Piramida Louvre

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Piramida kaca ageng nalika wanci dalu

Piramida Louvre punika satunggaling piramida kaca lan wesi ageng ingkang dipunubengi déning tigang piramida alit wonten ing taman Musiyum Louvre (Musée du Louvre) ing Paris, Perancis[1]. Piramida utami punika minangka lawang mlebet utami dhateng musiyum. Wangunan punika kapungkasan kabangun ing taun 1989,[2][3] yasan punika dados markah tanah kanggé kutha Paris [4].

Nalika damel rencana pambangunan Piramida kaca kristalin ing lawang mlebet Musiyum Louvre Paris, ingkang kaping pisan dipunkepyakaken ing taun 1980, rencana mau dipuntanggepi kanthi émosi. Kathah tiyang ingkang pitados yasa yasan modhèren ing ngajengipun gedhong ingkang ngandhut sajarah Louvre punika minangka olok-olokan. Wangunan musiyum ageng dipunyasa ing papan ingkang rumiyin kalebet bètèng kuna. Pambangunan mau kawiwitan nalika taun 1546 nalika masa pamaréntahanipun Francois I. Jumeneng minangka kraton raja Perancis dumugi pungkasan abad kaping 17 [5].

Nalika taun 1793, yasan punika resmi dados musiyum publik. Lajeng ing taun 1980 gedhong punika dados ramé, satunggal sisihipun dipun-ginakaken kanggé papan perkantoran pamaréntahan lan pérangan ngajeng dipun-ginakaken kanggé aréa parir mobil. Sapérangan saking Grand Projectipun, Présidhèn Mitterrand nyuwun dhokumèn mau dipunwiyaraken [5].

Desain lan pambangunan[besut | besut sumber]

I.M Pei

Dipunprakarsai déning Présidhèn Perancis François Mitterrand[1] taun 1984, yasan punika dipunrancang déning arsitèk I. M. Pei[1] ingkang gadhah tanggel jawab awit saking ngrancang Musiyum Miho ing Jepang [6]. Struktur ingkang dipunyasa sedayanipun saking kaca dhuwuripun dumugi 20.6 mèter (kirang langkung 70 kaki); pérangan dhasaripun dawanipun sisih 35 mèter (115 kaki). Kapérang dados 603 kaca belah ketupat lan 70 kaca segitiga[7].

Piramida lan lobi ing sangadhaping lemah dipunyasa amargi manéka masalah kaliyan lawang mlebet [1][8] utami Louvre ingkang asli ingkang boten saged nampung para rawuh ingkang kathah dugi saben dinten. Para rawuh ingkang mlebet ngliwati piramida mandhap dhateng lobi lan minggah dhateng yasan utami Louvre. Sapérangan musiyum sanèsipun sampun ngginakaken konsèp punika ingkang kondhang punika Musiyum Pengetahuan lan Industri ing Chicago. Pambangunan dhasar piramida lan lobi sangandhaping lemah punika dipunlampahi déning Dumez[9].

Grand Project[besut | besut sumber]

Piramida Louvre punika kondhang minangka Proyek Ageng Paris [10]. Proyek punika kalampahan sedawaning taun 1980-an awit saking pamrayogi saking Présidhèn Francois Mitterrand (1919 – 1996) kanggé nyiapaken monumen modhèren minangka lambang peranipun Perancis wonten ing babagan seni, pulitik, lan ékonomi donya ing pungkasan abad kaping 20. Proyek ageng sanèsipun punika kalebet Grande Arche de la Defense mawi lapisan marmer, menara kaca Perpustakaan Nasional déning Dominique Perrault, lan Opera Bastille karya Carlos Otts. Gedhung kaca ingkang resmi ing taun 1989 punika dados pengakuan pengetan révolusi ingkang kadadosan ing taun 1789 [5].

