Menyang kontèn

Irfan Hakim

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Irfan Hakim
LairIrfan Hakim Firmansyah
15 Oktober 1975 (umur 50)
Bandung, Jawa Barat, Indonesia
BangsaIndonesia
PakaryanArtis, Model, Pelawak, Pranatacara
Taun aktif1997 - saiki
BojoDella Sabrina Indah Putri
AnakAisha Maydina Hakim
Rakana Hakim dan Raina Hakim (kembar)

Irfan Hakim Firmansyah (lair ing Bandung, 15 Oktober 1975; umur 50 taun).[1] Irfan Hakim ya iku salah sijiné modhel, pelawak, juru main sinétron, lan presenter kang asalé saka Indonésia.[1]

Irfan Hakim iku anak nomer pitu saka sadulur kang cacahé wolu.[1] Irfan Hakim iku putrané H. Rosyid Sukarya lan Hj. Juariah.[1] Irfan wis biyasa manggung kaya ta maca puisi, nari lan nyanyi.[1] Malah nalika taun 1997, Irfan Hakim tau dadi dhuta seni Indonesia.[1] Pengalaman iki ndadékaké Irfan manteb kerja ing donyaning hiburan Indonesia.[1] Irfan éntuk kasempatan kanggo lunga menyang Jepang lan Éropah kanggo mamerake kabudayan Indonesia.[1] Pengalaman iki ndadèkaké Irfan sangsaya tenanan anggoné nyambut gawé ing donyaning hiburan.[1]

Irfan Hakim miwiti kariré nalika dhèwèké dadi modhél.[1] Sawisé dadi modhel, Irfan banjur dadi bintang iklan, juru main sinétron lan presenter.[1] Acara kang tau kabawah ya iku Game Zone, Unik, KDI 3, KDI 4, KDI 5, Titian Semangat, lan Insert Pagi.[1] Saliyané iku, Irfan uga tau dadi ikon Sarimi.[1] Déné sinétron kang tau dibintangi Irfan Hakim ya iku Anak Mami Jatuh Cinta, Joe Bebek, Kurindu Jiwaku, Putri Keempat, lan Bang Jagur.[1]

Nalika tanggal 7 Juli 2007, Irfan Hakim dhaup klawan Della Sabrina Indah Putri.[1] Della iku bocah wadon lan dadi anak siji-sijiné Panglima Kodam (Pangdam) VII Wirabuana Mayjen TNI Arief Budi Sampurno.[1] Della iku lulusan D3 Teknik Informatika STT Telkom nalika taun 2004.[1] Saka pernikahané iki, Irfan lan Della éntuk anak kang jenengé Aisha Maydina Hakim, kang lair nalika tanggal 1 Mèi 2008.[2] Irfan lan Della uga nduwé anak kembar ya iku Rakana Hakim lan Raina Hakim, kang lair nalika tanggal 21 Mèi 2010.[3]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 Profil dan berita di KapanLagi.com Archived 2010-05-02 at the Wayback Machine.(dipunundhuh tanggal 18 Juli 2011)
  2. Irfan Hakim Sukses Persalinan Hipnotis Archived 2008-06-12 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 18 Juli 2011)
  3. Akhirnya Irfan Hakim Dikaruniai Anak Kembar Perempuan Archived 2015-07-04 at the Wayback Machine.(dipuntingali tanggal 18 Juli 2011)

Ķ