Musiyum Pusat TNI AD Dharma Wiratama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Koordhinat: 7°46′58″S 110°22′31″E / 7.7828622°S 110.375342°E / -7.7828622; 110.375342

Museum Pusat TNI AD
Museum Pusat TNI AD "Dharma Wiratama"
Tetélan pokok
Cakrik yasan Indis
Kutha Jalan Jenderal Sudirman No. 75, Yogyakarta
Nagara Indonésia

Museum Pusat TNI AD "Dharma Wiratama" inggih punika musiyum mligi ingkang gadhah koléksi babagan peranipun TNI AD wonten ing perjuangan Indonésia.[1].

Sajarah[besut | besut sumber]

Yasan "Museum Pusat TNI AD Dharma Wiratama" dipundhirikaken déning Pamaréntah Indhiya Nèderlan nalika taun 1900 saha dipun-ginakaken minganka papan kanggé para punggawa utawi administratur pakebonan Walanda wonten ing laladan Jawa Tengah saha Yogyakarta. Taun 1942 dipundadosaken minangka markas Wadya Jepang wonten ing laladan Yogyakarta (Syudokan). Nalika jaman kamardikan dipundadosaken markas tertinggi Wadya Keamanan Rakyat (TKR), hal mau dipuntegesaken bilih dipun-ginakaken minangka markas Panglima Besar Wadya Keamanan Rakyat ingkang nalika punika inggih Jenderal Soedirman saha minangka papan kanggé Kepala Staf Letjen. Urip Sumoharjo kanggéé nyungsun Wadya Keamanan Rakyat salajengipun dipundadosaken Markas Korem 072/Pamungkas.[1]

Gagasan pambangunan "Museum TNI AD" punika kawiwitan wonten ing lingkungan Sajarah Militer AD (SMAD) ingkang gadhah rencana kanggé yasa sawijining musiyumingkang badhé dipun-ginakaken nyimpen barang-barang koléksi perjuangan TNI AD. Kanthi pertimbangan bilih "musiyum TNI AD" gadhah tugas, fungsi sarta peranan minangka péranganing Dinas Sajarah Militer Angkatan Darat (DISJARAHAD) kanthi sasaran mawarisaken aji-aji kejuangan para pahlawan, mliginipun para TNI.[1]

Lajeng Sajarah Militer Angkatan Darat njalin kerjasama kaliyan parintis "Monumen Setengah Abad Kebangkitan Nasional". Hal mau dipunpangéstoni déning Sri Sultan Hamengkubuwana IX kanthi dipunanjuraken supados migunakaken sapérangan lemah komplek Ndalem Brontokusuman 24 (ingkang salajengipun dipunsebut Museum Perjuangan Yogyakarta). Museum jumeneng nalika tangggal 8 September 1959 saha dipunremikaken déning Kasad kanthi Surat Dudutan No. 760/9/1959.[1]

Nalika tanggal 17 Juni 1968 lokasi musiyum punika dipunpindahaken wonten ing tilas dalem resmi Pangsar Jenderal Soedirman wonten ing Jl. Bintaran Wétan no 3, Yogyakarta. Lajeng gayut kaliyan kemajuan perjuangan TNI AD ingkang kedah dipunabadikaken wonten ing musiyum, saéngga papan mau langkung dipunfungsikaken minangka Museum Sasmitaloka Panglima Besar (Pangsar) Jenderal Sudirman. déné gedung énggal ingkang dipunrencanakaken minangka Museum Pusat TNI AD inggih punika tilas "Benteng Vredeburg" wonten ing Jl. A. Yani No. 6. Nanging amargi Benteng Vredeburg dipunsawang langkung trep dipunkelola déning Depdikbud, saéngga pilihan ingkang pungkasan dipunpilih "Gedung Markas Korem 072/Pamungkas" wonten ing Jl. Jenderal Soedirman 75. Pangginaan gedung punika dipunmaksudaken kanggé nglestantunaken aji-aji sajarah ingkang kakandhut wonten ing gedung mau.[2]

Sabibaripun pikantuk persetujuan Kasad, lajeng dipunwedalaken surat dhawuh dhumateng Pangdam[3] VII/Diponegoro supados nyerahaken gedung mau kanggé dipunmanfaataken dados "Museum Pusat TNI AD". Adhedhasar Surat Dudutan Kasad No. Skep/547A/l/1982, tanggal 17 Juli 1982 musiyum punjer TNI AD dipunsahaken. Lajeng nalika tanggal 30 Agustus 1982 dipunresmikaken déning Kepala Staf TNI-AD Jendera Poniman kanthi nama Museum Pusat TNI AD "Dharma Wiratama". "Dharma Wiratama" ingkang ateges pangabdian luhur ingkang sampun dipunsumbangaken déning para prajurit TNI AD wonten ing babagan Hankam wujud senjata punapa déné amal baktinipun wonten ing babagan non Hankam dhumateng nagara.[4]

