnam (ABSV).[6] Nalika pusat ABSV ngalih ing Pagoda Xa Loi, pagoda utama Saigon, Đức mundur.[4]

Latar kawuryan agama[sunting | sunting sumber]

Ing sawijining negara ing ngendi miturut survei agama wektu kuwi ngandakaké yèn mayoritas Buddha kang cacahé antarané 70 lan 90 persèn,[7][8][9][10] Presiden Diem kang minangka sawijining penganut minoritas Katolik, lan kerep nindakaké diskriminatif, panyiksan, lan pembunuhan marang umat Buddha sajroning kebijakan ngatolik-kaké Vietnam.[11] Diệm tau kandha marang sawijining perwira paling dhuwur, kang lali yèn perwira mau yaiku keturunan Buddhis, "Mapanaké perwira Katolikmu ing daerah sensitif. Gawé wong-wong mau dadi bisa dipercaya."[12] Sapérangan perwira sajroning Tentara Republik Vietnam ngalih ing Katolik Roma amarga prospèk militer wong-wong kuwi manut marang babagan mau.[12] Ing instansi pamréntah, khususé militer, promosi diutamakaké tumrap penganut agama Katolik utawa penganut Buddha kang rila pindhah agama dadi Katolik.[13]

Sapérangan pendeta Katolik Roma uga diwénéhi pasukan pribadhi.[14] Wong-wong mau uga nindakaké konversi peksa sarta njarah, ngedol, lan mbongkar pagoda ing sapérangan aréa, gawé pamréntahan mau dadi ora preduli.[15] Sapérangan desa Buddhis pindhah kanthi massal kanggo golèk bantuan utawa ngindari paksaan saka rezim Diệm.[16] Status "pribadi" kang digawé kanggo Buddhisme déning Perancis, kang meksa idin resmi kang kudu diwajibaké marang wong-wong kang kepéngin nindakaké kegiyatan Buddhis sangareping publik, ora dijabut déning Diệm.[17] Katolik uga kanthi de facto dibebasaké saka kerja paksa, ing ngendi pamréntah majibaké saben warga negara nindakaké, lan Amerika Serikat mbagi bantuan proposional kanggo desa mayoritas Katolik déning rezim Diệm.[18]

Gréja Katolik Roma dadi pemilik lahan paling gedhé ing negara kasebut lan entuk pengecualian khusus sajroning akuisisi properti, lan lahan duwéké Gereja Katolik Roma dibebasaké saka reformasi lahan.[19] Bendera Vatikan tansah ana ing sekabèhing acara utama publik ing Vietnam Selatan,[20] lan Diệm ndédikasikaké negarané marang Bunda Maria taun 1959.[18]

Ora maremé Buddhis mletus jalaran sawijining larangan ing wiwitan Mei kanggo ora ngibaraké gendéra Buddhis ing Huế ing dina Waisak, dina lairé Buddha Gautama. Sadurungé dina kuwi, para umat Katolik nindakaké pangibaran gendéra Vatikan ing sawijining acara kanggo Uskup Agung Hue Ngo Dinh Thuc, sedulur paling tuwa Diem. Saklompok gedhe Buddhis banjur mrotes pelarangan kasebut, nuntut pamréntah supaya ngolèhi ngibaraké gendéra Buddhis ing dina Waisak lan obah ing Gedung Dewan Pemerintah. Pasukan pamréntah banjur nyerang klompok mau, matèni wong sanga. Penolakan Diệm kanggo bertanggung jawab — Dhéwéké disalahaké lumantar matiné Viet Cong — nyebabaké protes Buddhis supaya ngolèhi ngibaraké gendéra Buddhis ing dina Waisak lan bergerak ing Gedung Dewan Pemerintahan. Pasukan pamréntah banjur nyerang klompok kasebut, matèni wong sanga. Penolakan Diệm ana candhaké lan njaluk limang panyuwunan:[21]

  1. Nyabut larangan ngibaraké gendéra Buddhis tradisional
  2. Mènèhi hak kang padha umat Buddhis karo Katolik
  3. Mandegaké penganiayaan tumrap kaum Buddhis
  4. Mènèhaké biksu dan biksuni hak kanggo praktek lan nyebaraké agama Buddha
  5. Mènèhi kompensasi tumrap para korban lan ngukum para pelaku penganiayaan

Senajan mangkono, Diem tetep ora gelem ngabulaké tuntutan Buddhis, frekuensi protes uga sangsanya mundak.

