Menyang kontèn

Robbie Keane

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Robbie Keane
Informasi Pribadi
Jeneng jangkep Robert David Keane
Tanggal  lair 8 Juli 1980 (umur 45)
Papan  lair    Dublin,  Republik Irlandia
Dhuwur 5 ft 9 in (1.75 m)
Posisi main Second Striker
Club information
Klub saiki Pensiun
Nomer 7
Klub remaja

1995–1997
Crumlin United
Wolverhampton Wanderers
Klub senior1
Taun Klub App (Gls)*
1997–1999
1999–2000
2000–2001
2001
2001–2002
2002–2008
2008–2009
2009-2010
2010-2012
2012-2016
2017-2018
Wolverhampton Wanderers
Coventry City
Internazionale
Leeds United (dipunampilaken)
Leeds United
Tottenham Hotspur
Liverpool
Tottenham Hotspur F.C.
Glasgow Celtic
LA Galaxy
ATK Indhia
073 (24)
031 (12)
006 0(0)
018 0(9)
028 0(4)
197 (80)
000 0(0)
   
Tim Nasional2
1999–2012 Irlandia 081 (33)

1 Panampilan ing Klub senior lan gol
mung diitung ing liga domèstik waé and
correct as of 18:26, 21 Sèptèmber 2020 (UTC).
2 National team caps and goals correct
as of 18:26, 21 Sèptèmber 2020 (UTC).
* Panampilan (Gol)

Robert David "Robbie" Keane (wonten ing basa Irlandia: Roibéard Daithí Ó Catháin; lair ing Tallaght, Dublin, 8 Juli 1980; umur 45 taun) inggih punika juru main bal-balan saking Irlandia ingkang sapunika main ing klub bal Tottenham Hotspur.[1] Keane ugi main wonten ing tim nasional bal-balan Irlandia.[1] Wonten ing tim nasional, Keane pikantuk amanah minangka kapten. Keane dados juru main bal ingkang nglebetaken gol ingkang kathah piyambak tumrap tim nasional. Keane punika juru main bal ingkang gadhah posisi minangka stiker kaping.[1]

Karier klub

[besut | besut sumber]

Keane miwiti karieripun ing jagad bal-balan kanthi main ing sekolah bal-balan ing laladan kidul Dublin Crumlin United, bakataipun ngembang ing yuswa ingkang taksih enem.[2] Keane angsal tawaran saking kalih klub, Liverpool lan Wolverhampton Wanderers, nanging Keane langkung milih main ing klub divisi satunggal Wolverhampton Wanderers, amargi ajrih saingan kaliyan juru main utami saking klub Liverpool.[3] Pungkasanipun Keane, ingkang nalika samanten nembé 15 taun milih klub Wolverhampton, lan mlebet ing tim junior.[4] Karier Keane dados saé nalika main ing tim junnior lan main ing debut internasional nalika yuswa 17 taun. debut punika kalaksanan ing tanggal 19 Agustus 1997, lan Keane saged nglebetaken kalih gol ing gawang Norwich City. Ing mangsa salajengipun Keane main bal kanthi saé sanget saéngga pikantuk gaji ingkang ageng saking manajer Wolves Collin Lee.[5] Keane dados juru main ingkang nglebetaken bal ingkang kathah piyambak ing klubipun, kanthi 16 gol ing mangsa 1998-1999.[3] Amargi keane saged main kanthi saé, kathah klub-klub bal ageng ingkang badhé tumbas Keane. Kanthi kontrak ingkang taksih turah tigang taun, Wolves nyade Keane dhateng tim sanès.[6]

