Kintaro

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Kintaro nitih ulam koi, lukisan karyanipun Tsukioka Yoshitoshi

Kintaro (金太郎 Kintarō?) inggih punika tokoh carita rakyat Jepang awujud laré jaler mawi tenaga ingkang super kuwat [1]. Piyambakipun kagambaraken minangka laré jaler ingkang séhat mawi ngginakaken rompi abrit kanthi seratan aksara kanji (emas). Ing tanganipun, Kintaro mbeta kapak (masakari) ingkang semendhé wonten ing pundhak. Kadang kala piyambakipun ugi kagambaraken nembé nitih beruang.

Cariyos Kintaro dipungayutaken kaliyan karaméan dinten anak lanang ing Jepang. Kintaro dados tema bonékah wulan gangsal (五月人形 gogatsu ningyō) ingkang dipunpajang kanggé ngrayakaken dinten anak-anak. Tiyang sepuh ingkang majang bonékah Kintaro gadhah kekajnegan supados anak jaleripun tuwuh kanthi séhat, kuwat an wantun kados Kintaro. Kajawi punika Kintaro asring dipungambaraken nitih ualm koi wonten ing koinobori. Cariyos Kintaro punika jaréné asalipun saking masa alitipun satunggaling samurai kanthi nama Sakata Kintoki (坂田公時 utawi 坂田金時?) sakingjaman Heian. Miturut legenda, ibuipun punika satunggaling Yamauba (wanita saking gunung, utawi yamamba) ingkang ngandhut amargi tumindakipun déwa petir Raijin. Cariyos sanès ngandharaken bilih ibunipun nglairaken Kintaro saking hubunganipun kalih naga abrit.

Legenda[besut | besut sumber]

Kintaro kaliyan ibunipun, lukisan karya Kitagawa Utamaro

Miturut cathetan Kuil Kintaro ing kutha Oyama, Shizuoka, Kintaro wiyos nalika wulan 5 taun 965. Ibunipun anama, putri saking ahli ukir anama Jūbei ingkang nyambut damel wonten ing Kyoto. Kintaro punika larénipun kaliyan karyawan astana anama Sakata Kurando. Bibar ngandhut, Yaegiri kondur dhateng désanipun kanggé nglairaken Kintaro. Nanging lajeng boten kondur marang Kyoto malih amatgi bapakipun Kintaro sampun tilar donya. KIntaro gesang kaliyan ibunipun wonten ing désanipun ing Gunung Ashigara. Kintaro tuwuh minangka anak ingkang kuwat, sopan lan bakti marang ibunipun. Nalika sampun ageng, Kintaro nglampahi gulat sumo nglawan beruang ing Gunung Ashigara.

Kintaro kepanggih kaliyan Minamoto no Yorimitsu ing pucuk Gunung Ashigara nalika 28 April 976. Yorimitsu ndadosaken Kintaro pendhèrèkipun bibar mangertos kekuwatan fisik Kintaro. Namanipun gantos dados Sakata Kintoki. Piyambakipun tugas wonten ing Kyoto lan dados salah satunggal saking 4 pengawal ingkang dipunwastani kelompok Shitennō. Tiga kanca sanèsipun inggih punika Watanabe no Tsuna, Urabe no Suetake, lan Usui Sadamitsu. Kelompok Shitennō dipunsebat wonten ing literatur klasik Konjaku Monogatari ingkang terbit kirang langkung 199 taun bibar sedanipun Minamoto no Yorimitsu. Tigang kancanipun saged dipunpastekaken naté wonten, nanging Sakata Kintoki dèrèng naté saged kebukti kawontenanipun.[2]

Nalika 28 April 990, Kintoki kasil nggusah oni anama Shuten Dōji ingkang mapan wonten ing Gunung Ōe, Provinsi Tamba (sapunika kutha Fukuchiyama, Prefektur Kyoto). Shuten Dōji prelu kasingkiraken amargi mlebet kutha ingkang damel ricuh. Nalika ngadep Shuten Dōji, Yorimitsu sareng kaliyan sekawan pengawalipun (kalebet Kintoki) nyamar minangka biksu Yamabushi. Shuten Dōji takluk kanthi ngginakaken sake ingkang sampun dipuncampur kaliyan obat saré. Nalika 11 Januari 1012, Sakata Kintoki 55 taun, tilar donya wonten ing Mimasaka (sapunika kutha Shōō, Prefektur Okayama) amargi panas ingkang inggil. Kala punika, Kintoki nembé ing margi tumuju Kyushu kanthi ancas nglawan pambrontak. Penduduk ing mriku ndadosaken panutan saéngga damel satunggaling kuil kanggé Kintoki (sapunika dipunwastani Kuil Kurigara) [3].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Kumpulan Cerita Rakyat Jepang Yang Terkenal[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 9 Fèbruari 2013)
  2. "Kintarō". Nihon bunka iroha jiten.
  3. Kintaro[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 9 Fèbruari 2013)

Pranala njawi[besut | besut sumber]