Kursi rodha

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Menyang navigasi Menyang panggolèkan
Gambar Kursi Rodha

Kursi Rodha ya iku sawijining piranti sing wong sing ngalami kangélan mlaku migunakaké sikil, mbuh iku amarga lelara, cedera, utawa cacat. Piranti iki bisa diobahaké kanthi disurung wong liya, diobahaké tangan, utawa nganggo mesin otomatis. Kursi rodha digunakaké sing kapisan ana Inggris, kacathet taun 1670-an [1].

Sajarah Kursi Rodha[besut | besut sumber]

Bukti manawa evolusi cara mukir manungsa bisa ngrampungi kawatesan fisik manungsa wis ditrepaké nganggo èneké siji panemuan barang kanggo mbiyantu manungsa mlaku ya iku kursi rodha. Kursi rodha ing wektu dadiné dhapuré gagasan miturut fungsiné wés ketok saka taun 4000 sadurungé masèhi. ya iku ing dataran Mediterania laladan Basin pérangan étan sing dinuga dadi cikal bakal tinemu kursi rodha [2].

Sebagian wong nganggep panemuan iku dudu penemuan kursi rodha lan wong-wong padha nduwé anggepan deweé manawa iku namung panemuan babagan siji furnitur sing gerak. Manawa dioncèki luweh adoh manèh, kita samestiné ngakoni panemuan ing Mediterania iki dadi wiwitan eneké gagasan dhasar saka kursi rodha. Panemuan babagan ndelèh rodha ing ngisor salah sijining barang émang ora fénomenal kanggo pikiran manungsa, namung manawa dibayangkaké panemuan iku enèké ing jaman sing adoh banget saka salah sijiné ngèlmu kawruh. Mlaku saka pemikirané masarakat Mediterania iki, kursi rodha dadi prakara sing anyar kanggo peradabané manungsa lan wiwit modifikasiné kagunaan saka furnitur sing dikompliti nganggo rodha [2].

Perkembangané kursi rodha wiwit ketok ing dataran Mediterania iki terus dilanjutaké saka jaman tumuju jaman. Kanggo sing bakal dijelasaké ènèng kéné ya iku kalanjutan perkembangané ing donya saka pirang-pirang anggepan sing umum [2].

Ing taun 1655, Stephan Farffler, tukang jam tangan paraplegic umur 22 taun, mbangun kursi mandhiri pisanan ing donya ing sasis roda telu nggunakake sistem cranks lan cogwheels.[3] Nanging, piranti kasebut meh padha karo mancal tangan tinimbang kursi rodha amarga desaine kalebu engkol tangan sing dipasang ing roda ngarep.

Ing taun 1887, kursi rodha ("kursi gulung") dienal ing Atlantic City supaya turis sing ora sah bisa nyewakake kanggo nikmati Boardwalk. Ora let suwe, akeh turis sing sehat uga nyewa "kursi gulung" sing dihias lan pelayan kanggo nyurung minangka pertunjukan dekaden lan perawatan sing ora bisa dialami ing omah.[4]

Jinise kursi rodha[besut | besut sumber]

Ana warna-warna jinisé kursi rodha sing racaké digunakaké ya iku:

Kursi rodha manual[besut | besut sumber]

ya iku kursi rodha sing digerakaké nganggo tangané sing panyandang cacat, kursi rodha iki racaké minangka kabèh kegiyatan. Kursi rodha manual bisa dioperasekaké nganggo bantuan dinggo wong liya utawa saka penggunané dhéwé. Kursi rodha kaya iki ora bisa dioperasekaké saka panyandang cacat sing duwé kacacatan ana tangan uga. Kursi rodha manual sing ana ing Indonesia ana sing gawéan lokal lan ana kursi rodha import [1].

Kursi rodha listrik[besut | besut sumber]

ya iku kursi roda sing digerakaké nganggo motor listrik, racaké digunakaké ing wektu perjalanan sing adoh kanggo panyandang cacat utawa panyandang cacat ganda saingga ora mampu nglakokaké dhéwé kursi rodha, kanggo nglakokaké kursi rodha, cukup nganggo tuas kaya joystick kanggo nglakokaké maju, ngubah arah kursi rodha belok ngiwa utawa belok tengen lan kanggo ngerém mlakune kursi rodha. Lumrahé kursi rodha listrik dikompliti nganggo piranti kanggo ngecas/ngisi ulang aki/batu batreiné sing bisa langsung dilebokaké ing stop kontak ing griya/yasan sing ditekani [1].

Kursi rodha kanggo sport[besut | besut sumber]

Kursi rodha kanggo balapan

Kursi rodha manual kanggo kegiyatan ulah raga, ing balapan kursi rodha sing direncanakaké kanthi mlaku sing rikat dibutuhaké usaha kanggo ngundhakaké keajegan migunakaké tambahan 1 rodha ing ngarep kaya trike (sepeda rodha telu). Sawijining perangkat sing umum tinemu ing acara ulah raga/olimpiade kanggo panyandang cacat [1].[5]

Fasilitas kanggo pangguna kursi rodha[besut | besut sumber]

Antarané fasititas umum sing wajib dikompliti nganggo aksesibilitas kanggo pangguna kursi rodha ya iku:

  • Trotoar sing dikompliti undak-undakan ing saben simpangan nganggo dalan utawa aksès yasan.
  • Undakan kanggo mlebu gedung,
  • Lift mirunggan ing yasan tingkat sing dikompliti eskalator
  • Angkudan umum nganggo lantai sing endèk (low floor)
  • Fasilitas parkir mobil sing mirunggan kanggo panyandang cacat [1].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e http://id.wikipedia.org/wiki/Kursi_roda(dipununduh tanggal 4 Juli 2012)
  2. a b c http://www.berbagaihal.com/2011/04/berbagai-hal-tentang-kursi-roda.html(dipununduh tanggal 4 Juli 2012)
  3. Bellis, Mary. "History of the Wheelchair". thoughtco.com. Dibukak ing April 14, 2017.
  4. Johnson, Nelson (2012-02-01). Boardwalk Empire: The Birth, High Times, and Corruption of Atlantic City (Kindle ed.). Independent Publishers Group. p. 28.
  5. Butt, Muhammad Bilal (2020-01-22). "Disabled Sports: Sports wheelchairs a hope for disabled sportsman". Youth Press Pakistan. Youth Publishers (Which owns Pakistan Times). Dibukak ing 2022-02-19.