Leo Tolstoy

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Leo Tolstoy
L.N.Tolstoy Prokudin-Gorsky.jpg
Tolstoy ing Mèi, 1908, patang sasi saurunge tanggap warsa kaping 80 (dipoto ana Yasnaya Polyana déning Sergey Prokudin-Gorsky; poto berwarana sepisanan dijipuk ana Ruslan)
Lair Lev Nikolayevich Tolstoy
(1828-09-09)Sèptèmber 9, 1828
Yasnaya Polyana, Ruslann Empire
Pati Novèmber 20, 1910(1910-11-20) (umur 82)
Astapovo, Rusiann Empire
Pakarya Novelis, panganggit cerkak, esais, sastrawan, filsuf
Basa Rusiann, French
Bangsa Rusiann
Mangsa 1852–1910
Karya gedhé War and Peace
Anna Karenina
A Confession
The Kingdom of God Is Within You
Resurrection
Bojo Sophia Tolstaya
Anak 14

Tandha tangan
recorded 1908

Leo Tolstoy iku sastrawan saka Russia.[1][2] Tolstoy lair ana ing Yasnaya Polyana, Ruslan Tengah, tanggal 9 September 1828.[3][4] Séda ing 10 November 1910.

Ing taun 1851, Tolstoy pindhah ing Kaukasus banjur mlebu résimen artileri.[3] Ing wektu iku, Tolstoy wiwit nulis sastra.[3] Tolstoy duwé tékad mangertèni donya saindengé, banjur nyoba njlèntrèhaké kayakinan filosofis lan rélijiusé nganggo karya fiksiné lan latar wuri kadadéan donya.[3] Ing taun 1910, Tolstoy séda ing stasiun sepur ing laladan kapencil.[3]

Tolstoy kondhang amarga rong karyané, War and Peace lan Anna Karenina, kang dianggep novèl paling apik kang naté ditulis.[1] Dhèwèké uga kondhang minangka guru moral lan agama.[1]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Tolstoy keturunan bangsawan kondhang ana 210 km kidul Moskow.[1] Ibuné asma Mariya Nikolayevna, née Princess Volkonskaya, séda saurungé dhèwèké umur rong taun.[1] Bapaké asma Nikolay Ilich, Graf (count) Tolstoy, séda taun 1837.[1] Simbah putriné séda 11 sasi lebaré, banjur bu like Aleksandra taun 1841.[1]

Tolstoy karo papat seduluré banjur diemong buliké ana Kazan, ana pérangan kulon Ruslan.[1] Tatyana Aleksandrovna Yergoskaya (utawa "Bu Lik Toinetter" undang-undangané), duwé prabawa kang gedhé kanggo dhèwèké wektu nom-nomané.[1] Karyané kang sepisanan, Destvo (1852; Childhood), ya iku fiksi lan pengalamané wektu bocah.[1]

Pawiyatan[besut | besut sumber]

Tolstoy kadhaptar ana University of Kazan ing 1844 ana basa Oriental, diwulang déning tutor ana ngomah.[1] Bijiné kang ora nyukupi meksa dhèwèké pindhah ana fakultas ukum kang kurang nuntut, dhèwèké nulis perbandingan the Spirit of LawsMontesquieu lan nakaz (instruksi kodhe ukum) Catherine II.[1]

Dhèwèké seneng sastra lan étika, seneng karyané novèlis Inggris, Laurence Sterne lan Charles Dickens; lan, mligi, tulisané filsuf Prancis Jean-Jacques Rousseau.[1]

Lebar metu saka universitas tanpa gelar, Tolstoy bali nèng Yasnaya Polyana, dhèwèké duwé rencana ndhidhik awaké dhéwé, ngurus omah-omahé, lan réwangé.[1]

Taun 1851, dhèwèké bareng karo kakangé, Nikolay, perwira wadya, ana Kaukasus banjur mlebu wadya.[1] Dhèwèké mèlu perang mungsuh pribumi lan Perang Crimea (1953-1856).[1]

Pakaryan[besut | besut sumber]

Nom-nomané, dhèwèké nulis jurnal ngenani pangrembakan moral lan spiritualé.[4] Dhèwèké makarya lan nemu tujuan uripé.[4] Tuwané, cathetan mau dadi reflèksi langsungé ngenani tujuaning urip, diklumpukaké saka kadohan, kaorasampurnan, lan kasangsaraning urip.[4]

Dhèwèké nemu lelipur ana tulisan-tulisan filsuf, téyologis, lan ilmuwan.[5] Kang banjur ditulis ana Confession taun 1884.[5] Dhèwèké nemu wawasan ana urip padinané wong tani Ruslan kang nyritakaké yèn saben wong kudu ngabekti marang Gusti tinimbang urip kanggo awaké dhéwé.[5]

Ékskomunikasi[besut | besut sumber]

Nututi kondhangé Anna Karenina, Tolstoy ngrasa ora kepénak karo latar wuri aristokratis lan bandhané, kang marakaké krisis émosional lan spiritual.[2] Dhèwèké banjur nekokaké kaprecayané marang agama kang diorganisir.[2][5] Dhèwèké mandheng iku ngrusak interprétasi ajaran Yesus Kristus.[2] Tolstoy nolak ritual rélijius, nékokaké/nyerang peran agama lan hak kepemilikan.[2][5] Taun 1901, dhèwèké kena ékskomunikasi déning Gréja Ruslan Ortodoks.[2][5]

Karya[besut | besut sumber]

Pratélan karyané Leo Tolstoy:[1]
Childhood (1852)
Youth (1857)
Lucerne (1857)
Three Deaths (1859)
Khlostomer: The Story of a Horse (1863; 1886)
The Cossacks (1863)
War and Peace (1865-1869)
Anna Karenina (1875-1877)
An Examination of Dogmatic Theory (1880)
Union and Translation of the Four Gospels (1881)
What People Live by (1882)
What I Believe (1884)
My Confessions (1884)
Where Love is, God Is (1885)
How Much Land Does a Man Need (1885)
The Death of Ivan Ilyich (1886)
The Kreutzer Sonata (1891)
The Kingdom of God is within You (1893)
What is Art (1898)
Father Sergius (1898)
Ressurectiom (1899)
The Living Corpse (1900)
The Power of Darkness (1886)
Hadji-Murad (1904)

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q Morson, Gary Saul (23 July 2015). "Leo Tolstoy: Ruslann Writer". britannica.com. Dijupuk 11 January 2016. 
  2. ^ a b c d e f Maranzani, Barbara (15 January 2016). "5 Things You May Not Know About Leo Tolstoy". history.com. Dijupuk 10 September 2016. 
  3. ^ a b c d e Leo Tolstoy (2015). Hadji Murat. Yogyakarta: Narasi. k. 241-242. ISBN 978-979-168-446-0. 
  4. ^ a b c d Popova, Maria. "Leo Tolstoy, Shortly Before His Death, on Love, Reason, Human Nature, and What Gives Meaning to Our Lives". brainpickings.org. Dijupuk 25 August 2016. 
  5. ^ a b c d e f Zolotov, Andrei (March 1, 2001). "100 Years After Excommunication, Church Cannot Look Kindly Upon Tolstoy". Christianity Today. Dijupuk 10 September 2016. 

Pranala njaba[besut | besut sumber]