Lasem, Rembang
| Lasem | |
|---|---|
| Kacamatan | |
| Trankripsi basa Indonésia | |
| • Resmi | Lasem |
| Koordhinat: 6°40′52″S 111°27′54″E / 6.68109°S 111.4651°EKoordhinat: 6°40′52″S 111°27′54″E / 6.68109°S 111.4651°E | |
| Negara | Indonésia |
| Provinsi | Jawa Tengah |
| Kabupatèn | Rembang |
| Kodhe Laladan Administrasi | Masalah skrip: Fungsi "getRawValue" ora ana. |
Lasem (carakan: ꦭꦱꦼꦩ꧀, hanzi: 啦森) iku salah sawijiné kacamatan ing Kabupatèn Rembang, Jawa Tengah, Indhonésia.[1] Lasem manggon ana ing pasisir Pulo Jawa sisih lor (Pantura Jawa). Lasem iki kondhang diarani minangka negri Cina Cilik ing tanah Jawa.[2]
Géografi
[besut | besut sumber]Kacamatan Lasem dumunung ana ing wewengkon Kabupatèn Rembang ing sisih wétan, kurang luwih 12 km sisih wétan saka punjer parèntah Kabupatèn Rembang. Wates-watesing Kacamatan Lasem yaiku:
- Ing sisih lor winatesan karo Segara Lor/Segara Jawa
- Ing sisih wétan winatesan karo Kacamatan Sluké
- Ing sisih kidul winatesan karo Kacamatan Pancur
- Ing sisih kulon winatesan karo Kacamatan Rembang
Kacamatan Lasem nduwèni wewengkon wiwit Segara Lor nganti Gunung Lasem ing sisih kidul, jembaré wewengkon 4.503,80 Ha.[3]
Sujarah
[besut | besut sumber]Sujarah lasem bisa karuntut saora-orané saka jaman Majapait. Ing jaman Majapahit Lasem nduwèni kalungguhan minangka kaya déné kadipatèn sing dadi parèntah dhaèrah ana ing sajroning paprèntahan negara agung Majapait. Panguwasa dhaèrah ing Lasem iki anandhang gelar "bhre" (gelar panguwasa dhaèrah ing sajroning negara agung Majapahit, lumrahé isih kasandhang déning para sentana dalem[4]). Miturut sapèrang sumber salah sawijiné sing jumeneng dadi Bhre Lasem yaiku Dyah Dhuhita Indu Dèwi, adhi Prabu Hayam Wuruk (Sri Rajasanagara).[5]
Sabubaré Majapait, Lasem gonta-ganti lumebu ana sajroning krananing praja-praja ing Tanah Jawa; wiwit Demak, Pajang, lan pungkasan Mataram. Ing abad 18, 17 November 1943 Sri Susuhunan Pakubuwana II lan VOC anggawé mupakat lumantar Prajanjèn Jepara sing salah sawijiné isiné mènèhaké Pasisir Lor Pulo Jawa (kalebu Lasem) marang VOC.[6] Ing jaman saterusé kalungguhan Lasem kaowah dadi tlatah sing dumunung ana wewengkoné Kabupatèn Rembang. Durung ana sumber sujarah utawa panlitèn faktual sing bisa njlèntrèhaké kanthi rinci babagan iki. Ing taun-taun lan abad sabanjuré Lasem tetep dadi kutha plabuhan sing ramé katekan bangsa manca lan para sudagar utamané bangsa Cina sing mampir banjur manggon ana ing Lasem.[7]
Lasem kondhang diarani Nagri Cina Cilik ing Tanah Jawa jalaran Lasem ing rikala semana, sakurang-kurangé wiwit abad XIV wus dadi papan jujugan para sudagar Cina sing arep dedagang ana ing Nuswantara utamané Pulo Jawa.[8] Katrangan iki kadukung bukti kanthi Klenthèng Cu An Kiong sing wus madeg nalika abad XV ing Lasem.[9] Ing abad XVIII kampung Pacinan ing Kutha Lasem saya ngrembaka, apa manèh sabanjuré prastawa Gègèr Pacinan ing Batawi tahun 1743[10] sing nyebabaké migrasi (playonan) gedhèn para bangsa Tionghoa metu saka Batawi sing golèk pepanggonan anyar sing ayem lan aman. Para sudagar Cina iki uga ngrembakakaké sektor indhustri lan kanuragan kayata: bathik, tègel, kanthi candhu.
