Swatantra lan binatantra (sosiolinguistik)

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Swatantra (uga ingaran otonomi) lan binatantra (uga ingaran hétéronomi) iku pratandha rangkepan kanggo ing warna basa kang marna gegayutan fungsional antara warna-warna basa kang magepokan. Gantha iki ditepungaké William A. Stewart nalika taun 1968 lan dadi sarana mbédakaké basa lan dhialèk.[1]

Paricéda[besut | besut sumber]

Sawiji warna basa ingaran swatantra manawa kaanan budayané swatantra (ora gumantung budaya liya). Bisa kedadèn, sawiji warna basa susunané béda saka warna-warna basa ing sakiwa-tengené. Kaanan iku kang ingaran abstand miturut Heinz Kloss.[1][2] Mula, basa manjila kaya déné Éuskara ingaran swatantra.[2] Ing kaanan ana pirang-pirang warna basa magepokan, basa baku iku kang swatantra awit nduwéni buku ortografi, bausastra, paramasastra, lan sastrané dhéwé.[2] Nganggo istilahé Heinz Kloss, kaanan mangkono arané ausbau, utawa pangembang tumrap basa murih dadi bebaku ing sastra.[2]

Sawiji warna basa ingaran binatantra iku ana gegayutané karo warna basa baku sajeroning kulawarga basa. Panutur basa nedya maca lan nulis nganggo sawiji warna basa kang wujud baku saka basa lésané. Manawa ana owah-owahan saperlu madhakaké basa lésan, warna basa baku iku dadi kéblat.[3] Ing kaanan mangkono, warna basa kang binatantra iku kang gumantung utawa ngéblat warna basa kang swatantra. Nganggo istilahé Heinz Kloss, warna basa binatantra iku ana ing "wewengkon" warna basa baku.[4] Contoné, sawenèh warna basa enggon-enggonan ing Jerman (asring ingaran "dhialèk"), kaya ta Alemannisch, Boarisch, Hessisch Tengah, Wétan, lan Kulon, Kölsch, Plattdüütsch, lan sapanunggalané, iku binatantra marang basa Jerman Baku, masiya akèh-akèhé panutur warna basa iku ora padha silih sumurup.[5]

Kontinum dhialèk pamérangé bisa dhedhasar gegayutan gumantung-orané iki. Contoné, sanadyan warna-warna basa Plattdüütsch kang digunemaké ing sakiwa-tengené wates nagara Walanda lan Jerman iku mèmper banget, warna basa kang digunemaké ing Walanda ngéblat basa Walanda Baku, déné warna basa kang digunemaké ing Jerman ngéblat basa Jerman Baku.[6]

Sarana wewatesan iki, kang arané basa iku warna basa swatantra dalah kabèh warna basa binatantrané.[1][7] Stewart nitèni manawa paricéda liya kang intiné padha wis tau ditulis Charles A. Ferguson lan John J. Gumperz dhèk 1960.[1][8] Nganggo istilah-istilah iki, basa Dhénemarken lan Nurwégen, sanadyan panuturé padha silih sumurup banget, mula ingaran béda basa.[7] Sawaliké, masiya ora padha silih sumurup lan gedhé bédané ing tataran fonologi, sintaksis, lan kosatembung, manéka warna basa ing Cina mula kagolong nunggal basa amarga padha binatantra marang basa Cina Baku.[9] Saèmper, warna basa binatantra bisa ingaran dhialèk saka basa kang pinaricéda sarana iki.[1]

Ganti kaanan[besut | besut sumber]

Swatantra lan binatantra iku yasan sosiopolitis lan ora kawetu awit prabédan sajeroning basa. Mula, kaanan iki bisa ganti sawayah-wayah.[6]

Werna basa kang binatantra bisa ganti kéblat ing basa baku liya jalaran owah-owahan sosial lan politis. Contoné, dhialèk Skånska kang digunemaké ing pojok kidul Swédhen, iku kagolong dhialèk basa Dhénemarken nalika laladan kono isih lumebu Praja Dhénemarken. Sawenèh dasawarsa sawisé laladan iku ganti diwengku Swédhen, warna-warna basa iki lumrahé banjur kagolongaké dhialèk basa Swédhen, masiya dhialèk-dhialèk iku satemené ora owah.[10]

Pambudi nedya ngéntukaké kaanan swatantra asring ana gegayutané karo obahan nasionalis lan yasaning nagara bangsa.[11] Conto sawenèh warna basa kang kasil olèh kaanan swatantra iku basa Sèrbi, Kroasia, lan Bosnia saka basa Sèrbo-Kroasia lan basa Afrikaans, kang sadurungé kagolong dhialèk basa Walanda.[12]

Conto basa kang sadurungé kagolong swatantra nanging saiki kala-kala kagolong binatantra iku basa Occitan, kang kala-kala ingaran dhialèk basa Prancis, lan basa Plattdüütsch, kang kala-kala ingaran dhialèk basa Jerman.[6]

Pratélan tetembungan[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

Cathetan sikil
Bibliografi
  • Ammon, Ulrich (2004), "Standard Variety", ing Wiegand, Herbert Ernst (èd.), Sociolinguistics: An International Handbook of the Science of Language and Society, vol. 1 (édhisi ka-2nd), Berlin: deGruyter, kc. 273–283, ISBN 978-3-11-014189-4.
  • Bisang, Walter (2004), "Dialectology and typology – an integrative perspective", ing Kortmann, Bernd (èd.), Dialectology Meets Typology: Dialect Grammar from a Cross-linguistic Perspective, de Gruyter, kc. 11–45, ISBN 978-3-11-017949-1.
  • Ferguson, Charles A.; Gumperz, John J. (1960), "Introduction", ing Ferguson, Charles A.; Gumperz, John J. (èd.), Linguistic Diversity in South Asia: Studies in Regional, Social, and Functional Variation, Indiana University, Research Center in Anthropology, Folklore, and Linguistics, kc. 1–18.
  • Chambers, J.K.; Trudgill, Peter (1998), Dialectology (édhisi ka-2nd), Cambridge University Press, ISBN 978-0-521-59646-6.
  • Stewart, William A. (1968), "A sociolinguistic typology for describing national multilingualism", ing Fishman, Joshua A. (èd.), Readings in the Sociology of Language, De Gruyter, kc. 531–545, doi:10.1515/9783110805376.531, ISBN 978-3-11-080537-6.
  • Trudgill, Peter (1992), "Ausbau sociolinguistics and the perception of language status in contemporary Europe", International Journal of Applied Linguistics, 2 (2): 167–177, doi:10.1111/j.1473-4192.1992.tb00031.x.
  • —— (2004), "Glocalisation and the Ausbau sociolinguistics of modhèren Europe", ing Duszak, A.; Okulska, U. (èd.), Speaking from the margin: Global English from a European perspective, Frankfurt: Peter Lang, kc. 35–49, ISBN 978-0-8204-7328-4, diarsip saka sing asli ing 2018-09-29, dibukak ing 2016-07-09.