Luntas
| Beluntas | |
|---|---|
| Godhong Luntas | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Plantae |
| Dhivisi: | Magnoliophyta |
| Klas: | Magnoliopsida |
| Ordho: | Asterales |
| Famili: | Asteraceae |
| Génus: | Pluchea |
| Spésies: | P. indica |
| Jeneng binomial | |
| Pluchea indica L. | |
Luntas ing basa Indonesia arane Beluntas déné basa Latine Pluchea indica L..[1].Tuwuhan iki padatan ana ing pager-pager ing ngarep omah.[1] Padatan godhong luntas dienggo obat ngilangi ambu awak obat ngudhunake panas, obat watuk, lan obat mencret.[1] Godhong luntas sing wis digodhog uga bisa kanggo nambani lelara kulit.[1] Saliyané iku, godhong luntas asring kanggo lalapan.[1]
Jeneng luntas ing wewengkon liya
[besut | besut sumber]Kandungan
[besut | besut sumber]Godhong luntas duwé zat ''alkaloid'', ''flavonoida'', ''tanin'', ''lenga atsiri'', ''asem chlorogenik'', ''natrium'', ''kalium'', ''magnesium'' lan ''fosfor''. Oyode: ''flavonoid'' lan ''tanin''.
Khasiat
[besut | besut sumber]Godhong luntas duwé ambu sing khas ''aromatik'' lan rasané getir.[2] Gunane kanggo ngunggahake nafsu makan (stomakik), mbiyantu pencernaan, supaya ngetokaké keringet (diaforetik), ngudhunake demam (antipiretik) lan ndadèkaké rasa seger.[2] Oyod luntas duwé khasiat kanggo ngetokaké keringet lan ndadèkaké rasa seger. (demulcent).[2]