Tamtama Abadi (Kakaisaran Persia)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Barkas:Pèrsin warriors from Berlin Museum.jpg
Tamtama Abadi (Kakaisaran Pèrsi), dhékorasi ing Pura Darius ing Susa (510 SM).

Tamtama Abadi utawi Pasukan Abadi (saking Grikenlan: Ἀθάνατοι, Athanatoi, "abadi", saking ater-ater a ("boten") + thanatos ("séda"); kadhangkala dipunsebat "Tamtama Abadi Pèrsi" utawi "Sedasa èwu tamtama abadi") inggih punika nama ingkang dipunparingaken déning Herodotos kanggé nyebat tamtama mirunggan saking Kakaisaran Pèrsi Akhemeniyah.[1][2][3] Tamtama abadi gadhah tugas minangka Garda Imperial lan ugi minangka tamtama adu tempur. Minangka Garda Imperial, Tamtama Abadi gadhah tugas ngayomi kakaisaran manawi wonten serangan saking nagari manca, bilih minangka tamtama tempur, Tamtama Abadi ndhèrèk pamaréntah nalika wonten misi panyerangan dhateng manca, salah satunggalipun nalika ekspansi Kakaisaran Pèrsi lan ing Perang Yunani-Pèrsi. Nalika wekdal taskih damé, Tamtama Abadi gadhah tugas minangka pengawal kaisar. Nama ptamtama punika ing basa Pèrsi kamungkinan inggih punika Anûšiya ('kanca'). Herodotos nggambaraken Tamtama Abadi minangka infantri ingkang dipunpandhégani déning Hydarnes. Tamtama punika cacahipun wonten 10.000 tamtama. Ingkang dipunkearengaken mlebet dados Tamtama Abadi inggih punika namung Pèrsi, Medes, lan Elam. Tamtama Abadi pikantuk pelatian ingkang langkung saé lan abot tinimbang infantri ingkang biyasa kemawon. Sedaya tamtama ing Tamtama Abadi sampun dipunlatih kanthi temen awit alitipun. Siasat ingkang dipun-ginakaken déning Tamtama Abadi inggih punika barisan ngajeng nyerang mengsah lan barisan ingkang wingking nembakaken panah dhateng mengsah. Para tamtama ingkang dadaos Tamtama Abadi inggih punika priyantun jaler ingkang setya tuhu dhateng kaisar lan badhé ngayomi kaisar, sanajan ngantos séda. Tamtama punika dipunsebat minangka "Tamtama Abadi" namung déning Herodotos. Sumber saking Pèrsi piyambak boten nyebataken nama tamtama punika.[4] Kadosipun, Herodotus sampun kléru anggènipun nyebat Anûšiya ('kanca') kaliyan Anauša ('Tamtama Abadi').[4]

Sasanésipun Herodotos, Tamtama Abadi ugi dipunsebataken déning Athenaios[5] (ingkang ngutip Herakleides saking Kyme); Hesykhios[6] (ingkang kliru anggénipun nyebat tamtama abadi minangka detasemen kavaleri); Procopius[7]; sarta sumber-sumber sanès ingkang mendhet data saking Herodotos, Cassius[8] nyebat Tamtama Abadi kanthi mendhet rujukan saking Romawi, lan nyebataken kanthi nama Tamtama tempur.[9]

Nama[besut | besut sumber]

Miturut Herodotos lan Xenophon, tamtama punika dipunparingi nama Tamtama Abadi (Athanatoi) amargi cacahipun tansah tetep, inggih punika 10.000 tamtama. Tamtama Abadi gadhah tradisi utawi paugeran bilih manawi wonten Tamtama Abadi ingkang séda, tatu ingkang parah, utawi sakit, salajengipun dipun-gantos déning tamtama ènggal saéngga cacahipun tamtama punika tansah 10.000, boten kirang lan boten langkung,[10] amargi punika tamtama punika dipunsebat Tamtama Abadi[10][11] Miturut satunggalipun winasis saking Pèrsi, Ardeshir Radpour, sasanésipun cacahipun ingkang tansah tetep, tamtama punika dipunparingi nama Tamtama Abadi ugi amargi tamtama punika boten naté nilar tamtama ingkang sampun séda ing médhan tetempuran. Tamtama Abadi tansah mindhahaken jisim tamtama Abadi ingkang séda lan nebihaken saking paningalipun mengsah, saéngga mengsah jarang ningal wonten tamtama anggota tamtama abadi ingkang séda. Punika ndadosaken prajurit Tamtama Abadi kados boten saged séda.[12] Nama sanès saking Tamtama Abdi inggih punika Melophoroi (Tamtama ingkang ngasta Apel). Nama punika dipunparingakeb déning sajarawan pandhèrèkipun Alexander Agung. Tamtama abadi ngasta tumbak ingkang gadhah panyeimbang wujud logam alit awujud bundheran kanggé ngimbangaken titik abot tumbak. Wujud pangimbang kasebat kados apel saéngga dipunsebat Para Pangasta Apel.[10][13][14]