Ngobong Awak[sunting | sunting sumber]

Foto saka jurnalis Malcolm Browne nalika Quang Duc ngobong awak. Sawijining foto kang menang ing World Press Photo of the Year 1963.[22]

Ing tanggal 10 Juni 1963, koresponden AS diinformasikaké yèn sawijining wigati besuk bakal kedadéyan ing sawijining dalan ing njaba kedutaan Kamboja ing Saigon. [23] Akèh-akèhé wartawan ora nengenaké pesen mau amarga krisis Buddha wis lumaku luwih saka sewulan, lan dina candhaké mung saperangan jurnalis kang katon, kayata David Halberstam saka The New York Times lan Malcolm Browne, kepala biro Associated Press Saigon.[23] Đức teka minangka bagéyan saka prosèsi ing sawijining pagoda sacedhaké kuwi. Udakara 350 biksu lan biksuni baris ing rong ruas, diwiwiti déning sawijining sedan Westminster gaweyané Austin kang nggawa spanduk kang dicetak sajroning basa Inggris lan Vietnam. Wong-wong mau ngecam pamréntahan Diệm lan kawicaksanané marang kaum Buddhis, sarta nuntut nuruti janji kesetaraan agama.[23] Biksu liyané sempet nawakaké dhéwéké, ananging nggungu senioritas Đức.[2]

Prastawa mau kedadéyan ing persimpangan [b] Jalan Phan Đình Phùng (saikine Jalan Nguyen Dinh Chieu) lan Jalan Le Van Duyet (saikiné Jalan Cach Mạng Thang Tam) kang dumunung ing barat daya Istana Presidensial (saikiné Istana Reunifikasi). Duc métu saka mobil mau bebarengan karo biksu loro liyané. Salah sawijiné biksu mapanake tlemek lungguhan ing tengahing dalan déné biksu kaping loroné mbukak bagasi lan ngetokaké bènsin limang galon. Wong-wong banjur mbentuk bunderan banjur pada ngiteri, lan Duc lungguh kanthi posisi teratai (kang minangka posisi meditasi Buddhe tradisional) ing dhuwure tlemek lungguhan. Sawijining murid nyiram sekabèhing kontainer bensin ing badan Đức. Đức muter kalung doa kang digawé saka kayu lan maca paritta Nianfo ("pakurmatan kanggo Buddha Amitābha") sadurungé korek disumet lan geniné ngobong awaké. Geni banjur ngobong jubah lan awaké, lan keluk werna ireng metu saka awaké kang kobong.[23][24]

Tembung-tembung pungkasan Quang Duc sadurungé ngobong awak dicathet ing sawijining surat kang ditinggalaké:

Sadurungé mripatku daktutup lan nyedhakaké dhiri marang Buddha, kanthi kebak rasa urmat aku njaluk marang Presiden Ngo Dinh Diem kanggo nuduhaké sithik rasa welas asih marang rakyat lan nindakaké kesetaraan agama kanggo mertahanaké kekuwatan negeri iki selawasé. Aku uga ngundhang wong-wong mau kang minulya, kang paling kinurmatan, anggota-anggota sangha, lan Buddhis awam kanggo kanthi solider nindakaké pengorbanan sajroning nglindungi Buddhismé.[4]

David Halberstam kandha:

Aku arep ngemataké manèh, ananging sapisan waé wis cukup. Geni mau ana saka sawijining wong; awaké kanthi alon-alon garing, werna sirahé dadi ireng lan dadi areng. Ing udara mambu daging manungsa kobong; sawijining manungsa kanthi ngagètaké kobong kanthi cepet. Ing mburiku, aku bisa krungu swara tangising para warga Vietnam kang saikiné wis kumpul. Aku syok banget kanggo nangis, bingung banget kanggo nyatet utawa ngajukaké pitakonan, lan bingung banget kanggo mikir. Nalika kobong, dhéwéké ora tau obah senajan sithik, ora gawe swara, ketenangané bedha karo wong-wong kang meratap ing sakubengé. [25]

Saikine, mobil kang digunakaké Quang Duc kanggo lunga nalika ngobong awaké disimpen ing Pagoda Thien Mu Huế.
Mobil Quang Duc, Desember 2011

Polisi nyoba njankau, ananging ora bisa nembus barisan bunderan kang digawé dening para Buddhis. Salah sawijining polisi malah bersujud ing sangareping Duc kanggo ngurmati.[2] Para penonton akèh-akèhé mung meneng, ananging sapérangan ing antarané nangis lan ngucapaké donga. Akèh biksu lan biksuni, sarta saperangan wong lumantar syok, sujud ing sangareping sang biksu kang kobong.[2]

Ing basa Inggris lan Vietnam, sawijining biksu ngomong lumantar mikrofon, "Sawijining pendeta Buddha ngobong awaké nganti mati. Sawijining pendéta Buddha dadi sawijining martir." Sawisé kobong sepuluh menit, sekabèhing badan Duc wis dadi angus kabèh lan badané ceblok ing mburi lan gegeré gumlétak. Sawisé geni mati, seklompok biksu nutupi awaké kanthi jubah kuning, njunjung, lan nglebokaké ing sawijining peti, ananging salah sawijining anggota badan ora bisa dilurusaké lan salah siji lengené metu saka kotak kayu nalika digawa ing pagoda Xá Lợi ing Saigon tengah. Sanjabaning pagoda, sawijining pelajar masang spanduk tulisane: "Sawijining pendeta Buddha wis ngobong awaké demi limang panjaluké."[23]