Kanthi pamikiran ingkang ringkes punika, aristèk Amérika-Cina, Ieoh Ming Pei [11] manggihaken rencana radikal kanggé mindhah mobil-mobil saking Cour Napoleon ing ngajengipun musiyum lan yasa lawang mlebet plataran gedhong ingkang dipunubengi déning témbok ageng ing sangandhaping lemah. Sapunika, dipuntutup piramida kaca kanthi inggil 70 kaki (22 mèter). Wonten ugi aréa umum ingkang saged karambah kanthi nelusur anak tangga spiral. Proyek punika mekaraken akses dhateng gladri ingkang mapan ing tigang sisih gedhong lan nggampilaken para rawuh muteri gedhong. Minangka tambahan, wonten auditorium énggal, kafe, lan restoran. Katambah kaliyan ruwang pandukung tèhnik ingkang dipunprelokaken gladri modhèren kanthi reputasi intenasional [5].

Ieoh Ming Pei milih wujuding piramida ingkang kontroversi saéngga trep kaliyan arsitèktur Louvre [12]. Alesan sanèsipun kénging menapa piyambakipun milih ngginakaken piramida amarhi kanthi struktural piramida ingkang kalebet wujud paling stabul. Piramida punika rampung dipunyasa ing taun 1989 lajeng Ieoh Ming Pei nambahaken piramida kuwalik ingkang ukuranipun langkung alit (kawéntar kanthi sebatan piramida kuwalik) ing ngajengipun musiyum. Piramida kuwalik punika ginanipun kanggé kaca empyak (payon) kanggé para rawuh lan aréa belanja ingkang wonten ing ngandhapipun [5][13].

Rencana ingkang asli[besut | besut sumber]

Bahan ingkang padet punika dipuntujukaken kanggé tiyang ingkang sampun tilar donya, nanging bahan ingkang tempus pandhang punika katujukaken kanggé tiyang ingkang gesang.
 

1745

Kontroversi[besut | besut sumber]

Piramida dipunubengi déning yasan Louvre

Pambangunan piramida punika lajeng medalaken kontrovèrsi amargi kathah tiyang ingkang mastani struktur futuristik mau katingal bènten ing ngajengipun Museum Louvre mawi arsitekturipun ingkang klasik. Sapérangan tiyang nuduh Mitterand punika kénging lelara "komplek Pirngon". Déné ingkang sanèsipun rumaos bangga awit saking gaya arsitèkturipun ingkang kontras minangka panggabungan ingkang kasil antawisipun yasan ingkang lawas lan ingkang énggal, klasik lan ultra-modhèren. Piramida utami punika ingkang paling ageng saking sapérangan piramida kaca ingkang dipunyasa ing celakipun musiyum, kalebet La Pyramide Inversée ingkang arahipun mangandhap ingkang ginanipun minangka vèntilasi kanggé mall sangandhaping lemah ing ngajeng musiyum. Nalika tahap perencanaan, wonten rencana bilih rancanganipun kalebet pucuk ing piramida kanggé nggampilaken anggenipu ngresiki kaca. Rencana punika dipunbusak amargi pernyataan saking I. M. Pei.[butuh sitiran] [14]

666 panel: satunggaling legénda urban[besut | besut sumber]

Tampilan ageng Piramida Louvre nalika dalu


Sampun dipunklaim déning sapérangan tiyang bilih panèl kaca ing Piramida Louvre punika gunggungipun 666, "angka makluk buas", asring dipungayutaken kaliyan Setan. Kathah ingkang remen kaliyan sajarah gadhah spèkulasi wonten ing faktoid punika. Tuladhanipun buku François Mitterrand, Grand Architecte de l'Univers déning Dominique Stezepfandt ngandharaken bilih "piramida punika katujukaken marang kekuwatan ingkang kagambaraken minangka Makluk Buas wonten ing Buku Pengungkapan (...) Sedaya struktur punika dhedhasar angka 6."

