Manga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Wikipe-tan, wujud wikipedia sing digambaraké ala manga.

Manga (漫画) (waca: man-ga, utawa ma-ng-ga) iku tembung komik sajeroning basa Jepang; ing sajabaning Jepang, tembung kasebut dipigunakaké mligi kanggo mratélakaké ngenani komik Jepang. Mangaka (漫画家) (waca: man-ga-ka, utawa ma-ng-ga-ka) iku wong sing nggambar manga.[1]

Manga ing Jepang[besut | besut sumber]

Majalah-kalawarta manga ing Jepang biyasané dumadi saka sawetara sesirah komik sing sabel sesirah ngisi watara 30-40 kaca kalawarta iku (siji chapter/bab). Majalah-kalawarta kasebut biyasané duwé kandelwatara 200 nganti 850 kaca. Sawijining sesirah manga sing suksès bisa kababar nganti mataun-taun kaya "ジョジョの奇妙な冒険 / Jojo no Kimyō na Bōken / JoJo's Bizarre Adventure / Misi Rahasia". Umumé, sesirah-sesirah sing suksès bisa diangkat dadi wangun animasi (utawa saiki luwih misuwur kanthi istilah ANIME) contoné kaya Naruto, Bleach lan One Piece

Sawetara manga carita asliné bisa diangkat adhedhasar saka novèl / visual novèl, contoné ya iku adhedhasarBasilisk" (ora beredar ing Indonésia) adhedhasar saka novèl "甲賀忍法帖, Kōga Ninpōchō" déning Futaro Yamada, sing nyaritakaké pertarungan antara klan ninja Tsubagakure Iga lan klan ninja Manjidani Koga. Ana uga sing ngangkat saka segi sajarah, kaya sajarah Telung Krajan (The Three Kingdom) kaya Legenda Naga (Ryuuroden) lan sajarah-sajarah Jepang, kadhang ana sing nganggo jeneng sing bener bener ana, ana uga sing nganggo tokoh fiktif

Sawisé sawetara suwéné, carita-carita saka kalawarta iku bakal dikumpulaké lan dicithak sajeroning wangun buku ukuran biyasa, sing ingaran tankōbon (utawa kadhang misuwur minangka istilah volume). Komik sajeroning wangun iki biyasané dicithak ing sadhuwuring kertas kualitas apik lan migunani tumrap wong-wong sing ora utawa kesèd tuku kalawarta-kalawarta manga sing kababar mingguan sing duwé manéka campuran carita/sesirah. Saka wangun tankōbon ini manga biyasané diterjemahaké sajeroning basa-basa liya ing nagara-nagara liya kaya Indonésia.

Kanggo sawetara sesirah (sing suksès) malah wis/bakal digawé vèrsi manungsa (Live Action, utawa kadhang dicekak minangka L.A. ing jepang), sawetara sesirah sing wis diangkat dadi Live Action ya iku Death Note, Detektif Conan, GeGeGe no Kintaro, Cutie Honie, Casshern, DevilMan, Saigake!! Otokojuku lan liya liyané [2]

Sabanjuré sapérangan sesirah uga bakal digawé (remake) manèh kanthi internasional déning prodhusèn ing sajabaning Jepang, kaya Amérika, sing gawé filem Live Action Dragon Ball vèrsi Hollywood (20'th Century Fox)[3], lan kabaré uga bakal digawé vèrsi live action saka Death Note déning pihak prodhuser kulon[4].

Adhedhasar jinis pamaos[besut | besut sumber]

  • Manga sing mligi ditujokaké kanggo bocah ingaran kodomo (子供) — kanggo bocah.
  • Manga sing mligi ditujokaké kanggo (Wanita) diwasa ingaran Josai (女性) (utawa redikomi) — wanita.
  • Manga sing mligi ditujokaké kanggo diwasa ingaran Seinen (青年) — lanang.
  • Manga sing mligi ditujokaké kanggo wanita ingaran shōjo (少女) — rumaja wadon.
  • Manga sing mligi ditujokaké kanggo wong lanang ingaran shōnen (少年) — rumaja lanang.

Akèh jinis-jinis iki uga kanggo anime lan permainan komputer Jepang.

Loro pangecapan manga gedhé dhéwé ing Jepang ya iku Shogakukan (小学館) lan Shueisha (集英社).

Gaya penggambaran[besut | besut sumber]

Rata-rata mangaka ing Jepang migunakaké gaya/style prasaja sajeroning nggambar manga. Nanging, gambar latar mburiné amèh kabèh manga digambar supaya realistis, sanadyan gambar karakteré bener-bener prasaja. Para mangaka nggambar prasaja mligi ing pérangan rai, kanthi ciri kas mata gedhé, cangkem cilik lan irung sajumput. Ana uga gaya nggambar Lolicon utawa Shotacon.

