La Défense
| La Défense | |
|---|---|
| Sovereign state | France |
| Région | Île-de-France |
| Département | Hauts-de-Seine |
| Boroughs | Pratélan
|
| Laladan | |
| • Gunggung | 14 km2 (5 sq mi) |
| Cacah warga (2006) | |
| • Gunggung | 20,000 |
| Zona wektu | UTC+01:00 |
| Situs wèb | parisladefense |

La Défense ya iku siji distrik bisnis gedhé ing kutha Paris (Basa Prancis: "Ville de Paris") lan kang gedhé dhéwé ana ing Éropah,[1] mbatesi Neuilly-sur-Seine, pérangan kulon kutha.[1] Distrik iki yaiki siji distrik bisnis utama ana ing Éropah.[1] Papane ana ing dalan tol kang ngubengi commune Nanterre, Courbevoie lan Puteaux ing département Hauts-de-Seine.[1] Distrik iki manggon ana ing Sumbu Bersejarah Paris paling kulon (sakiwa-tengené 10 km), kang ndhisike ana ing Louvre ing Pusat Kutha Paris lan nglintasi Champs-Élysées lan Arc de Triomphe.[1] Ana ing Grande Arche dhuwure 100m lan esplanade ("le Parvis"), ana ing distrik iki ana yasan paling dhuwur ing area urban Paris: ambané ya iku 77.5 hèktar, 72 yasan saka kaca-lan-wesi kalebu ana ing kono ya iku yasan kang sakndhuwure 150 m, 150 000 pekerja padinan lan 3.5 yuta mèter pasagi perkantoran.[1] La Défense ya iku distrik gedhé dhéwé ing eropah kang diyasa mirunggan kanggo kepantingan bisnis.[1] La Défense dijenengi kanggo reca La Défense de Paris, kang digawé nalika taun 1883 kanggo mèngeti prajurit kang wis mempertahanke Paris ana ing Perang Franco-Prussia.[2] Jeneng area iki kadang-kadang njalari kadadéan kekacauan ing antarané pengunjung, kang sok nganggep La Défense kaya jinis zona militèr.[2]
Yasan kang direncanakake
[besut | besut sumber]| Nama | Panggango | Tinggi | Tingkat | Commune(kotamadya) | Katrangan | |
| mèter | sikil | |||||
| Hermitage Plaza | perkantoran | 323 | 93 | Courbevoie | Disarujuki | |
| The Link | perkantoran | 241 | 52 | Puteaux | Sajeroning konstruksi | |
| Tour First | perkantoran | 225 | 728 | 61 | Courbevoie | Temen maujud |
| Tour Hekla | perkantoran | 220 | 721 | 49 | Puteaux | Sajeroning konstruksi |
| Tour des Jardins de l'Arche | perkantoran | 206 | 675 | 53 | Nanterre | Sajeroning konstruksi |
| Tour Majunga | perkantoran | 195 | 640 | - | Puteaux | Temen maujud |
| Tour D2 | perkantoran | 175 | 574 | - | Courbevoie | Temen maujud |
| Hôtel Meliá Paris La Défense | perkantoran | 87 | 285 | - | Courbevoie | Temen maujud |