Cerita 666 panel kawiwitan ing taun 1980-an, nalika brosur asli dipunsebaraken nalika pambangunan lan mlebetaken angka punika (malah kaping pindho, sanajan ing sapérangan kaca (halaman) ngandharaken gunggungipun 672 panel). Gunggung 666 ugi dipunsebataken wonten ing manéka serat kabar. Museum Louvre nyebataken bilih piramida mau gadhah 673 panèl kaca (603 belah ketupat lan 70 segitiga) [15].[1] Archived 2002-01-12 at the Wayback Machine. Gunggung ingkang langkung ageng dipunsebataken déing David A. Shugarts ingkang ngandharaken bilih piramida punika gadhah 689 panèl kaca [16](Secrets of the Code, dipunsunting Dan Burstein, hal. 259). Shugarts pikantuk gunggung mau saking kantor I.M. Pei. Kathah upaya kanggé ngetang panel ing piramida mau ingkang boten kasil, nanging cethanipun wonten langkung saking 666. Etangan rikat dhedhasar 18 unit saben sisih mawi kalih tier dipunpindhah ing tengah wonten ing lawang mlebet ingkang langkung nyebataken angka 673.

Mitos punika medal malih ing taun 2003, nalika Dan Brown mlebetaken wonten ing novrlipun ingkang paling kondhang The Da Vinci Code. Ing mriki tokoh protagonis nyebataken bilih "piramid punika awit saking panyuwun saking Présidhèn Mitterand, sampun kabangun mawi 666 kaca jendela - panyuwun aneh ingkang tansah dados topik panas ing kalangan ingkang remen marang konspirasi ingkang ngandharaken bilih 666 punika angka setan" (bab 4) [17]. Nanging, David A. Shugarts nglaporaken bilih miturut satunggaling juru wicara kantor I.M. Pei, Présidhèn Perancis boten naté ngandharaken angka panèl ingkang badhé kaginakaken wonten ing piramida. Mangertos bilih rumor 666 dipunwicarakaken ing sapérangan layang kabar Perancis nalika tengahan tengahan 1980-an, piyambakipun paring panyaruwé: "Manawi Panjenengan manggihaken artikel lawas lan dèrèng dipuncèk langkung jero lan pitados sanget, Mbok manawi panjenengan pitados carita 666" (Secrets of the Code, hal. 259) [18].

Wonten ing budaya populer[besut | besut sumber]

(Pirsani La Pyramide Inversée kanggé andharan salajengipun.)

Louvre lan piramidanipun ugi medal wonten ing filem 2004, Team America: World Police, nanging namung awujud modèl. Modèl mau dipunancuraken nalika wonten adegan aksi dipundamel.

Gladri[besut | besut sumber]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d Piramid Louvre Archived 2013-05-05 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  2. Simons, Marlise (1993-03-28). "5 Pieces of Europe's Past Return to Life: France; A vast new exhibition space as the Louvre renovates". New York Times.
  3. "Pyramide du Louvre". Greatbuildings.com.
  4. 5 Wangunan Piramida Modern di Dunia[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  5. a b c d e Piramida Louvre, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  6. Piramida Louvre dan The Inverted Pyramid-nya Berada di Shopping Mall, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  7. "Glass on the web". Diarsip saka sing asli ing 2002-01-12. Dibukak ing 2013-03-31.
  8. Pyramide du Louvre, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  9. Vinci website: Louvre[pranala mati permanèn]
  10. Pyramide du Louvre Commentary, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  11. History Louvre, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  12. ABOUT AND HISTORY Archived 2013-04-28 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  13. Musée du Louvre, (dipunakses tanggal 20 April 2013)
  14. Pimlott, Mark. (2007) "The Grand Louvre & I.M. Pei". In Without and within: Essays on territory and the interior at artdesigncafe. (Episode Publishers: Rotterdam). Retrieved 2012-08-13.
  15. "Articles - Louvre Pyramid". Glass On Web. Diarsip saka sing asli ing 2002-01-12. Dibukak ing 2013-03-31.
  16. Secrets of the Code, edited by Dan Burstein, p. 259
  17. Dan Brown. The Da Vinci Code, p. 21
  18. Secrets of the Code, p. 259

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Koordhinat: 48°51′39″N 2°20′09″E / 48.860854°N 2.335812°E / 48.860854; 2.335812