Marini Zumarnis
| Marini Zumarnis | |
|---|---|
![]() | |
| Lair | Marini Kartika Sari Zumarnis 24 Maret 1976 Jakarta, Indonesia |
| Bangsa | Indonesia |
| Pakaryan | Artis, Model |
| Taun aktif | 1995 - saiki |
| Bojo | Denny Wardhana |
| Anak | Mohammad Daffa Wardana |
Marini Kartika Sari Zumarnis ditepungi kanthi jeneng Marini Zumarnis, (lair ing Jakarta, 24 Maret 1976; umur 50 taun) ya iku juru main sinétron, bintang iklan, lan model.[1] Wiwitan ditepungi nalika Marini dadi bintang sinétron "Shangrilla" ing taun 1990 an, lan dadi bintang iklan Rose Brand, Bodrexin, lan Alfamart.[1] Kariré tansaya misuwur nalika dhèwèké nggentèni Ayu Azhari merananaké Ibu Peri ing sinétron kang judhulé Bidadari.[1]
Karir
[besut | besut sumber]Marini Zumarnis miwiti aktingé dadi modhèl nalika isih sekolah kelas 11 SMA Negeri 68 Jakarta.[1] Sawisé iku banjur ana tawaran kanggo main sinétron.[1] Marini Zumarnis miwiti kariré dadi pemeran pembantu ing sinétron Lobi-lobi taun 1995.[2] Sawisé iku Marini Zumarnis main ing sinétron kang judhulé Senja Makin Merah, Shangrilla, Asmara ing taun 1996.[1] Sinétron liyané kang uga dibintangi Marini Zumarnis ya iku Selangkah Demi Selangkah (1996), Bukan Perempuan Biyasa (1996), Bukan Basa-Basi (1997), Doa Membawa Berkah, Ibu Pungut Dan Aku Bukan Cantik.[1]
Kauripan pribadi
[besut | besut sumber]Marini Zumarnis palakrama karo Denny Wardhana nalika tanggal 28 Fèbruari 1998.[1] Marini ketemu karo Denny Wardhana kang sepisanan ya iku nalika sasi Agustus 1997.[1] Saka bebrayan iki, leloroné éntuk anak.[1] Jenengé anaké ya iku Mohammad Daffa Wardana.[3] Nalika sasi Dhésèmber 2006, Marini Zumarnis lan bojoné ya iku Denny Wardhana nglakokaké ibadhah haji kang sepisanan.[3]
Filmografi
[besut | besut sumber]Film kang dibintangi Marini Zumarnis.[1]
- MBA (Married By Accident) (2008)
Sinétron
[besut | besut sumber]Sinetron kang dibintangi Marini Zumarnis.[1]
- Shangrilla
- Senja Makin Merah
- Asmara
- Bukan Basa Basi
- Bukan Perempuan Biyasa
- Selangkah Demi Selangkah
- Kenangan Manis
- Doa Membawa Berkah 1
- Doa Membawa Berkah 2
- Bidadari 1
- Bidadari 2
- Bidadari 3
- Setetes Embun
- Hati Di Pucuk Sekali 1
- Hati Di Pucuk Sekali 2
- Curi Pandang Cari Perhatian
- Saling Memiliki
- Pinokio dan Peri Biru
- Mat Jiung
- Hikayah
- Ibu Pungut
- Aku Bukan Cantik
- Lobi-Lobi
- Mencintaimu
- Kemilau Cinta Kamila
- Putri Yang Ditukar
Chatetan sikil
[besut | besut sumber]- 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 Profil ing KapanLagi.com Archived 2010-03-28 at the Wayback Machine.(diundhuh tanggal 9 Juli 2011)
- ↑ MARINI ZUMARNIS, Mantan Tomboy Kini Menjadi Bidadari 2(diundhuh tanggal 9 Juli 2011)
- 1 2 Marini Zumarnis Naik Haji, Berharap Dapat Momongan(diundhuh tanggal 9 Juli 2011)
| Artikel biografi Indonésia iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