Ora kabèh manga digambaraké kanthi prasaja. Sawetara mangaka migunakaké style sing realistis, sanadyan sajeroning sawetara unsur isih bisa dikategori minangka manga. Kaya contoné Vagabond, karya Takehiko Inoue sing nonjolaké panggunaan arsir, proporsi seimbang lan setting sing realistis.[butuh sitiran] Vagabond dikategori minangka manga amarga gaya penggambaran mata, sarta sawetara pérangan sing simpel. Manga uga biyasa digambar sajeroning monochrome lan gradasiné sing biyasa ingaran tone.

Kanggo komik jangka panjang utawa sing duwé atusan volume, lumrahé seiring karo perkembangan wektu, para mangaka bakal ngalami owah-owahan gorèsan sing cukup signifikan.[butuh sitiran] Conto sing umum ing Indonésia manawa karaya Hojo Tsukasa sing saka Cat Eyes owah dadi kaya sajeroning City Hunter. Utawa karya liya Ah ! My Goddess sing diwiwiti taun 1988 lan nganti saiki isih terus lumaku. One Piece and Naruto uga cukup owah yèn dibandhingaké ing gorèsan volume volume wiwitan.[butuh sitiran]

Doujinshi[besut | besut sumber]

Doujinshi ya iku sebutan tumrap manga sing digawé déning fans manga kasebut sing duwé alur carita utawa ending sing béda saka manga asliné. Para fans iki biyasa mbagi gethol-tular, didol kanthi indie ing toko doujinshi, utawa mèlu konvensi akbar doujinshi sing biyasa ingaran Comiket. Ing kéné didol èwon sesirah doujinshi saben taun. Pengunjungé bisa ngancik 400.000 wong.

Doujinshi dhéwé kadhangkala dadi batu loncatan kanggo dadi mangaka. Ken Akamatsu (Love Hina, Negima) uga kerep gawé dojin karyané dhéwé. Manga sing mawa téma hentai biyasané ya iku dojin saka manga tinamtu sing wis misuwur. Lumrahé karakter manga kasebut pancèn didésain supaya dadi "sasaran" para dojin-ka (sebutan tumrap sing gawé dojin, padha karo manga-ka).

Manga ing Indonésia[besut | besut sumber]

Penerbit[besut | besut sumber]

Loro pangecapan manga gedhé dhéwé ing Indonésia ya iku Elex Media Komputindo lan m&c Comics sing dadi péranganing golongan Gramedia. Watara taun 2005, golongan Gramedia uga wis mbabar Level Comics, sing luwih kafokus marang pangecapanan manga-manga genre Seinen (diwasa) Sawetara sesirah (sing wis diterjemahaké / misuwur sajeroning basa Indonésia) sing wis nganggo format wacan ala Jepang (raw) ya iku :

  • Monster (2003) M&C!

Monster - Urasawa Naoki (1995)

Hoero Pen - SHIMAMOTO Kazuhiko (2002)

LAN DOH!! XI - SAKATA Nobuhiro & BANJO Daichi (2002)

YAMI NO AEGIS - NANATSUKI Kyouichi & FUJIWARA Yoshihide (2006)

C.M.B. - Shinra Hakubutstukan no Jiken Mokuroku - Motohiro Katou (2006)

Tekken Chinmi Legends - Takeshi Maekawa (2007)

A.S.(Animal Sense) - Takeshi Maekawa (2006)

Yotsubato! - Kiyohiko Azuma / Yotuba Sutazio (2007)

Jinis manga[besut | besut sumber]

Kategori manga pornografis[besut | besut sumber]

Lumrahé ingaran "hentai" (変態) sajeroning basa Inggris, sanadyan istilah ecchi (H) luwih kerep dianggo. Ecchi dhéwé sakbeneré minangka cara panyebutan wong Jepang kanggo aksara "H" saka tembung 'hentai'.

Réferènsi lan cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ Amarga sayektiné kaloro tembung kasebut (Manga lan Komik) kanggo ngarujuk marang buku komik, prabédan sing paling jelas antara sebutan kanggo manga lan komik ya iku kanggo mbédakaké panglompokan, ya iku manga luwih kafokus marang komik-komik Jepang (kadhangkala uga kalebu Asia), lan komik luwih marang komik-komik gawéan Éropah/Kulon, nanging kaloroné duwé makna sing padha.
  2. ^ Sama kaya manga, sawetara serial ing jepang sing uga diangkat adhedhasar saka novèl / visual novèl
  3. ^ Saka sumber http://dbthemovie.com
  4. ^ nanging durung bisa dikonfirmasi kanthi jelas

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]