Tari Topèng

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Tari Topeng)
Jogèd Topèng

Jogèd Topèng inggih punika jogèdan ingkang penarinipun ngagem topéng. Topéng sampun wonten ing Indonesia wiwit jaman pra-sajarah. Kanthi jembar dipun-ginakaken ing jogèd ingkang dados péranganing upacara adat utawi panyariosan malih cariyos-cariyos kuna saking para leluhur. Dipunyakini bilih topeng gegayutan caket kaliyan roh-roh leluhur ingkang dipunanggep minangka interpretasi déwa-déwa. Ing manéka suku, topéng taksih pengias manéka kagiyatan seni lan adat saben dintenipun.[1]

Cariyos klasik Ramayana lan cariyos Panji ingkang ngrembaka wiwit atusan taun kapengker dados inspirasi utama wonten ing penciptaan topeng ing Jawa. Topeng-topeng ing Jawa dipundamel saperlupementasan sendratari ingkang nyariosakken kisah-kisah klasik mau.[1]

Jogèd Topeng saged ngrujuk tumuju ing manéka wujud kesenian:

Macam Jogèd Topeng[besut | besut sumber]

Topeng Dayak[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Dayak

Ing tlatah Pulo Kalimantan, suku Dayak migunakaken topeng ing Jogèd Hudog ingkang asring dipunmainaken ing upacara keagamaan saking kelompok suku Dayak Bahau lan Modang. Jogèd punika dipunmaksudaken kanggé pikantuk kekiyatan kanggé nglawan gangguan hama perusak taneman lan nyuwun dipunparingi kesuburan kanthi kasil panen ingkang kathah. Topeng ingkang dipun-ginakaken aerni pethak, cemeng, lan abrit ingkang nglambangaken kekiyatan alam ingkang badhé mbekta tirta lan nglindhungi taneman ingkang dipuntanem.[1]

Topeng Bali[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Bali

Kawontenan topeng ing masarakat Bali gegayutan caket kaliyan upacara keagamaan Hindhu,amargi kesenian luluh ing agama lan masarakat. Jogèd Topeng Bali inggih punika minangka sawijining tradhisi ingkang kenthel kaliyan nuansa ritual magis, limrahipun ingkang dipuntingalaken ing tengah masarakat inggih punika seni ingkang dipunsakralaken. Tuah saking topeng ingkang merepresentasikan déwa-déwa dipunpitadosi saged nganugrahaken katentreman lan kaslametan.[2]

Topeng Cirebon[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Cirebon

Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Jogèd Topeng Cirebon

Jogèd Topeng Cirebon inggih punika kesenian jogèd topeng ingkang ngrembaka ing tlatah Cirebon, Jawa Barat.[2]

Topeng Malang[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Malang

Topeng Malang inggih punika kesenian jogèd topeng saking daerah Malang, Jawa Timur. Cariyos ingkang dipunbektakaken limrahipun saking cariyos Panji ingkang nyyariosaken kisah asmara Raden Panji Asmoro Bangun (Inu Kertapati) kaliyan Putri Sekartaji (Chandra Kirana).[2]

Topeng Réyog[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Réyog

Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Réyog Ponorogo

Langkung lazim dipunsebut jogèd Réyog Ponorogo, jogèd punika ugi ngagem topeng ingkang asalipun saking tlatah Ponorogo.[2]

Topeng Ireng[besut | besut sumber]

Jogèd Topeng Ireng

Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Topeng Ireng

Topeng Ireng inggih punik satunggaling wujud tradisi seni pertunjukan ingang berasimilasi kaliyan budaya lokal Jawa Tengah. Topeng Ireng ingkang ugi dipunkenal minangka kesenian Dayakan punika minangka wujud jogèd rakyat kreasi énggal ingkang minangka asiling metamorfosis saking kesenian Kubro Siswo.[3]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c [1]
  2. ^ a b c d [2]
  3. ^ [3]