Mbah Brintik
Mbah Brintik (lair ing Malang, Jawa Timur, 30 Juli 1931; umur 93 taun) iku sawijining sastrawati Jawa. Sastrawati kang duwé jeneng Nyi Karmiasih Soemardi Sastro Utomo iki wis ngasilaké 400an karya antarané ya iku :cerkak, cerbung, carita sosial, carita budaya, kang wis diemot ing “Panjebar Semangat”, “Jaya Baya”, “tabloid Humas Kanjuruhan”, “Malang Post”, “Mbangun Tuwuh”, “Pujangga Anom”, lan liya-liyanè. Ing kalangan pencinta sastra Jawa, sapa ta ora tepung karo jeneng Mbah Brintik, Sri Widati Pradopo, utawa Diah Hadaning? utawa, saka kalangan sing luwih enom, ana uga jeneng Trinil[1]. Mèh saben edisi kalawarti, kaya ta kalawarti Panjebar Semangat, Djaka Lodhang, utawa Damar Jati, kerep jeneng-jeneng iku nyelip ing antarané tulisané wong lanang[1]. Lagu-lagu Jawa karyané isiné pitutur kanggo para mudha, panguwasa kareben ngisi kamardikan kanthi jujur lan adil. Umure pancen wis sepuh, nanging ora dadi alangan mbah Brintik kanggo ngembangaké basa Jawa[[[2]. Kolumnis kaloka asal Kepanjen, Malang, Jawa Timur iku,tertarik gawé mèlu ngembangakè basa brebes dadi salah sawijining khasanah basa Jawa kareben tetep lestari[2]. Kiprah Mbah Brintik ana ing upaya nglestarekakè budaya Jawa pancen ora kena diragukak manèh. Ing umuré sing wis sepuh dhewekè isih tetep eksis dadi penulis[2]. Penghargaan Bintang Budaya saka Pusat Lembaga Kebudayaan Jawa uga wis disandang ibu sing duwé anak sanga iki kanggo kiprahe nglestarekakè basa Jawa[2].
Karya
[besut | besut sumber]- WEWALERE PINISEPUH DIGATHUKAKE KARO PEMIKIRAN MODEREN(ular-ular)
- WONG WADON KANG PUNGKASANE(carita misteri)