Sèl Saraf

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Sèl Saraf

Sèl saraf utawa neuron yaiku pérangan paling cilik kang nyusun sistem saraf manungsa kang ndarbèni sipat béda saka sèl-sèl awak liyané.[1] Kagunan saka sèl saraf yaiku ngirimaké pesen (impuls) kang wujud rangsang utawa tanggapan.[2]

Ciri-ciri[besut | besut sumber]

Jaringan saraf kawangun saka sèl-sèl saraf (neuron) kang ndarbèni ciri kusus, yaiku ndarbèni ploloran sitoplasma kang dawa.[1] Kajaba kasusun saka neuron, sèl saraf uga kasusun saka sèl neuroglia kang ana ing sistem saraf pusat.[1] Sèl saraf dumunung nyebar ing kabèh awak manungsa.[1] Ing jero siji sèl saraf, sitoplasmané ngandhut ribosom, badan golgi, retikulum endoplasma, lan mitokondria.[1] Neuron éntuk sedhiyan panganan liwat sèl neuroglia kang ngubengi. Neuron kasusun saka awak sèl, dendrit, lan akson.[1] Neuron ndarbèni wangun lan ukuran kang manéka warna. Miturut wanguné, neuron bisa dibédakaké dadi telu, yaiku neuron unipolar, bipolar, lan multipolar.[3] Ing invertebrata, awak sèl padatan ndarbèni ukuran cilik (dhiamèter < 0,1 mm) lan kandelé srabut saraf < 0,01 mm.[3]

Struktur[besut | besut sumber]

Saben neuron kawangun saka siji awak sèl kang ing jeroné ana sitoplasma lan inti sèl. Saka awak sèl metu rong jijis srabut saraf, yaiku dendrit lan akson (neurit).[2] Kagunan awak sél yaiku dadi papan kanggo sintésis neurotransmitter, yaiku senyawa kimia kang wigati kanggo mbiyantu penjalaran impuls kang ngliwati sinaps.[3] Saka awak sèl katon sawatara brenjolan sitoplasmik tumuju njaba lan mbentuk struktur kang diarani dendrit lan akson.[3] Dendrit yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul saka awak sèl saraf, ukurané cendhak udakara 1 mm.[3] Gunggungé dendrit akèh lan nyabang. Kagunan saka dendrit yaiku nampa rangsang lan nggawa rangsang mau tumuju awal sèl.[3] Déné akson yaiku brenjolan sitoplasmik kang methungul uga saka awak sèl kang ndarbèni kagunan nerusaké rangsang tumuju bongkot akson.[3] Ukuran akson paling dawa kanthi bongkot nyabang banget. Akson ana kang digubeti slubung meielin lan ana sing ora kagubet.[3]

Pérangan sistem kerja sèl saraf[besut | besut sumber]

  1. Sèl reseptor: saraf kang nampa rangsang, padatan wujud piranti indra.[1]
  2. Sèl efektor: sèl saraf kang nanggapi rangsang wujud otot lan klanjer.[1]
  3. Sèl saraf sensoris: srabut saraf kang nggawa rangsang tumuju utek.[1]
  4. Sèl saraf motorik: srabut saraf kang nggawa rangsang saka utek.[1]
  5. Sèl saraf konèktor: sèl saraf motorik utawa sèl saraf siji karo sèl saraf liyané.[1]

Cara kerja sèl saraf[besut | besut sumber]

Rangsang kang ditampa déning sèl saraf résèptor banjur ditampa déning sel saraf sènsoris kanggo diterusaké tumuju utek.[1] Pawarta (informasi) kang wis tekan utek banjur diolah, diinterpretasi banjur mènèhi wangsulan marang pawarta kang ditampa mau.[1] Nalika mènèhi wangsulan kang wis ditampa, lakuné pawarta mau digawa saka utek tumuju sèl-sèl saraf motorik banjur kadadèn rèspon wujud obahé awak.[1] Ing obah rèflèks, impuls liwat dalan cendhak utawa dalan jujugan, Diwiwiti saka rèsèptor panampa rangsang, banjur diterusaké déning saraf sènsoris tumuju saraf pusat.[1] Rangsang mau ditampa déning sèl saraf panggandhèng (konèktor) tanpa diolah ing jero utek langsung dikirim tumuju saraf motorik kanggo dikirim menyang èfèktor, yaiku otot lan klanjer.[1] Tuladahané obah rèflèks yaiku nalika mripat kedhèp.[1]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Sistem Kerja Sel Saraf(diundhuh 28 Dhésèmber 2012)
  2. a b Sistem Saraf(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)
  3. a b c d e f g h Neuron(diundhuh 30 Dhésèmber 2012)