Keji

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Keji (Strobilanthes crispus) cukup dikenal ing Jawa minangka tanduran atanapi wiwitan Obat. Ing sajroné basa lokal Jawa, ana kalangan sing nyébut kèji béling lan ana sing ngarani: ngoklo, ènyah kilo, kaci béling. lan ning Sunda kasébut picah béling.

Kèji béling iku tanduran semak sing dhuwuré nyampé 1-2 m. pangé beruas, wujudé bundér, rambuté kasar lan warnané ijo. Cabangé ngelampréh ning lèmah lan métu sing oyod sèbabé bisa dipisahakén sing tanduran èmboké. Tanduran kién uga gampang cukul ning lèmah ning subur, rada kélindung ning lahan jaba. Cukul ning lémah sor lan lémah duwuré 1.200 mdpl. Ning Jawa, tanduran iki akèh cukul ning désa, lan kémbang dadi sémak. Dicangkokaké nggunakakén wijil lan sték.

Kabaré zat Kalium sing ana ning wiwitan iki nyébabakén diuretik, lan bisa ngeleburakén watu sing ngébentuk sing uyah kalsium oksalat ning kantong èmpédu, kantong uyuh lan ginjel. Cara nggunakakéné karo nginung banyu godogan kéji beling sécara teratur ning waktu tertentu. Godong kéji bisa digunakakén ènggo lalaban. Godong kéji bisa digunakakén enggo gatél-gatél kéna ulér wulu atanapi dicokot lamuk lan dicokot sémut. Kèji béling uga diwéruhi ngandung polifénol, katékin, kaféin, tanin, lan vitamin.


Aran-Aran désa[besut | besut sumber]

Désa-désa ning Jawa Wetan/Jawa Tengah/DIY sing nggunakaken aran kéji kanggo aran desané contoné:

  1. Désa/Kelurahan Keji, Kecamatan Unggaran Barat, Kabupatèn Semarang.
  2. Désa/Kelurahan Keji, Kecamatan Muntilan, Kabupatèn Magelang.[1]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Santosa, Iman Budhi. Suta naya dhadhap waru : manusia Jawa dan tumbuhan. Yogyakarta. ISBN 9786026250421. OCLC 1040082743.