Koléksi Museum[besut | besut sumber]

Koléksi musiyum gegayutan caket kaliyan perjuangan bangsa Indonésia. Koléksi musiyum dipunpameraken wonten ing 21 ruwang saha halaman ngajeng musiyum.[5]

1. Halaman Ngajeng

Wonten ing halaman ngajeng wonten kalih Tank Stuart damelan Amérika kanthi kaliber 37mm. Wonten ing sisih kilén wonten Meriam Bofors (Meriam Gunung) damelan Swedia taun 1901 kanthi kaliber 7,5 cm. Kanggé ngajeng lawang mlebet ruwang pangenalan wonten ugi kalih meriam ingkang kaliber 37mm damelan Amérika saha kaliber 75mm damelan Jepang. Museum punika wonten ugi bunker utawi ruwang ngandhap lemah ingkang mapan iong wingking aula.[6]

2. Ruang Pengantar

Dumunung ing bagééyan tengah ngajeng gedung utama minangka ruwang pengantar para pengunjung kanggé mangertosi aji saha teges perjuangan sarta pengabdian para pahlawan saha pejuang nalika ngrebat, ngisi, saha njagi kamardikan kasajarahan Museum Pusat TNI AD "Dharma Wiratama". Koléksi ingkang dipunpameraken kronologis sajarah perlawanan dhumateng para panjajah. Kajawi punika wonten ugi prasasti kepyakan saha foto para mantan Kasad.[6]

3. Ruang Jenderal Sudirman

Ruang punika kafungsikakan minangka ruwang makarya Jenderal Soedirman nalika njabat Panglima Besar. Koléksi ingkang dipunpameraken méja makarya, telepon, rute gerilya, kursi tamu saking rotan, dasaha foto setengah badan.[6]

4. Ruang Letjen. Urip Sumoharjo

Fungsi wonten ing ruwang punika minangka ruwang makarya. Koléksi ingkang dipunpameraken kursi tamu, telepon, méja makarya, saha foto setengah badan.[6]

5. Ruang Palagan

Wonten ing ruwang punika dipunpameraken koléksi senjata aktif, piranti perlengkapan, pakaian pejuang, seragam wadya PETA saha Wadya Keamanan Rakyat sarta lukisan. Wonten ugi kronologi 8 palagan ageng ing Indonésia inggih punika:[6]

a. Palagan Medan ("Pertempuran Medan Area")

b. Palagan Palembang ("Pertempuran 5 hari 5 malam")

c. Palagan Bandung ("Bandung Lautan Api")

d. Palagan Semarang ("Pertempuran Lima Hari")

e. Palagan Ambarawa

f. Palagan Surabaya ("Pertempuran Surabaya")

g. Palagan Bali ("Puputan Margarana")

h. Palagan Makassar

6. Senjata Modal Perjuangan

Maneka jinis senjata dipunpameraken wonten ing ruwang punika. Senjata api utawi senjata tajam.

7. Ruang Dapur Umum[6]

Koléksi nggambaraken dhapur tradhisional rumah rakyat ingkang kadamel saking pring saha payon rumbia ingkang gadhah fungis wonten ing perjuangan.[6]

8. Ruang Piranti Hubung dan Piranti Keséhatan

Koléksi pirantos hubung wujud radhio pemancar saha radhio penerima. Déné pirantos keséhatan awujud piranti operasi kanggé ngrawat prajurit ingkang sakit nalika paprangan.[6]

9. Ruang Perang Kemerdekaan

Ruang Perang Kamardikan kapérang dados tigangruang. Wonten Ruang punika kagambaraken dharma bakti Angkatan Darat nalika njagi nagara kesatuan Indonésia.[6]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d [1](dipunundhuh tanggal 3 November 2012)
  2. [2]
  3. Panglima Laladan Militer
  4. [3]
  5. [4]
  6. a b c d e f g h i [5]
  • Dadun Widoyoko (1993). Selayang Pandang Museum Perjuangan Yogyakarta. Departemen Wiyata dan Kebudayaan. 
  • Petunjuk Singkat Museum Pusat TNI AD "Dharma Wiratama".