Masakan Pyongan
Masakan Pyongan inggih punika masakan ingkang asalipun saking provinsi Pyongan, Koréa Utara.
Tradisi kulinèr masarakat Pyongan ing Koréa Lor dipunpengaruhi déning karaktéristik kontinéntal Manchuria ing jaman kino. Hidangan ingkang dipunmasak ing wujud ageng-ageng kanggé ménuhi mèja madhang nyerminakèn kauripan rakyatipin ingkang rèalistis lan sosial. Umumipun masakan Pyongan gadhah raos ingkang botén kiat lan tawar. ing mangsa dingin hidangan ingkang gadhah lĝmak langkung kathah dipunkonsumsi. Jĝnis kimchi ingkang dipundamel ingkang kathah inggih punika jinis dongchimi (kimchi air).
Masakan khas
[besut | besut sumber]- Jobab, sekul campur jewawut.
- Naengmyeon, mi saking tepung gandum buckwheat kaliyan toya kuah dongchimi ingkang asrep.
- Mandu, pangsit
- Gukbap, semangkok sup ingkang kacampur sekul.
- Dakjuk, bubur ayam.
- Kimchi mari, kuah kimchi asrep kaliyan sekul.
- Eobok jaengban, daging sapi iris ingkang alit dipunhidangaean ing piring perunggu.
- Pyongyang mandutguk, sup pangsit ala Pyongyang.
- Gulmandu, mandu alit.
Masakan pura Dinasti Joseon, Kimchi, Hyangto eumsik, Dubu, Seolleongtang, Naengmyeon, Ganjang, Guk, Jeon, Doenjang, Guksu, Pyeonyuk, Banchan, Selai kacang merah, Jajangmyeon, Patbingsu, Japchae, Hoe, Saeujeot, Gochujang, Samgyetang, Masakan Pyongan, Bangjja, Hongeohoe, Jeongol, Muk, Bap, Namul, Masakan Hamgyong, Tteokbokki, Jjigae, Dongchimi, Jeotgal, Galbi, Bossam, Gukbap, Jangajji, Gimbap, Yukhoe, Surasang, Mandu, Bosintang, Jeok, Dasik, Gomguk, Haejangguk.[1]
Banchan
[besut | besut sumber]Lauk pauk (banchan) dipunhidangken ing porsi alit antawisipun:
- Ttokttoki jaban, daging sapi iris tipis ingkang dipunbumbui.
- Mucheonggom, rebusan daging sapi lan godong lobak.
- Deopuljang, saus kedelai fermentasi.
- Danggochujang bokkeum, hidangan tumis gochujang.
- Dwaeji gogijeon, gorengan tepung kaliyan daging babi.
- Naengchae, salad asrep.
- Yongpyon gimjang kimchi, kimchi ala Yongbyon.
- Baekgimchi, kimchi tanpa bumbu lombok.
- Kkotge jjim, kepiting jaran (Portunus trituberculatus) kukus.
- Oi tojangguk, sup ketimun saus kedelai fermentasi (tojang).
- Naepotang, rebusan kimchi lan usus babi.
Masakan Koréa kalebet ugi masakan pyongan.[2]
Tteok
[besut | besut sumber]Kue beras (tteok) khas Pyongan dipunnamani kaliyan asma-asma ingkang boten biyasa. Ukuranipun langkung ageng-ageng lan prasaja dipunbandingaken kaliayn daerah sanès, kados ta:
- Songgi tteok, kue beras ingkang kadamel saking pérangan ing kulit wit cemara, dipunisikan kacang cemara, digoreng kaliyan lenga wijen.
- Golmi tteok, kue beras dumadi thimble.
- Kkojang tteok, kue beras ingkang dipuntabur remah-remah kacang kedelai kukus.
- Ppong tteok, kue beras kukus godong mulberi.
- Nidoraemi kue beras tabur remah kacang merah kukus.
- Jogae songpyeon, kue beras wujud kerang kaliyan isi khas hari Chuseok.
- Notti, kue adonan saking tepung jewawut ingkang digoreng.
Hangwa
[besut | besut sumber]Hangwa (kue atau biskuit tradhisional) khas Pyongan antawisipun:
- Gwajul, kue goreng lapis madu.
- Yeot, permen tradhisional.
- Taesik, kue manis campuran jocheong (sirup yeot) lan misu (campuran biji-biji lan kacang kering).
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
Artikel magepokan panganan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |