Kertu Tarot

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Tarot Visconti-Sforza

Kertu tarot (pisanan dikenal minangka trionfi lan sakbaré minangka tarocchi, tarock, lan liya-liyané) iku sak kelompok kertu digunakaké saka tengahaning-abad angka 15 ing warna-warna péranganing Éropah kanggo dolanan, kayata Itali disebut tarocchini lan ning Prancis, Prancis tarot. Ing pungkasan abad angka 18, iku wiwit kanggo golèk wangsit ing bentuk saka tarotologi/kartomansi.

Kaya lumrahé maén kertu, tarot nduwé papat golongan (kang béda-béda miturut tlatah: golongan Prancis ing Éropah Lor, golongan Latin ing Éropah Kidul, lan golongan Jerman ing Éropah Tengah). Saben golongan nduwé 14 sim, kanthi sepuluh kertu dinomeri saka siji (utawa Ace) tekan sepuluh lan papat kertu tokoh (Raja, Ratu, Satriya, lan Wadung). Kajaba iku, ing tarot wis kapisah dadi 21-kertu trump lan kertu cacah siji sing diarani Gemblung/wong Bodho. Gumantung ing permainané, wong Bodho bisa dadi urutan ndhuwur trump utawa bisa diputer nggo ngéndani golongan sawisé.[1]

Kertu tarot sing digunakaké ing saindhenging Éropah akèh-akèhé kanggo dolanan gim kertu. Ing nagara sing nggunakaé basa Inggris, kertu tarot iki ora kanggo dolanan, nanging kertu tarot kanggo maca nasib/ngramal/divinasi (divinatory). Kertu Trump lan wong Bodho kérép disebut "mayor arcana" utawa arkana mayor, nalika sepuluh kertu lan papat kertu tokoh ing saben set uga disebut " minor arcana" utawa arkana minor. Kertu-kertu iki dilacak karo panulis mistik ngarah ing Mesir kuna utawa Kabbalah nanging durung ana bukti-bukti kang nyathet keasliyané utawa panganggoné kertu tarot dinggo ngramal sakdurunge abad angka 18.[1]

Étimologi[besut | besut sumber]

Tembung tarot lan basa Jermané,Tarock dijupuk saka basa Italia tarocchi, nanging asalé tembung durung pasti.[2] Sumberé saka tembung tarocco, kang tegesé jinis jeruk getih ing basa Italia anyar. Ono téyori sing ngubungké karo Kali Taro ing Italia lor; permainan iki dikira-kira asalé saka Milan utawa Bologna.[3] Panulis liyané pracaya yèn iku asalé saka basa arab tembung طرق turuq, kang tegese 'cara'.[4] Arti liyané, iku bisa saka basa Arab ترك taraka, 'kanggo ninggal'.[5]

Sajarah[besut | besut sumber]

Gim kertu mlebu kawitan ing Éropah ing pungkasaning abad kaping 14, akèh-akèhé saka Mamluk Mesir, nggunakaké istilah Batons utawa gitik Polo (lumrahé dijenéngi Sada Lanang karo para iladuni utawa tarot divinasi), Koin (lumrahé dijenéngi disks, utawa pentacles ing iladuni utawa tarot divinasi), Pedhang, lan Cangkir. Set iki padha karo tarot divinasi anyar lan isih digunakaké ing permainan kertu tradisional Italia, Spanyol lan Portugis .[6]

Cathetan pisanan dhéwé bab pak-pakan tarot kacathet antarané 1430 lan 1450 ing Milan, Ferrara lan Bologna nalika tambahan kartu trump nganggo ilustrasi pralambang padha ditambahaké ing pak papat kelompok umum. Pak-pakan anyar iki diarani carte da trionfi, kertu kemenangan, lan kertu tambahan diarani trionfi, kang dadi "trumps" ing Inggris. Kertu-kertu iki dicathet ing pratèlan kang katulis ing cathetan karaton ing Florence, ing 1440. Kertu tuwa dhéwé ingkang isih ana dilukis ing pertengahan abad angka 15 kanggo kulawarga Visconti-Sforza, panggedhé saka Milan.[7] Ing abad-16, gim anyar dilakokaké nganggo kertu standar nanging jenengé isih padha mbiyen (triomphe) iki rikat dadi populer. Wektuné bebarengan karo gim lawas kang jenengé tarocchi.

Le Bateleur: Ing Juggler saka Jean Dodal Tarot saka Marseilles. Kertu iki asring dijenengi Pesulap ing tarot basa inggris modern

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Dummett, Michael A. E; Mann, Sylvia (1980). The game of Tarot: From Ferrara to Salt Lake City. ISBN 9780715610145. 
  2. ^ About the etymology of Tarot, Michael S. Howard-Le Tarot
  3. ^ Cassandra Eason, Complete Guide to Tarot, p. 3 (Crossing Press, 2000; ISBN 1-58091-068-8)
  4. ^ "History of Tarot Cards". Buzzle.com. July 15, 2008. Dijupuk January 27, 2009. 
  5. ^ Etymology for Tarot, Douglas Harper-The Online Etymology Dictionary
  6. ^ Donald Laycock in Skeptical—a Handbook of Pseudoscience and the Paranormal, ed Donald Laycock, David Vernon, Colin Groves, Simon Brown, Imagecraft, Canberra, 1989, ISBN 0-7316-5794-2, p. 67
  7. ^ Dummett, Michael (1996). A Wicked Pack Of Cards. k. 25. ISBN 9780312162948. 

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Huson, Paul, Mystical Origins of the Tarot, Destiny Books, 2004, ISBN 0892811900.
  • Nichols, Sallie, Jung and Tarot: an Archetypal Journey, York Beach: Weiser, 1980
  • Douglas Alfred The Tarot Penguin Books 1972
  • Robert Mazlo, A la recherche du Tarot perdu. Les tablettes d'Hermès, Ramuel Ed., 1998, ISBN 2910401863.
  • Nancy Garen, Tarot Made Easy., Fireside; Published by Simon & Schuster 1989 ISBN 0671670875
  • Jane Lyle, The Renaissance Tarot., Fireside: Published by Simon & Schuster, 1998 ISBN 9780684854908