Pariwisata
[besut | besut sumber]Lasem kalebu salah sawijining kutha lawas sing isih angadeg ing bumi Indhonésia. Akèh papan lan objèk sing ngawrat sujarah, seni, budaya, lan elmu sing bisa jujugan wisata kayata:[11]
- Klenthèng Cu An Kiong
- Klenthèng Gie Yong Bio
- Masjid Jami Lasem
- Musiyum Bathik Telung Negari
- Musiyum Nyah Lasem
- Lorong Kampung Pacinan Lasem
- Omah Oei
Bathik
[besut | besut sumber]Para sudagar Cina ora amung dedagang ing Kutha Lasem, para sudagar iki uga nggawa lan ngenalaké teknik mbathik marang para warga masyarakat Jawa ing Lasem. Wiwit pungkasan abad XVIII nganti sadurunge Perang Donya II iku dadi jaman kamulyaning indhustri bathik ana ing Lasem. Bathik Lasem yaiku jinis bathik sing wujud lan ngrembaka ana ing Lasem, bathik iki nduwèni corak lan warna khas sing awujud saka unsur-unsur alam ing Lasem kayata kewan, tuwuhan, lan tlatah pinggir segara.[12] Bathik Lasem uga isih kagolong jinis bathik pasisiran sing duwé warna cerah utamané abang lan motif manéka rupa. Motif Bathik Lasem ora luput saka unsur seni Cina sing wus lebur karo budaya Nuswantara utawa kerep diarani budaya Cina Peranakan.[13][14]
Ing Lasem uga ngrembaka sing diarani Bathik Telung Negari, Bathik Telung Negari yaiku bathik kasil akulturasi budaya Jawa lan Cina sing ngleburaké gaya bathik saka 3 negari: Surakarta, Pekalongan, lan Lasem. Bathik iki nduwèni werna khas yaiku abang, biru, lan soklat kanthi campuran motip klasik kraton, pasisiran, uga peranakan.[15] Bathik iki ing jaman biyen kudu digarap ana ing telung panggonan sing béda: ing Lasem bathik iki diwènèhi werna abang, ing Pekalongan bathik iki banjur diwènèhi werna biru, lan ing Surakarta bathik iki diwènèhi werna soklat.[16]
Gladri
[besut | besut sumber]- Kali Lasem Jaman Walanda
- Omah Oei
- Museum Nyah Lasem
- Bathik Lasem
- Péta Kabupatèn Rembang
- Bathik Lasem Peranakan
- Bagéyan Tengah Klenthèng Cu An Kiong Lasem
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Kode dan Data Wilayah Administrasi Pemerintahan (Permendagri No.56-2015)". www.kemendagri.go.id . Diarsip saka sing asli ing 2017-04-29. Dibukak ing 2017-10-31.
- ↑ digsa.id. "Pariwisata Provinsi Jawa Tengah | Destinasi Wisata | TIONGKOK KECIL LASEM". visitjawatengah.jatengprov.go.id (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Profil". Kecamatan Lasem – Kabupaten Rembang (ing basa Inggris). 2023-05-05. Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Bhre Budaya » Budaya Indonesia". budaya-indonesia.org. Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Laboratorium Sejarah Situs Majapahit Lasem". Kompas.com. 8 September 2011. Dibukak ing 1 Desember 2025.
{{cite web}}:|first=missing|last=(pitulung); Check date values in:|access-date=(pitulung) - ↑ "Harian Massa - Penting dan Terpercaya". Harian Massa - Penting dan Terpercaya (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ Azizah, Ulvia Nur. "Lasem: Kota Bandar di Era Perdagangan Rempah-Rempah dan Perkembangannya". detikjateng (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.[pranala mati permanèn]
- ↑ Fadlil, Mukhammad. "Sejarah Awal Permukiman Tionghoa di Lasem, Tiongkok Kecil di Rembang". detikjateng (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2025-08-04. Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ Malagina, Agni (2018-12-07). "Klenteng Cu An Kiong Lasem". Kesengsem Lasem (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ Media, Kompas Cyber (2023-09-02). "Tragedi Geger Pecinan 1740: Penyebab dan Dampaknya". KOMPAS.com (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ Dianawuri, Lucia. "10 Rekomendasi Wisata di Lasem yang Menarik dan Hits". tirto.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Batik Lasem, Akulturasi Budaya Tiongkok-Jawa" (ing basa Inggris Amérika Sarékat). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Batik Lasem Akulturasi Budaya Jawa dan Tiongkok – Pemerintah Kabupaten Rembang" (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Sejarah Batik Lasem, Wastra Pesisir di Jalur Rempah Nusantara - Semua Halaman - National Geographic". nationalgeographic.grid.id (ing basa Indonesia). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ "Batik Tiga Negeri Khas Lasem yang Melegenda, Yuk Ketahui Seluk Beluknya! - Indonesia Travel". www.indonesia.travel (ing basa Inggris). Dibukak ing 2025-12-01.
- ↑ Putra, Agil Trisetiawan. "Sejarah Batik 3 Negeri, Karya Perpaduan Khas Pekalongan, Lasem dan Solo". detikjateng (ing basa Indonesia). Diarsip saka sing asli ing 2023-01-23. Dibukak ing 2025-12-01.
| Artikel kacamatan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |