Sariamin Ismail

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Jujug: pandhu arah, pados
Sariamin Ismail
Sariamin.jpg
Sariamin Ismail
Jeneng pèn "Selasih", "Seleguri" atau "Selasih Seleguri"
Pakarya Guru
Bangsa Flag of Indonesia.svg Indonesia
Suku Minangkabau
Warga nagara Flag of Indonesia.svg Indonesia
Obahan sastra Pujangga Baru
Karya gedhé Kalau tak Untung
Bojo Ismail
Anak Suryahati Ismail, Tini Hadad

Sariamin Ismail ingkang miyos ing Talu, Pasaman, Sumatera Barat, tanggal 31 Juli 1909 saha séda ing Pekanbaru, Riau ing taun 1995 ing yuswa 86 taun inggih punika pujangga wanita ingkang sepisan ing Indonésia.[1] Piyambakipun asring ngginakaken sandhi asma Selasih saha Seleguri, utawi gabungan saking kalih sandhi asma kasebat, inggih punika, Selasih Seleguri. Novelipun ingkang sepisan medal inggih kanthi irah- irahan Kalau tak Untung dipuncithak déning Balai Pustaka ing taun 1934. Piyambakipun ugi aktip nyerat kathah artikel ing media massa saha koran kados ta Pujangga Baru, Panji Pustaka, Asyara, Sunting Melayu, saha Bintang Hindia, piyambakipun ugi sampun nate dados editor ing surat kabar Suara Kaum Ibu ing Padang Panjang nalika taun 1934. Kejawi saking punika, piyambakipun ugi sampun nate kepilih dados anggota parlemen laladan kangge provinsi Riau sasampunipun kepilih ing taun 1947.

Biografi[sunting | besut sumber]

Sariamin miyos kanthi nama asli Basariah ing tanggal 31 Juli 1909 ing Talu, Pasaman Barat. Piyambakipun naté ngampungaken sekolah dasar ing laladan miyosipun, lajeng ing yuswa 10 taun, piyambakipun sampun miwiti nyerat syair saha wujud- wujud puisi sanѐsipun. Sasampunipun lulus ing taun 1921, piyambakipun lajeng nerasaken sekolah dhateng sekolah guru khusus wanita ing Padang Panjang, sah ing yuswa 16 taun sampun kathah nyerat ing mapinten- pinten koran okal kadosta “Pandji Poestaka”. Piyambakipun lajeng dados guru sasampunipun ngrampungaken pendhidhikan ing sekolah guru ing taun 1925. Selasih sepisanan makarya wonten ing Bengkulu lajeng pindhah dhateng Bukittinggo.[2] Lajeng piyambakipun kondur malih ing Padang Panjang ing taun 1930 lan wiwit taun 1939, wiwit mucal malih ing Aceh, lajeng dipunkirim dhateng Kuantan, Riau ing taun 1941.[3] Kejawi mucal dados guru, Sariamin ugi tetep nerasaken anggenipun nyerat kanggé nyekapi kabetahanipun. Lajeng piyambakipun misuwur dados Selasih saking karya novelipun ingkang sepisan. Ing novel kasebat, piyambakipun ugi ngginakaken sandhi asma dados Seleguri, Sri Gunung, Sri Tanjung, Ibu Sejati, Bundo Kanduang, saha Mande Rubiah. Lajeng ing tengahing taun 1930 Sariamin nyerat malih kanggé majalah Poedjangga Baroe. Piyambakipun medalaken novelipun ingkang sepisan, Kalau Tak Untung (If Fortune Does Not Favour) ing taun 1933, ingkang punika ndadosaken piyambakipun dados novelis wanita ingkang sepisan ing sejarah Indonésia. Novelipun dipuncithak déning Balai Pustaka, Lajeng piyambakipun medalaken malih novel sanѐsipun kanthi irah- irahan Karena Keadaan (Because of the Situation), ing taun 1937. Ing antawisipun taun 1928 ngantos 1930, Sariamin dados pandhega ing pakempalan Jong Islamieten Bond, ing Bukittinggi saha dados anggota DPRD Bukittinggi ing taun 1947- 1948.

Asiling Karya[sunting | besut sumber]

  • Kalau Tak Untung (1933)
  • Pengaruh Keadaan (1937)
  • Puisi Baru (1946; poetry anthology)
  • Rangkaian Sastra (1952)
  • Seserpih Pinang Sepucuk Sirih (1979; poetry anthology)
  • Panca Juara (1981)
  • Nakhoda Lancang (1982)
  • Cerita Kak Murai, Kembali ke Pangkuan Ayah (1986)
  • Ungu: Antologi Puisi Wanita Penyair Indonesia (1990)

Cathetan suku[sunting | besut sumber]

  1. ^ (id)[1] Sastra Perempuan Tempo Dulu (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
  2. ^ (id)[2] Penulis Selasih (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
  3. ^ (id) [3] Nama saya Selasih (dipunundhuh tanggal 21 Januari 2013)
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "https://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Sariamin_Ismail&oldid=1015662"