Pura Candhi Untarayana

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Pura Candhi Untarayana inggih menika candhi ingkang dipun-gadhahi déning para umat Hindhu wonten ing Kabupatèn Klathèn. Pura Candhi Untarayana mapan wonten Dhusun Kalangan, Kecamatan Pédan, Kabupatèn Klathèn. Samenika boten wonten éka sraya saking pamaréntah babagan pariwisata dhateng candhi menika. Sedaya panindakan ingkang wonten ing Pura Candhi Untarayana taksih dipuntindakaken déning umat Hindhu wonten ing Kecamatan Pédan ingkang kaimpun wonten pakempalan Parisade Hindhu Dharma Indhonésia wonten Klathèn ugi Kamentrian Agama dhaérah Jawa Tengah.[1]

Wonten ing ajengipun candhi, kawontenan gapura ingkang timbang sih kanthi tinatah rambat awarni cemeng. Gapura ingkang langkung ageng anggadhahi konten kajeng kanthi payon ingkang manunggal kaliyan tatahanipun. Sadèrèngipun mlebet wonten aréa candhi, para wisatawan kedah masuh dhiri ngangge toya ingkang bresih miturut pranatan ingkang sampun kadamel.[2]

Pura Candhi Untarayana menika salah satunggal pura ingkang taksih dipun-ginakaken kanggé sembahyang. Upacanten sembahyang wonten ing candhi menika kalajengaken wonten ing dinten Kemis dalu saha dinten Senèn dalu. Komplèks candhi dipunbikak kanggé sinten kémawon, boten namung kangge umat Hindhu kémawon. Ananging upacanten sembahyang dipunlajengaken kanthi adat agami Hindhu. Pura Candhi Untarayana ugi kabikak kangge kapitadosan sanès kangge semèdi utawi asring kasebut “nglakoni” kangge makantuk pagesangan, pangkat, saha kasarasan. Babagan kasarasan, miturut para pangrèhing candhi wonten ing sisih tengen candhi wonten parigi sumber ingkang limrah dipununjuk déning tetiyang ingkang pados kasarasan saking sesakitipun.[3]

Sajarah[besut | besut sumber]

Pura Candhi Untarayana dipunadegaken déning Pandhita Empu Nabéréka Darmika Sandiyasa wonten ing tanggal 19 Desèmber 2007. Sadèrèngipun kawangun candhi, pasitèn menika asring dipun-ginakaken kangge ameng-amengan bal voli saha bal-balan, ananging asring kadadosan tiyang ingkang patah samparanipun. Ugi asring kadadosan pathining ménda ingkang kaangèn wonten ing pasitèn menika. Para warga sakubengipun pitados menawi wonten babagan ingkang boten leres wonten ing ngriku. Kanggé antuk katerangan saking menapa ingkang kalampahan wonten ing ngriku, Bapa Teja, Bapa Wiyana, Bapa Marsana, Bapa Slameta, Bapa Sugiyarna, Bapa Tata Suwarna, Bapa Supardi, Bapa Brata, Bapa Mulyana, saha Bapa Ragil Widada sami sarujuk kangge mbekta siti menika dhateng Nusa Bali. Wonten ing Bali, siti menika kapasrahaken dhumateng Empu Nabéréka Darmika Sandiyasa.[4]

Piyambakipun lajeng nitahaken kanggé awangun candhi wonten ing pasitèn menika. Wonten ing taun 2003 pangadeganing candhi dipunmilai. Panyèlèhan séla kapisan dipunlajengaken déning sawetawis tiyang saking Bali, Magelang (Jaya Prana), saha warga sakubengipun. Panyèlèhan séla dipunlajengaken amargi séla menika saben dipunpindhah tansah wangsul wonten ing papan sadèrèngipun, lajeng kasarujuk menawi séla menika dipunsèlèhaken wonten ing dhasaring wewangunan candhi.[4]

Boten dangu lajeng dugi Lingga Yoni (lambang Siwa), lingga menika dugi saking Bapa Mohan (Jakarta) ingkang makantuk pitedah supados Lingga Yoni menika dipunsèlèhaken wonten ing Klathèn. Panyèlèhaning Lingga Yoni menika dipunlampahaken wonten ing dinten Senèn Manis, saéngga saben dinten Senèn Manis tansah kalajengaken upacanten pasèlèhaning Lingga.[4]

Nama Untarayana kaparingaken déning warga sesepuh, inggih menika Bapa Tata Suwarna. Ringkesing cariyos nalika wekdal semanten piyambakipun kauningan janur jené ingkang manglung wonten ing sisih wétan candhi, boten dangu Prabu Rama ugi Dèwi Sinta mandhap. Lajeng sasampunipun karembag sesarengan, candhi menika kawastanan Utorayana ingkang kapundhut saking namaning salah satunggal jaman wonten ing jaman Prabu Rama saha Dèwi Sinta. Lajeng wonten ing sasi Sèptèmber taun 2015, Pura Candhi Untarayana dipunbikak kangggé umum dados papan pariwisata.[4]

Kahanan[besut | besut sumber]

Pura Candhi Untarayana mapan wonten ing pakampungan ingkang dadosaken papanggihaning para masarakat saha para wisatawan ingkang dumugi dhateng candhi menika. Samenika peran masarakat wonten ing prosès giyaran Pura Candhi Untarayana sampung saé. Saged katingal saking supeketing masarakat saha sumber daya manungsa nalika nambut wisatawan ingkang rawuh.[1] Kados ingkang sampun kawedharaken wonten ing inggil, Pura Candhi Untarayana dipunbikak kangge umum, ugi boten wonten jam bikak utawi tutupipun. Menawi badhe dhateng wonten candhi, para wisatawan saged mlampah kirang langkung 16,4 kilomèter utawi wekdal kirang langkung 31 menit saking puser Kutha Klathèn. Reginipun tikèt menawi badhe mlebet dhateng candhi inggih menika 3.000 rupiyah saben tiyang saha béaya parkir 2.000 rupiyah saben titihan.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Marsela, Tri (2019). PENGEMBANGAN CANDI UNTOROYONO UNTUK MENINGKATKAN JUMLAH KUNJUNGAN WISATAWAN DI KABUPATEN KLATEN (bachelor thesis) (ing basa Inggris). Sekolah Tinggi Pariwisa Ambarrukmo Yogyakarta.
  2. "Yuk, Kunjungi 9 Candi di Klaten untuk Wisata Sejarah!". keluyuran.com. Dibukak ing 2023-09-26.
  3. Lestari, Weni, dkk. (2016). Kematian Bayi dan Balita: Balutan Mitos, Tradisi & Perubahan Sosial (Etnik Jawa di Kabupaten Klaten). Surabaya: Unesa University Press. kc. 44. ISBN 978-979-028-952-9.
  4. a b c d Wardani, Dewi Ayu Wisnu (2017). "Optimalisasi Pengembangan Obyek Wisata Candi Untoroyono di Dukuh Nayan, Desa Kalangan, Kecamatan Pedan, Kabupaten Klaten". Widya Aksara : Jurnal Agama Hindu (ing basa Inggris). 22 (2). doi:10.54714/widyaaksara.v22i2.23. ISSN 2685-9831.
  5. "9 Candi Kalten Ini Bener-bener Eksotis. Yuk Kesini! – Wedang Kopi Prambanan" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). 2017-12-22. Dibukak ing 2023-09-26.