Menyang kontèn

Ngilé, Tulakan, Pacitan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Ngilé
Désa
Trankripsi basa Indonésia
 • ResmiNgile
Ngilé kapernah ing Kabupatèn Pacitan
Ngilé
Ngilé
Ngilé kapernah ing Jawa Wétan
Ngilé
Ngilé
Ngilé kapernah ing Indonesia
Ngilé
Ngilé
Koordhinat: 8°07′47″S 111°15′12″E / 8.12972°S 111.2533°E / -8.12972; 111.2533Koordhinat: 8°07′47″S 111°15′12″E / 8.12972°S 111.2533°E / -8.12972; 111.2533
Nagara Indonésia
ProvinsiJawa Wétan
KabupatènPacitan
KacamatanTulakan
Kodhe laladan
administrasi
Masalah skrip: Fungsi "getRawValue" ora ana.
Panggenan kemping ing Gunung Lanang/Cendani.
Mesjid Krajan wonten ing dusun Ngile

Ngilé iku désa ing Kacamatan Tulakan, Kabupatèn Pacitan, Jawa Wétan.[1]

Riwayat

[besut | besut sumber]

Asal-usul Desa Ngile kawiwiti soko jaman Majapahit sing pungkasan, nalika iku isih berupa alas/wono, sepi lan ora ono penghunine, nanging lemahe subur, akeh sumber banyu lan wit-witan. Sawijining perantau saka Gunung Kendeng (jenenge Ki Bendung) teka lan manggon ing sikil gunung Cendani (desa Ngile) bebarengan karo Mbah Kendal sing diangkat dadi pimpinan utawa demang wektu iku, dibantu dening prajurit utusan raja (jenenge Bambang Sumantri). Ki Bendung kagungan putra sekti 3: Onggosemito, Ronggo Jati lan Ronggo Sekti. Ka-3 anak kuwi banjur didhawuhi mbabat/nebang alas ing sisih lor (sing banjur dadi desa Ngreco, Kecamatan Tegalombo), lan wilayah Gulupayung ing dhusun Jenggring saiki, uga ing sisih wetan (sing saiki dadi desa Bubakan). Bambang Sumantri akhire mapan ing kene nganti seda lan disarekake ing pasarean Sugih Manik, sing diarani wilayah Pundung/mundung, amarga ing kuburane ana gundukan lemah gedhe sing digawe omah rayap, banjur di-pepundi (Punden) dening masyarakat.

Mbah Kendal dadi demang nganti seda lan disarekake ing pasarean Jaten bebarengan karo anak turune (kang ana ing mburine masjid Krajan). Banjur jabatan demang digenteni putrane, demang kaping pindho: mbah Karso Atmojo. Sakteruse jabatan demang diwarisake turun temurun tumuju demang kaping telu: Karso Sudiro > demang kaping 4: Parto Wiyono > Kasan Direjo > Kasan Raji (minangka demang kaping 6 seda ing taun 192x) > Sumowiyono utawi demang kaping 7. Dene Kiai Haji Muhammad Noer (asal soko tlatah Nglorok, sing mulai mbangun mesjid Krajan ing awal warsa 1900an) iku mantune demang Kasan Raji kang rabi karo anak nomer telu (anak wedok jenenge Nyi Saringatoen). Wiwit kuwi demang Ngile diarani lurah lan ditemtokake saka asil pemilihan rakyat, lan Adi Sasmito kapilih dadi lurah kaping 8 ing taun 1964. Sawise iku kalungguhan lurah diganti dening Kusmiati minangka lurah (Kepala Desa) kang kaping sanga, diganti Subroto, lan sateruse [2].

Réferènsi

[besut | besut sumber]
  1. "Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan (Permendagri No.56-2015)". www.kemendagri.go.id . Diarsip saka sing asli ing 2017-04-29. Dibukak ing 2017-10-31.
  2. Sejarah Desa Ngile, miturut sindopos.com