Beksan Bali

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Tari Bali)
Jogèd Bali

Jogèd Bali inggih punika jogèd ingkang asalipun saking Bali.[1]

Beksan Bali boten namung gumantung saking alur cariyos.[1] Ancas ingkang utama penari Bali inggih saperlu narikaken saben tahap obahan lan rerangkén kanthi ékprési ingkang total.[1] Kecantikan jogèd Bali katingal ing obahan-obahan ingkang abstrak lan éndah.[1] Jogèd-jogèd Bali ingkang paling misuwur antawisipun Jogèd Pendet, jogèd gabor, baris, jogèd sanghyang lan Jogèd Legong.[1]

Jogèd Bali sapérangan ageng gadhah makna religius.[2] Wiwit taun 1950-an, kanthi perkembangan pariwisata ingkang rikat, manéka jogèd sampun dipuntingalaken ing pawiyatan-pawiyatan njawi keagamaan kanthi manéka modifikasi.[1]

Kategori[besut | besut sumber]

Jogèd Bali saged dipunkategorikaken dados tigang jinis, wali (sakral) utawi bebali (upacara) saha balih-balihan (panglipur).[1] Jogèd wali saha bebali saged dipuntarikaken ing papan saha wekdal tartamtu.[1] Jogèd wali dipunpentasaken ing plataran pérangan lebet pura lan jogèd bebali ing plataran tengah (jaba tengah).[1] Déné kosok wangsulipun jogèd balih-balihan dipuntarikaken ing plataran njawi (jaba sisih) wonten ing acara ingkang sipatipun namung panglipur.[1]

Wali[besut | besut sumber]

Jogèd Rejang
Jogèd Baris
Jogèd Pendet
Jogèd Sanghyang
Jogèd Barong

Jogèd wali, minangka jogèd sakral, dipunpentasaken ing plataran pérangan lebet Pura (jeroan).[2] Jinisipun:

  • Rejang, jogèd ingkang dipuntampilkan déning wanodya kanthi kelompok ing plataran Pura nalika wonten upacara.[3] Jogèd rejang gadhah obahan ingkang prasaja saha lemah gemulai.[3]
  • Baris, jinis jogèd kakung, dipuntarikaken kanthi obahan ingkang maskulin.[4] Alalipun saking tembung baris ingkang tegesipun prajurit, jogèd punika dipunbektakaken kanthi kelompok, ingkang saben kelompok isinipun 8 dumugi 40 penari.[4]
  • Jogèd Pendet, minangka jogèd pambuka upacara ing pura. Penari ingkang kasungsun saking para wanita diwasa menari sinambi bekta piranti sesajen.[2] Gerakan Jogèd Pendet langkung dinamis tinimbang Jogèd Rejang.[5] Sapunika, Jogèd Pendet sampun dipuntarikaken saperlu panglipur, mliginipun minangka jogèd penyambutan.
  • Sanghyang Dedari minangka jogèd ingkang nglebetaken unsur-unsur "kerasukan" saperlu ngibur déwa-dewi, nyuwun berkah saha tolak bala.[2]
  • Barong minangka seni jogèd ingkang nyariosaken paprangan antawising kabecikan kaliyan kanisthan.[2] Tokoh utama inggih punika barong, kéwan mistik ingkang dipunperanaken kalih penari kakung, satunggaling tiyang dolanan sirah kaliyan suku ngajeng, satunggal malih dados suku wingking lan buntut.[6]

Bebali[besut | besut sumber]

Bebali minangka jinis jogèd upacara, limrahipun dipunpentasaken ing plataran tengah pura.[2] Jogèd punika sipatipun ing antawising sakral lan panglipur.[2]

  • Gambuh, minangka sendratari Bali ingkang paling sepuh.[1] Musik, literatur lan kosakata ingkang dipungiinakaken ing tarianipun dipunandhapaken saking periode Majapahit ing Pulo Jawa.[1] Pertunjukkan punika limrahipun dipuntingalaken ing pura nalika dinten-dinten riyaya saha upacara.[1]

Balih-balihan[besut | besut sumber]

Balih-balihan minangka jinising jogèd ingkang sipatipun non-religius lan langkung dados panglipur.[2] Dipuntampilaken ing plataran ngajeng ngajeng utawi njawi pura.[2] Jinis-jinisipun:

  • Janger inggih punika jogèd pergaulan ingkang dipunbektakaken déning penari kakung punapa déné wanita.[7] Penari putri nganggé makutha kanthi wujud merak awerni emas lan rerenggan godhong klapa garing.[8] Sapérangan ageng jogèd dipuntingalaken kanthi posisi lenggah, kanthi obahan tangan, bahu, saha mripat.[2]
  • Kebyar utawi kekebyaran saged dipuntarikaken kanthi solo, duet, trio, kelompok utawi ing sendra jogèd.[9] Jogèd punika dipuniringi kanthi dolanan gamelan gong kebyar.[9]
  • Legong minangka jogèd ingkang dipunciptakaken déning Pangeran Sukawati kanthi dhasar mimpi ningali widadari.[2] Penari legong ingkang cacahipun 3 penari ndherekalunan gamelan semar pagulingan.[1]
  • Kecak minangka jogèd ingkang rame ingkang dipunbektakaken ing wayah dalu muteri "api unggun".[2] Dipuntampilaken déning satunggal atus utawi langkung tiyang kakung sinambi lelenggahan, ingkang dipunpandegani déning pendeta ing tengah-tengah. Jogèd kecak boten diiringi musik, nanging namung tepukan telapak tangan ingkang nggebuk pérangan-pérangan badan saperlu ngasilaken swara. Sinambi ngucapaken tembung-tembung "cak, cak, cak" saperlu ngasilaken sawijining swara unik.[10]

Jogèd topeng[besut | besut sumber]

Ing Bali, topeng dipunanggep sakral, kados ta topeng barong ket (singa), barong macan, (macan), barong bangkal (babi alas), barong lembu (banteng) lan barong landung (raksasa). Narikaken jogèd topeng dipuntindakaken saperlu maenaken cariyos pagesangan nenek moyang, kisah Ramayana utawi riwayat sajarah.

Jogèd topeng ingkang misuwur antawisipun Topeng Pajegan. Jogèd punika dipunpentasaken nalika upacara akil balig (metatah), palakrami, saha karaméan ing salebeting pura. Cariyos Topeng Pajegan dhedhasar Babad Bali ingkang nyariosaken kisah raja-raja Bali lan mantri-menterinipun.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n Indonésian Heritage-Performing Arts. Singapore: Archipelago Press. 1998. kc. 78–79. ISBN 981-3018-35-6.
  2. a b c d e f g h i j k l Dance, Music, and Theaters of Bali, indo.com. Akses:9-12-2012.
  3. a b Rejang, babadbali. Akses:17-12-2012.
  4. a b Baris, babadbali. Akses:17-12-2012.
  5. Pendet, babadbali. Akses:17-12-2012.
  6. Tari Barong, taribarong. Akses:17-12-2012.
  7. [1](dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
  8. [2] Archived 2012-11-28 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 17 Dhésèmber 2012)
  9. a b Kebyar, babadbali. Akses:17-12-2012.
  10. Cak, babadbali. Akses:17-12-2012.

Uga delengen[besut | besut sumber]