Satunggal minggu sadèrèngipun mangsa kompetisi 1999-2000 dipunwiwiti, Keane dipunsade dhateng klub Liga Inggris Coventry City kanthi regi £6 juta.[6] Sasampunipun sukses main ing klub punika, kanthi 12 gol ing 34 main tandhing, Keane dados aset paling panas liga Inggris.[6] Keane dados inceran kathah klub ageng.[6] Marcello Lippi pelatih Inter Milan sukses angsal tapak namanipun Keane, kanthi regi £13.[7] nanging ing tim punika Keane boten saged masin kanthi saé. Salajengipun Keane dipusade dhateng Leeds United. Wiwitanipun main ing klub Leeds United Keane saged main kanthi saé, saged nglebetaken 9 gol kanthi 14 main tandhing. Nanging salajengipun Keane boten saged main bal kanthi saé, saéngga dipunsade dhateng Tottenham Hotspur kanthi regi £7 juta. Taun 2002, Keane main ing klub Tottenham Hotspur.[1] Ing tim punika Keane main enem taun.[1] Nalika mangsa 2007-2008, Keane saged nglebetaken 23 gol ing satunggal mangsa, ugi sukses damel gol ingkang kaping 100 ing Liga Inggris.[1] Taun 2008, Keane pindah dhateng Liverpool.[1] Ing klub punika keane namung enem sasi kemawon lan wangsul malih dhateng klub Tottenham Hotspur.[1][8]

Jroning Angka

[besut | besut sumber]
Panampilan lan gol adhedhasar klub, mangsa lan kompetisi
Klub Mangsa Liga Piyala nasional Piyala Liga Bawana Liyané Gunggung
DhivisiPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGolPanampilanGol
Wolverhampton Wanderers 1997–98 Dhivisi Utama 381130404511
1998–99 Dhivisi Utama 331122433916
1999–2000 Dhivisi Utama 221032
Wolverhampton Wanderers total 732452938729
Coventry City 1999–2000 Liga Primèr Inggris 311230003412
Inter Milan 2000–01 Serie A 60311141143
Leeds United (silih) 2000–01 Premier League 18920209
Leeds United 2001–02 Premier League 253002363339
2002–03 Liga Primèr Inggris 3131
Leeds United gunggung 46132023635619
Tottenham Hotspur 2002–03 Liga Primèr Inggris 291310203213
2003–04 Liga Primèr Inggris 341431414116
2004–05 Liga Primèr Inggris 351163434517
2005–06 Liga Primèr Inggris 361610103816
2006–07 Liga Primèr Inggris 27115531954422
2007–08 Liga Primèr Inggris 361532521045423
Liverpool 2008–09 Liga Primèr Inggris 195101072287
Tottenham Hotspur 2008–09 Liga Primèr Inggris 145145
2009–10 Premier League 2062132259
Celtic (silih) 2009–10 Liga Primèr Sekotlen 161234001916
Tottenham Hotspur 2010–11 Liga Primèr Inggris 701150131
Tottenham Hotspur gunggung 2389121122310249306122
West Ham United (silih) 2010–11 Liga Primèr Inggris 9210102
LA Galaxy 2011 Major League Soccer 42003141114
Aston Villa (silih) 2011–12 Liga Primèr Inggris 631073
LA Galaxy 2012 Major League Soccer 28160031663723
2013 Major League Soccer 23160053203019
2014 Major League Soccer 29191022523723
2015 Major League Soccer 24202312102825
2016 Major League Soccer 17100020302210
LA Galaxy gunggung 1258333169219165104
ATK 2017–18 Liga Super Indhia 9622118
Gunggung karir 578251452436175724219737325
Panampilan lan gol adhedhasar Tim Nasional lan taun
Tim Nasional Taun Panampilan Gol
Republik Irlan 1998 52
1999 83
2000 92
2001 71
2002 116
2003 74
2004 106
2005 71
2006 64
2007 83
2008 73
2009 116
2010 84
2011 108
2012 81
2013 98
2014 73
2015 52
2016 31
Gunggung14668

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 Robbie Keane dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  2. Keane: Move was a dream dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  3. 1 2 10 Things you need to know about Robbie Keane dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  4. Ten things you did not know about Robbie Keane dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  5. Football: Lee draws small comforts dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  6. 1 2 3 4 Rumours that Keane soon to join Premiership club Archived 2004-01-24 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  7. Keane in £13m Inter Switch Archived 2009-01-13 at Archive.is dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  8. Robbie Keane Akui Akan Hengkang dari Tottenham dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
Robbie Keane
Profil  resmi ing situs web Liverpool