Pulé putih

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Pulé putih
Alstonia.scholaris.jpg
Wit pulé putih (Alstonia scholaris)
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Asterids
Ordho: Gentianales
Famili: Apocynaceae
Tribe: Plumeriae
Subtribe: Alstoniinae
Génus: Alstonia
Spésies: A. scholaris
Jeneng binomial
Alstonia scholaris
(L.) R.Br.
Alstoniascholaris1.png
Occurrence data from GBIF[2]
Sinonim[3]

Masalah skrip: Modhul "TaxonList" ora ana.

Wit Pulé Putih kang lagi ngembang

Pulé putih duwé jeneng élmiyah Alstonia scholaris utawa Echites scholaris ya iku wit-witan saka kulawarga Apocynaceae. Wit iki dhuwuré bisa nganti 50 mèter lan dhiamèter galihé 200 séntimèter. Galihé wernané klawu enom. Ing sing cawang lengkok-lengkik iki ana tlutuh putih kang rasané pait. Godhongé rosét werna ijo tuwa. Kembangé majemuk werna putih. Wohé kaya polong lan gumantung ing wit. Woh iki bisa pecah nalika wis meteng.

Biologi lan Ékologi[besut | besut sumber]

Goodhong Pulé putih

Pulé putih tuwuh nganggo wiji. Wiji iki kasebar dening angin bisa uga ditandur kanthi cara stèk galih.[4] Kembangé mekrok ing mangsa katiga. Pulé Putih ditemokaké ing Asia. Wit iki tuwuh ing Pakistan, Sri Lanka, Indhi, Bangladesh, Laos, Australia, nganti Solomon. Ing Indonésia tetuwuhan iki thukul ing Sumatera, Papua nganti Nusa kidul wetan. Pulé Putih urip ing lemah kang masir lan kungkum ing banyu. Bisa uga ing pèrèng lan pundhung kang dhuwuré 0-1000 méter ing sadhuwuring samodra.

Piguna[besut | besut sumber]

Kayu Pulé putih

Kayu Pulé putih iki kelebu ing kayu ora awèt. Saéngga dipigunakaké ing konstruksi entheng ing njero omah. Bisa uga didadekaké bubur kertas kanggo piranti gawé pulp panggawé dluwang. Sakliyané iku, kanggo piranti panggawé papan tulis.[5] Godhong Pulé putih duwé khasiat kanggo nambani lara sifilis lan béri-béri. Déné tlutuhé kanggo antiseptik kuman. Wijiné bisa kanggo tamba awak panas, pipis manis, radhang ginjel, malaria,[6] hipertensi lan cacingen.

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. World Conservation Monitoring Centre (1998). "Alstonia scholaris". The IUCN Red List of Threatened Species. IUCN. 1998: e.T32295A9688408. doi:10.2305/IUCN.UK.1998.RLTS.T32295A9688408.en.
  2. GBIF.org (07 June 2018) GBIF Occurrence Download https://doi.org/10.15468/dl.eokqvq Alstonia scholaris (L.) R.Br.
  3. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng GRIN
  4. Partomihardjo, Tukirin dkk. (2014). Jenis-Jenis Pohon Penting di Hutan Nusakambangan. Jakarta: LIPI Pers bersama Yayasan Pustaka Obor Indonesia. ISBN 978-979-799-804-2.
  5. "Manfaat Pohon Pule".
  6. "Khasiat Tanaman Pulai".