Meron

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan

Meron ya iku tradisi mengeti kelahiran Muhammad ing di kacamatan Sukalila, Pathi, 27 km arah kidul saka kuthaPathi.[1]. Ing acara iki dianakake arak-arakan sega tumpeng kang miturut masarakat kono ingaran Meron.[1] Sega tumpeng iku diawa ing masjid Sukalila minangka sarana njangkepi upacara selametan.[1] Prosesi Meron iku uga dibarengi manéka warna jinis kesenian tradhisional laladan iku.[1] Sawisé upacara selametan, ssega Meron diwènèhake marang warga kang mèlu nonton.[1]

Asal-usul tradisi meron[besut | besut sumber]

Pathi lan Mataram duwé sesambungan paseduluran kang raket.[2] Kekarone sepakat ngrembakakake Islam lan ora gelem narima kekuasaan kang asing.[2] Akèh pandhékar sekti saka Mataram ditekakake ing Pati kanggo nglatih kaprajuritan.[2] Pandhékar-pandhékar iku kudu urip sawatara ing tlatah Pati.[2] Kacarita ana Demang Sukolilo asma Ki Suta Kerta.[2] Panjenengane gadhah sadulur asma Sura Kadam.[2] Ki Sura Kadam gadhah pepinginan ngabdi marang Mataram, mula enggala tindak menyang Mataram.[2] Ing sawijining wektu nalika tindak menyang Mataram, ing dalan panjenengané nemoni kributan.[2] Ana gajah ngamuk saéngga bisa matèni wong.[2] Banjur Ki sura Kadam ngusadani supaya gajah iku bisa anteng.[2] Ki Sura Kadam bisa numpaki gajah iku.[2] Mula Ki Sura Kadam diangkat dadi punggawa kraton Mataram kang ngurusi babagan gajah.[2] Ing sawijining dina Ki Sura Kadam kadhawuhan mimpin wadyabala mataram naklukake Kadipaten Pati.[2] Sawisé perang, Ki Sura Kadam sowan ing Sukolilo, ing daleme Ki Suta Kerta.[2] Nalika iku Ki Suta Kerta bingung lan wedi, wedi yèn panjenengané uga mèlu ditangkap lan digawa ing Mataram.[2] Jebul iku mau kabèh kliru, Ki Sura Kadam njlentrehake kang sabenere yèn péngin sowan kanggo nyambung tali silaturahmi.[2] Ki Sura Kadam nyuwun palilah marang Ki Suta Kerta supaya panjenengané sarombongan bisa nginep sawatara ing Sukolilo nganti wektune bali menyang Mataram.[2] Sura Kadam mènèhi usul, nalika Muludan (ya iku Maulud Nabi) ing Sukolilo dianakake acara kang kaya Sekatenan, gawé rame-rame lan niru-niru (tiron) acara Sekatèn.[2] Acara iku banjur kajenengake Meron, saka tembung rame lan tiron.[2]

Ing arak-arakan Meron, diiring gunungan-gunungan kang kas, amarga gunungan iku dibagi dadi telung pérangan, ya iku:

  1. Bagean paling dhuwur ya iku mustaka kang dhapuré lingkaran kembang manéka warna kang isiné]é pitik jago utawa masjid.[3] Pitik jago duwé teges minangka semangat keprajuritan, masjid duwé teges minangka semangat keislaman, lan kembang simbul paseduluran.[3]
  2. Bagean kapindho gunungan digawé saka roncean ampyang utawa krupuk manéka warna kang digawé saka tepung lan cucur.[3] Ampyang ngemu teges minangka tameng utawa perisai prajurit lan cucur lambang tekad manunggal.[3]
  3. Bagean katelu ingaran ancak.[3] Ngemu teges minangka simbole iman (ancak ndhuwur), ancak tengah simbole Islam, lan ancak ngisor simbul ikhsan.[3]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. a b c d e [1](dipunundhuh tanggal 16 Maret 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s [2](diundhuh tanggal 16 Maret 2011)
  3. a b c d e f kompas.com:Meron Untuk Persaudaraan dan Kerukunan(dipunundhuh tanggal 16 Maret 2011)