Tari Remo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Jogèd Remo Jawa Wétan.

Jogèd Remo punika jogèd kanggé pengantar ludruk, dipunperagaaken kaliyan tiyang jaler. Nanging, wonten ing kemajuan jaman jogèd punika dipunparagakaken kaliyan tiyang èstri. Jogèd remo asalipun saking kitha Jombang. Remo punika dipunmangertosi rekma (rambut), amargi wonten salah satungaling obahan ingkang ngudhari rambut utawi rekma.[1] Gerakan punika mau tatasan ure rekmo.[1]

Wewaton Jogèd Remo[besut | besut sumber]

Jogèd Remo punika sampun wonten wiwit warsa 1907, sareng kaliyan medalipun acara besud utawi besutan. Jogèd remo ing wekdal sapunika boten dados jogèd kanggé miwiti ludruk, nanging sampun dados jogèd kanggé nyambut tamu saking Jawa Wétan.

Tata Gerak[besut | besut sumber]

Ciri utami jogèd remo saking obahan suku ingkang rancak kaliyan dinamis.[2] Penari jogèd remo ngagem lonceng-lonceng, kanggé obahan punika.[2] Karakteristik jogèd remo inggih punika gerak selendang utawi sampur, gerak anggukan kaliyan godekan mustaka, ekspresinipun pasuryan, kaliyan jaran-jaran penari.[2]

Manfaatipun Jogèd Remo[besut | besut sumber]

Jogèd remo punika kanggé pambikaipun adicara utawi pertunjukan. Jogèd remo tumuwuh kaliyan seni ludruk.[3] Jawa Wétan kondhang saking kabudayan ingkang inggil, inggih punika saking ibu kitha Jawa Wétan, Surabaya.[3]

Surabaya sampun dikenal dados kitha pahlawan. Babagan punika dadosaken kabudayan Surabaya dados kabudayan ingkang inggil kaliyan keras. Ing kitha Surabaya wonten jogèd ingkang cariyos babagan pangeran ingkang medan perang, jogèd punika dipunmangertosi dados Jogèd Remo.

Motifipun Jogèd Remo[besut | besut sumber]

Motifipun jogèd remo wonten 3, inggih punika mustaka, salira, gerak asta, gerak suku.[1]

Mustaka[besut | besut sumber]

  1. Tegak, pangawasipun wonten ngajeng
  2. Paninggalipun noleh nengen
  3. Paninggalipun noleh ngiwa
  4. Gedhegan (obahing mustaka)
  5. Gedheg sandal pancing
  6. Paninggalipun nginggil
  7. Paninggalipun ngisor

Salira[besut | besut sumber]

  1. Tegak
  2. Ngeloyot

Gerak Asta[besut | besut sumber]

  1. Pentongan, merentangkan tangan
  2. Ngendewa
  3. Tanjak keris
  4. Kebat sampur
  5. Seblak sampur
  6. Atrap iket
  7. Ngilo
  8. Ukel suweng
  9. Ore rekmo
  10. Ongkekan
  11. Ulap-ulap bumi langit

Gerak Suku[besut | besut sumber]

  1. Tanjek
  2. Junnjungan
  3. Geduk
  4. Labas
  5. Jluwet
  6. Ngayam alas

Piranti Musik Jogèd Remo[besut | besut sumber]

Jogèd Remo punika iringanipun ngagem gamelan kawujud bonang, saron, gambang, gender, slentem, siter, seruling, ketuk, kenong, kempul, gong lan irama slendro.[2] Gendinganipun ngagem gendingan jula-juli Suroboyo tropongan, padatanipun ngagem walang kekek,gedong rancak, krucilan kaliyan sanèsipun.[2]

Tata Wusana Jogèd Remo[besut | besut sumber]

Ageman jogèd remo punika warni-warni gaya, inggih punika:

  • Surabayaan
  • Malangan
  • Sawunggalingan

Ageman penari Jawa Wétan gadhah ciri khas piyambak. Damel ageman cemeng kaliyan clana bludru cemeng kaliyan pernak-pernik emas lan batik, sabuk, kalehan keris.[4] Ing wentis nengen, penari ngagem selendang ngantos soca wuku, lan penari èstri ngagem sanggul.[4]

Ageman Surabayan[besut | besut sumber]

Ageman Surabayaan inggih punika iket abrit, ageman ingkang boten gadhah kancing, saking gaya karaton abad 18-an.[4] Ndamel clana ngantos wengkelan ingkang dikaitaken jarum emas, sarung batik Pesisiran ingkang gantung ngantos jengku, setagen ing pamekan, keris ing wingking.[4] Penari ndamel kaleh selendang, ingkang di selipaken ing pamekan lan satunggale di selipaken ing pamidhangan, ugi damel gelang wuku.[4]

Ageman Sawunggaling[besut | besut sumber]

Ageman malangan punika sami kaliyan ageman surabaya, bedanipun ingkang kaus pethak lengen panjang.[4]

Ageman Malangan[besut | besut sumber]

Ageman malangan punika sami kaliyan ageman surabaya, bedanipun clana ing ageman malangan boten dikaitaken jarum.[4]

Ageman Jombangan[besut | besut sumber]

Ageman jombangan sami kaliyan sawunggaling, nanging ing ageman jombangan penari boten damel rompi.[4]

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. a b c Struktur Tari Remo(Dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)
  2. a b c d e Tari Remo(Dipunundhuh tanggal 26 September 2012)
  3. a b Fungsi tari remo(Dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)
  4. a b c d e f g h Busana Remo(Dipunundhuh tanggal 10 Oktober 2012)

Pranala njaba[besut | besut sumber]