Sajarah[besut | besut sumber]

Miturut Xenophon, Tamtama Abadi dipundamel déning Koresh ingkang Agung. Nalika wekdal kakuaosanipun Koresh, Kamaharajan Pèrsi Akhemeniyah sukses nelukaken bangsa Assyria, bangsa Bablionia, bangsa Medes, bangsa Kurdi, bangsa Lydia, bangsa Parthia, bangsa Turki, bangsa Armenia, lan bangsa Ionia. Kakuaosanipun kasebar saking Lepen Indus ing India ngnatos dumugi Hellespontos ing Yunani. Amargi kakuaosanipun punika ingkang jembar, Koresh ngraos mbetahaken kaamanan kedah dipuninggilaken.[15]

Panjenenganipun menggalih dhumateng sinten panjenenganipun saged paring kapitadosan kaamanan istananipun........ Panjenenganipun milih sedasa èwu prajurit, ingkang damel kemah ing sakiwa tengenipun pura, njagi panjenenganipun siyang lan dalu, lan ndhèrèk ngancani panjenenganipun manawi tindakan.

Xenophon, Kyrou Paideia.

Nalika wonten perang, Tamtama Abadi gadhah tugas kanggé ngayomi tendha karajan ingkang dipundunungi déning kaisar.[16] Tamtama abadi ndhèrèk perang wonten ing misi nelukaken Koresh ingkang Agung ing Kakaisaran Babilonia Enggal ing taun 547 SM, Kampanye Kambises mungsuh Mesir nalika taun 525 SM lan invasi Darius ingkang Agung dhateng Punjab Kilen lan Sindh ing India sarta Skithia nalika taun 520 SM lan 513 SM.[17] Wonten ing Paprangan Gaugamela nalika taun 331 SM, Tamtama Abadi njagi kaisar Darius III. Kadosipun Tamtama Abadi ugi ndhèrèk sarta wonten ing Paprangan Gerbang Pèrsi nalika taun 330 SM. Aleksander ingkang Agung kasil nelukaken Tamtama Abadi nalika Paprangan Issos nalika 333 SM. Sasampunipun kakaisaran Pèrsi Akhemeniyah runtuh, Tamtama Abadi salajengipun dipunbibaraken.

Perang Yunani-Pèrsi[besut | besut sumber]

Nalika Perang Yunani-Pèrsi, Tamtama Abadi ndhèrèk nyengkuyung Pangepungan Eretria lan Paprangan Marathon nalika taun 490 SM wonten ing invasi ingkang kapisan, sarta Paprangan Thermopylae nalika taun 480 SM lan Paprangan Plataia nalika 79 SM ing invasi ingkang kaping kalihipun.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Herodotos, Historia 7.83.1
  2. Herodotos, Historia 7.211.1
  3. Herodotos, Historia 8.113.2
  4. a b Lendering, Jona. "Immortals, Greek name for an elite regiment in the ancient Achaemenid empire". Iran Chamber Society. Dibukak ing 2011-04-09.
  5. Athenaios (q.v.), Deipnosophistai 12.514C
  6. Hesykhios, Lexicon s.v.
  7. Procopius (1.14.31)
  8. Casius (52.27.1)
  9. Schmitt, Rüdiger. "Immortals". Encyclopaedia Iranica. Dibukak ing 2011-04-09.
  10. a b c Xenophon. Kyrou Paideia 7.41.83
  11. Trikeriotis, John. "The Immortals". 300 Spartan Warriors. Diarsip saka sing asli ing 2010-09-17. Dibukak ing 2011-09-10.
  12. Deadliest Warrior, episode 17.
  13. Athenaios, Deipnosophistai 12. 514B.
  14. Lendering, Jona. "'Immortals'". Livius. Diarsip saka sing asli ing 2010-03-25. Dibukak ing 2011-04-09.
  15. Xenophon, Kyrou Paideia
  16. Arrianos, III, 3.1
  17. "The Immortals- Ancient Pèrsi's Force of Elite Soldiers". The Ancient Standard. Dibukak ing 2011-08-08.

Pranala njawi[besut | besut sumber]