Menyang kontèn

Musiyum Pura Pakualaman

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Lambang Pura Pakualaman

Musiyum Pura Pakualaman inggih punika bekas Pura alit Kadipatén Paku Alaman. Pura punika dados papan utawi dalemipun para Pangeran Paku Alam wiwit taun 1813 dumugi taun 1950, nalika pamaréntah Praja Republik Indonésia ndadosaken Kadipatén Paku Alaman (sesarengan kaliyan Kesultanan Yogyakarta) minangka salah sawijining laladan otonomi mirunggan satunggal tingkat kaliyan provinsi ingkang gadhah nama Daerah Istimewa Yogyakarta.[1]

Arsitéktur saha Tata ruwang

[besut | besut sumber]

Pura Pakualaman punika awujud pura alit manawi kabandingaken kaliyan Karaton Yogyakarta. Punika nedahaken kadudukan kadipatén punika ingkang éwadéné minangka nagara ingkang gadhah kedaulatan piyambak ing njawi Kesultanan Yogyakarta nanging tetep satingkat wonten ing ngandhapipun. Pura punika madhep arah kidul (sapunika Jalan Sultan Agung). Wonten ing ngajengipun ugi wonten lapangan alit, Alun-alun Sewandanan. Masjid Besar Pakualaman wonten ugi ing sisih kilén pura. Arsitéktur masjid méh sami kaliyan masjid raya kesultanan nanging wonten ing skala ingkang langkung alit lan prasaja. Wonten ing salebeting ugi wonten mimbar saha maksura, papan mligi kanggé Pangéran Paku Alam, kados ingkang saged kapanggihaken wonten ing masjid raya kesultanankasebat.[2]

Pura punika kaapit déning margi umum ing sisih lèr (Jl. Purwanggan), wétan (Jl. Harjono), saha kidul (Jl. Sewandanan). Gerbang pura Paku Alaman dumunung ing sisih kidul (gerbang utama) kaliyan sisish lèr (sampun katutup, nanging, taksih wonten bekasipun). Konon rumiyin pura punika dpuputeri déning bénténg baluwerti ingkang boten gadhah anjungan. Konon témbok kandhel kanthi dawa antawis kalih dasa méter ing sisih lèr Jalan Sultan Agung sisih wétan pertigaan kaliyan Jalan Jagalan dipunpitadosi minangka bekas baluwarti mau. Gerbangipun jaréné dumunung ing pojok kidul Jalan Gajah Mada.[3]

Warisan Paku Alaman

[besut | besut sumber]

Warisan ingkang saged dipuntingali déning masarakat umum inggih punika ingkang dumunung wonten ing musiyum Paku Alaman. Ing antawising koleksinipun wonten pertalan perjanjian pulitik minangka dhasar jumenenging Kadipaten Paku Alaman sarta manéka perjanjian pulitik sanèsipun.Kajawi punika, wonten ugi kraton (royal heirlooms) ing antawising inggih punika kados ta, singgasana KGPA Paku Alam I, payung kebesaran "Songsong Bharad", sarta "Songsong Tunggul Naga", Senjata tombak trisula, ageman kebesaran, sarta kereta jaran ingkang dados wahahan resmi para Pangeran Paku Alam.[4]

Pemangku Adat

[besut | besut sumber]

Wiwitan Puro Pakualaman minangka lembaga Pura ingkang ngurus raja saha kulawarganipun kejawi dados pusat pamaréntahan Kadipaten Paku Alaman. Sabibaring Kadipaten Paku Alaman sesarengan kaliyan Kasultanan Yogyakarta dipunewahi statusipun saking nagara dados Laladan Istimewa setingkat Provinsi kanthi resmi ing taun 1950, Puro Paku Alaman wiwit dipunpisahaken saking PAmarentahan Laladan Istimewa lan dipundepolitisasi saéngga namung dados sawijining Lembaga Pemangku Adat Jawa mliginipun garis/gaya Paku Alaman Yogyakarta. Fungsi Puro Paku Alaman éwah dados palindhung lan penjaga identitas budaya Jawa mlihinipun gaya/gagrak Paku Alaman Yogyakarta. Budaya Jawa gaya Paku Alaman punika kirang katingal prabawaipun ing Yogyakarta mengeti wewengkon Kadipaten Paku Alam ingkang alit lan dumunung tebih ing pasisir kidul Kabupatèn Kulon Praga sapunika.[5]

Nanging wonten bedanipun antawising Puro Paku Alaman Yogyakarta kaliyan Pura kraton-kraton Nuswantara ingkang sanès. Sri Paduka Paku Alam kejawi minangka "Yang Dipertuan Pemangku Tahta Adat /Kepala Puro Paku Alaman" ugi gadhah kalungguhan ingkang mligi babagan babagan pamaréntahan minangka wujud keistimewaan laladan Yogyakarta. Saking wiwitan DIY jumeneng (de facto 1946 lan de yure 1950) dumugi taun 1998 Sri Paduka Paku Alam kanthi otomatis dipunangkat minangka Wakil Gubernur/Wakil Kepala Laladan Istimewa ingkang boten kaiket kaliyan ketentuan masa kalungguhan, syarat, lan cara pengangkatan Wakil Gubernur/Wakil Kepala Laladan sanèsipun (UU 22/1948; UU 1/1957; Pen Pres 6/1959; UU 18/1965; UU 5/1974). Antawis taun 1988-1998 Wakil Gubernur/Wakil Kepala Laladan Istimewa dipuntunjuk minangka penjabat kalungguhan Gubernur/Kepala Laladan Istimewa. Sabibaring taun 1999 keturunan Sri Paduka Paku Alam mau ingkang saged jangkepi syarat dados prioritas saperlu dipunangkat dados Wakil Gubernur/Wakil Kepala Laladan Istimewa (UU 22/1999; UU 32/2004). Sapunika ingkang dados Yang Dipertuan Pemangku Tahta inggih punika Sri Paduka Paku Alam IX.[6]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. [1]
  2. [2]
  3. [3][pranala mati permanèn]
  4. "Archive copy". Diarsip saka sing asli ing 2012-06-07. Dibukak ing 2012-12-20.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)
  5. [4]
  6. [5]

Din Parsenbud Kutha Ngayogyakarta (2006). Obyek dan Daya Tarik Wisata Kutha Ngayogyakarta. Yogyakarta: Dinas Pariwisata, Seni, dan Budaya Kutha Ngayogyakarta.