Situs Mantup

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Situs Mantup
Candi-mantub.jpg
Situs Mantup kapernah ing Jawa
Situs Mantup
Pernahé ing Jawa
Tetélan pokok
Cakrik yasanCandhi
KuthaBantul, Daerah Istimewa Yogyakarta
Nagara Indonésia
Koordhinat7°48′56″S 110°25′04″E / 7.815658°S 110.4176415°E / -7.815658; 110.4176415Koordhinat: 7°48′56″S 110°25′04″E / 7.815658°S 110.4176415°E / -7.815658; 110.4176415

-7.815658|110.4176415

Situs Mantup utawa Candhi Mantup iku situs arkéologi wujud pacandhèn ing Désa Baturetna ing Kabupatèn Bantul. Situs iki ingaran Situs Mantup awit pernahé ana ing Dhusun Mantup.

Rerincèn[besut | besut sumber]

Situs Mantup kapernah ing Dhusun Mantup, Désa Baturetna, Kacamatan Banguntapan, Kabupatèn Bantul, ing Daerah Istimewa Yogyakarta.[1] Pernahé ana ing lebak (dataran rendah) Kabupatèn Bantul, 81 m ing ndhuwur lumahing sagara.[2] Situs iki ngadeg 450 m sawétané Kali Semarangan lan 400 m sakuloné Kali Mruwé.[2] Situs-situs liyané kapernah udakara 1 km saka situs iki, kaya ta: Situs Tegalsari, Sampangan, Klodangan (lor-wétan), lan Situs Watu Gilang (kidul).[2] Papan Situs Mantup 0,5 km saloré Dalan Yogyakarta-Wanasari.[1]

Situs iki ditemu ing wulan Juli 1991 nalika pangedhuking lemah pasawahan murih bisané kena ilèn-ilèn.[1] Rikala samana, lumahé pasawahan kono luwih dhuwur tinimbang kalèn ilèn-ilèné.[3] Saka pangedhuk mau kalingkab yèn ana sawatara yasan kang kapendhem 1,4 m ing njero lemah; yasan kidul minangka yasan pisanan kang ditemu.[1] Saka lapisaning lemah, juru stratigrafi njlèntrèhaké yèn ana lapisan awu gunung geni ing situs mau, kang mratandhani bokmanawa situs iki tau kena wlahar Gunung Merapi ing kala kapungkur.[1]

Ing situs iki, ana telung yasan kang ditemu lan kabèh madhep ngulon.[1][2] Telung yasan mau ukurané cilik lan jèjèr saka lor mangidul.[1][2] Yasan lor gedhéné 1,25 m2, yasan tengah gedhéné 1,20 m2, déné yasan kidul gedhéné 1,25 m2.[1] Saka kabèh yasan mau, mung pérangan landhesané waé kang katilas, déné pérangan awakan lan payoné wis ilang.[1][2] Watu-watuning yeyasan telu iki adhapur polosan lan wutuhé bokmanawa tanpa ukiran.[1]

Saka kéblaté lan bahané, telung yasan iki ora saèmper.[2] Iringé yasan saka kutub lor béda saben yasané: yasan lor 270°, yasan tengah 275°, déné yasan kidul 279°.[2] Yasan lor digawé saka bata[1][2] mawa lawangan kang tanpa landhesan, utawa saka awakan langsung notog ing lemah.[2] Yasan tengah digawé saka watu putih,[1] mawa lawangan kang mawa landhesan, kaya lumrahé candhi nanging tanpa undhakan.[2] Yasan kidul uga digawé saka watu putih.[1] Yasan kidul iki mung kari landhesan lan sikilan.[2]

Reca Kalyanasundaramurti[besut | besut sumber]

Reca Kalyanasundaramurti gedhéné 70 cm x 35 cm x 20 cm saka watu andhésit tinemu ing yasan tengah.[1] Reca iki adhapur wong lanang lan wadon jèjèr gandhèngan tangan,[1] kanthi tangan-tangan kang ora gandhèngan padha nyekel barang wujud endhog.[4] Tetemon iki ora kaya adaté awit lumrahé Siwah lan Parwati ora jèjèr.[5] Diwatara, gambar iki nglambangaké dhaupé Siwah lan Parwati.[1] Lumantar tetemon iki, Candhi Mantup diwatara minangka papan panyuwunan pangèstu mungguh dhaupé wong-wong Jawa Kuna supaya sesomahané padha lestari mèmper Siwah lan Parwati.[5][1] Tetemon reca sarta sumuran ing Situs Mantup iki mratandhani yasan iki minangka yasan Hindhu, mligi minangka pamujan Siwah.[1] Reca iki disinggahaké ing Balai Pelestarian Cagar Budaya Yogyakarta.[5]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

Réferènsi[besut | besut sumber]