Nalika jam 13.30, udakara séwu biksu kumpul saperlu nganakaké patemonan sawetara sakumpulan gedhe pelajar pro-Buddhis jaga-jaga ing sakubengé. Patemon bakal rampung lan kabèh kejaba atusan biksu ninggalaké papan panggonan kanthi alon-alon. Meh sèwu biksu lan warga sipil ing papan panggonan kobongan. Déné para polisi terus ngiteri. Ing jam 18.00, telung puluh biksuni lan nem biksu dicekel amarga nganakaké donga bebarengan ing dalan ing sajabaning Xá Lợi. Polisi ngepung pagoda, menging wong mlebu lan gawé pengamanan ketat karo pasukan mawa gegaman kang dilengkapi perlengkapan anti huru-hara.[26] Soré kuwi, éwonan warga Saigon ngeklaim wis deleng kenampakan pasuryané Buddha ing langit nalika srengéngé angslup. Wong-wong mau ngeklaim yèn ing kenampakan mau Buddha lagi nangis.[3]

Panguburan lan Akibat[sunting | sunting sumber]

Sawisé aksi ngobong awak, AS mréntahaké Diệm supaya mbukak parundingan manèh. Diệm banjur njadwalaké patemonan kabinet darurat jam 11.30 ing tanggal 11 Juni kanggo ngrembug krisis Buddha kang diyakini bakal suda. Amarga patining Quang Duc, Diệm mbatalaké patemonané lan ketemu kanthi pribadhi karo mentri-mentriné. Pamangku jabatan (acting) Duta Besar AS ing Vietnam Selatan William Trueheart ngèlingaké Nguyen Dinh Thuan, Sekretaris Negara Diệm, supaya cepet-cepet nganakaké sawijining parundingan, lan ngomong yèn kahanan mau "mbebayani amarga kritis" lan ing pangajap Diệm nuruti limang perkara kang dijaluki umat Buddhis. Sekretaris Negara Amerika Serikat Dean Rusk ngèlingaké kedutaan Saigon yèn Gedung Putih bakal ngumumaké kanthi binuka menawa ora bakal manèh ngasosiasi dhiri marang rezim yèn babagan mau ora ditindakaké [27] Sawijining Komunike Bersama lan konsèsi kanggo kaum Buddhis ditandatangani tanggal 16 Juni.[28].


15 Juni dadi tanggal kang dipilih kanggo panguburan, lan ing dina kuwi wong cacah 4.000 kumpul ing njaba pagoda Xá Lợi, ananging acara mau diundhur. Ing tanggal 19 Juni, badan Đức digawa saka Xa Loi tumuju kuburan 16 kilometers (9.9 mi) ing sisih kidul kutha amarga arep dikrémasi manèh lan dikubur. Sawisé penandatanganan Komunike Bersama, adhedhasar pasarujukan udakara 400 biksu kang oleh tek.[28]

Referensi[sunting | sunting sumber]

  1. ^ Fauzani Mufid. "Imolasi Diri: Membakar Tirani Lewat Tubuh", Prioritas News, Edisi II Tahun 1 (23 - 29 Januari 2012). 
  2. ^ a b c d Karnow 1997, p. 297
  3. ^ a b Jacobs 2006, p. 148
  4. ^ a b c Nhị Tường 2005.
  5. ^ Huỳnh Minh 2006, pp. 266–267.
  6. ^ a b c Huỳnh Minh 2006, p. 268
  7. ^ Gettleman 1966, pp. 275–276, 366
  8. ^ Unattributed 1963a
  9. ^ Tucker 2000, pp. 49, 291, 293
  10. ^ Ellsberg 1971, pp. 729–733
  11. ^ Tucker 2000, p. 291
  12. ^ a b Gettleman 1966, pp. 280–282
  13. ^ Harrison 1963b, p. 9
  14. ^ Warner 1963, p. 210
  15. ^ Fall 1963, p. 199
  16. ^ Buttinger 1967, p. 993.
  17. ^ Karnow 1997, p. 294
  18. ^ a b Jacobs 2006, p. 91
  19. ^ Buttinger 1967, p. 933.
  20. ^ Harrison 1963a, pp. 5–6
  21. ^ Jacobs 2006, pp. 140–50
  22. ^ Browne 1963
  23. ^ a b c d e Jacobs 2006, p. 147
  24. ^ Jones 2003, p. 268
  25. ^ Halberstam 1965, p. 211
  26. ^ Jones 2003, p. 270
  27. ^ Jones 2003, p. 272.
  28. ^ a b Hammer 1987, p. 149.

Bibliografi[sunting | sunting sumber]

Pranala Njaba[sunting | sunting sumber]

Commons-logo.svg
Wikimedia Commons gadhah galeri bab: