Pansori

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Pansori
Hangul 판소리
Alihaksara sing Disampurnakaké Pansori
McCune–Reischauer P'ansori

Pansori (판소리) punika genré musik tradisional Koréa ingkang nedahaken satunggaling penyanyi (sorikkun) lan penabuh gendhang (gosu). Sorikkun punika nyariosaken lan nyekaraken babagan kisah katresanan, kebajikan, kasetyan, lan manéka piwulang moral ingkang karingkes ing 5 tembang pansori (pansori madang)[1].

Pansori punika nyanyian naratif, sanès namung lagu ingkang dipuncipta déning tiyang biyasa. Pansori kapérang dados tigang pérangan inggih punika Aniri ingkang paring andharan babagan adegan-adegan, lajeng Neoreumsae ingkang nggambaraken tumindaking tokoh, lan Chuimsae supados para pamirsa saged medalaken raosing manahipun [2].

Penyanyi naratif nyariosaken satunggaling kisah awujud Sori, Aniri, lan Neorreumsae miturut kaliyan matra saking instrumen perkusi, buk ingkang dipunmainaken déning Gosu. Lajeng pamirsa-pamirsa ndhèrèk gabung kaliyan penyanyi naratif kanthi ngendikan 'Chuimsae' mau kados 'geureotchi' ingkang ateges itu benar, Jalhanda' ingkang ateges bagus, lan 'Jota' ingkang ateges baik [1].

Pansori dipundaftaraken minangka Karya Agung Warisan Budaya Lisan dan Nonbendawi Manusia nalika tanggal 7 November 2003 déning UNESCO.

Sajarah[besut | besut sumber]

Pansori wiyos ing kalangan masarakat kelas ngandhap nalika masa kuwasanipun Dinasti Joseon ing Ujung Koréa ing pungkasan abad kaping 17 (taun 1690-an). Hiburan kanggé rakyat biyasa dipunpentasaken ing papan kanthi tinarbuka ing pusating keramean ingkang dipunwastani nori-pan utawi gut-pan. Ingkang pentas wonten ing nori-pan punika kelompok panghibur kelana ingkang nedahaken manéka seni pertunjukan (pan-gut/pan-noreum) kados akrobat, musik perkusi, permainan bonékah, mlampah wonten ing sanginggilipun tali, lan nyekaraken carita. Amargi kondhang ing tengahipun tiyang (pan) lajeng seni nyanyi (sori) ingkang dipunpentasaken punika banjur kawéntar dados pansori.

Nalika pungkasan abad kaping 19, para penanyi pansori sampun kondhang, boten namung ing masarakat biyasa ananging ugi dipunremeni déning bangsawan lan raja. Nalika Heungseon Daewongun ngawontenaken pista slametan kabangunipun Paviliun Gyeonghoe ing Astana Gyeongbok punika ngundhang penyanyi pansori wanita anama Jin Chae-seon.

5 Pansori[besut | besut sumber]

Dumugi abad kaping 21, cariyos pansori ingkang taksih wonten punika langkung sekdehik tinimbang nalika masa sadèrèngipun ingkang saged dumugi 12 cariyos. Cariyos ingkang dipuntingalaken ing pansori punika dipunpendhet saking cariyos rakyat ingkang dipunwarisaken kanthi lésan saéngga pansori ugi paring jasa anggènipun nguri-uri tradisi berkisah rakyat Koréa saking jaman kuno ingkang asring boten dipunserat saéngga ical. Kisah-kisah ingkang dipunangkat dados kondhang amargi ngangkat téma-téma ingkang dadso kekajengan rakyat biyasa ing kala rumiyin kados tresna béda status, keadilan, kemakmuran, bakti marang tiyang sepuh lan kasetyan. Sapunika wonten gangsal cariyos ingkang taksih wonten inggih punika:

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c [1] (id) Pansori (판소리) (dipun-akses tanggal 20 Januari 2013)
  2. ^ [2] (id) Pansori: musik yang menyentuh jiwa (dipun-akses tanggal 20 Januari 2013)