Beksan Topèng

Jogèd Topèng inggih punika jogèdan ingkang penarinipun ngagem topèng. Topèng sampun wonten ing Indonesia wiwit jaman prasajarah. Kanthi jembar dipunginakaken ing jogèd ingkang dados péranganing upacara adat utawi panyariosan malih cariyos-cariyos kuna saking para leluhur. Dipunyakini bilih topèng gegayutan caket kaliyan roh-roh leluhur ingkang dipunanggep minangka interprétasi déwa-déwa. Ing manéka suku, topèng taksih pengias manéka kagiyatan seni lan adat saben dintenipun.[1]
Cariyos klasik Ramayana lan cariyos Panji ingkang ngrembaka wiwit atusan taun kapengker dados inspirasi utama wonten ing penciptaan topèng ing Jawa. Topèng-topèng ing Jawa dipundamel saperlu pementasan sendratari ingkang nyariosakken kisah-kisah klasik mau.[1]
Jogèd Topèng saged ngrujuk tumuju ing manéka wujud kesenian:
Macam Jogèd Topeng
[besut | besut sumber]Topèng Dayak
[besut | besut sumber]
Ing tlatah Pulo Kalimantan, suku Dayak migunakaken topeng ing Jogèd Hudog ingkang asring dipunmainaken ing upacara keagamaan saking kelompok suku Dayak Bahau lan Modang. Jogèd punika dipunmaksudaken kanggé pikantuk kekiyatan kanggé nglawan gangguan hama perusak tuwuhan lan nyuwun dipunparingi kesuburan kanthi kasil panèn ingkang kathah. Topèng ingkang dipunginakaken warni pethak, cemeng, lan abrit ingkang nglambangaken kekiyatan alam ingkang badhé mbekta tirta lan nglindhungi tuwuhan ingkang dipuntandur.[1]
Topèng Bali
[besut | besut sumber]
Kawontenan topèng ing masarakat Bali gegayutan caket kaliyan upacara keagamaan Hindhu, amargi kesenian luluh ing agama lan masarakat. Jogèd Topèng Bali inggih punika minangka sawijining tradhisi ingkang kenthel kaliyan swasana ritual magis, limrahipun ingkang dipuntingalaken ing tengah masarakat inggih punika seni ingkang dipunsakralaken. Tuah saking topèng ingkang merepresentasikan déwa-déwa dipunpitadosi saged nganugrahaken katentreman lan kaslametan.[2]
Topèng Cirebon
[besut | besut sumber]
Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Jogèd Topèng Cirebon
Jogèd Topèng Cirebon inggih punika kesenian jogèd topèng ingkang ngrembaka ing tlatah Cirebon, Jawa Barat.[2]
Topèng Malang
[besut | besut sumber]
Topeng Malang inggih punika kesenian jogèd topèng saking daerah Malang, Jawa Timur. Cariyos ingkang dipunbektakaken limrahipun saking cariyos Panji ingkang nyyariosaken kisah asmara Raden Panji Asmoro Bangun (Inu Kertapati) kaliyan Putri Sekartaji (Chandra Kirana).[2]
Topèng Réyog
[besut | besut sumber]
Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Réyog Ponorogo
Langkung lazim dipunsebut jogèd Réyog Ponorogo, jogèd punika ugi ngagem topèng ingkang asalipun saking tlatah Ponorogo.[2]
Topèng Ireng
[besut | besut sumber]
Artikel utama kanggé pérangan punika inggih Topèng Ireng
Topèng Ireng inggih punik satunggaling wujud tradhisi seni pertunjukan ingkang berasimilasi kaliyan budaya lokal Jawa Tengah. Topèng Ireng ingkang ugi dipunkenal minangka kesenian Dayakan punika minangka wujud jogèd rakyat kréasi énggal ingkang minangka asiling metamorfosis saking kesenian Kubro Siswo.[3]