Menyang kontèn

Haryadi S. Hartowardoyo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Haryadi S. Hartowardoyo
Lair18 Maret 1930
Désa Ngangkruk Kidul, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah
Pati9 April 1984
Boyolali, Jawa Tengah
Wong tuwaE. Ng. Hartowardoyo lan Suharti

Harijadi S. Hartowardoyo ya iku sastrawan kang misuwur amarga novèlé kang irah-irahan Orang Buangan.[1] Dhèwèké lair ana Désa Ngangkruk Kidul, Prambanan, Klaten, Jawa Tengah ing 18 Maret 1930.[1] Dhèwèké surud ing 9 April 1984 amarga lelara jantung. Jenazahé disarèkaké ana Boyolali, Jawa Tengah.[1] Bapaké asma E. Ng. Hartowardoyo, agamané Islam, nyambut gawé dadi mantri ana Kraton Surakarta.[1] Déné ibuné asma Suharti, agamané Katulik.[1] Haryadi ora duwé bojo.[1]

Pawiyatan

[besut | besut sumber]

Haryadi miwiti pawiyatane ana HIS Arjuna taun 1936.[1] Banjur, lumebu HIS Zendingschool ana Klaten taun 1939-1942.[1] Bubar kuwi, lumebu Sekolah Rakyat Klaten 6 taun 1942-1943.[1] Banjur, lumebu SMP Negeri 1 Banjarsari taun 1943-1947.[1] Dhèwèké lumebu SMA Pérangan A taun 1947-1948.[1] Mandheg saka SMA ing Manahan amarga sawijining alesan.[1] Banjur lumebu SMA PMIK Jakarta taun 1952-1954.[1] Sawisé nyambut gawé, Haryadi kuliah ing Fakultas Hukum lan lulus ing 1966.[1] Saliyané kuwi, naté kuliah ing Fakultas Psikologi, Universitas Indonésia, taun 1965.[1] Dhèwèké uga naté mèlu penataran ana babagan Social Research and Business Surveys ana Manila ing Juli-Agustus 1968.[1][2]

Pagawéan

[besut | besut sumber]

Haryadi naté nyambut gawé minangka juru warta ing kalawarta Poedjangga Baroe, Siasat, Garuda, Harian Kami, lan Pedoman Minggu.[2] Saliyané kuwi, dhèwèké nyambut gawé minangka guru SMP JP APP taun 1952-1957[2] Mulang ana SMAK taun 1961-1963, ana SMA JP IPPI taun 1963-1964, lan dadi dhosèn Fakultas Ilmu Pulitik, Universitas Nasional taun 1977.[2] Naté dadi Sekretaris Badan Kerja Sama Badan-Badan Sosial ana Indonésia taun 1961-1962 lan njabat dadi Kepala Biro Hubungan Masarakat ana Universitas Indonésia taun 1966.[2]

Dhèwèké dadi dhéwan rédhaksi kalawarta Si Kuntjung taun 1956.[2] Diangkat dadi dhéwan rédhaksi kalawarta Budaja Djaja taun 1968-1976.[2] Diangkat minangka Wakil Direktur Kepala Pérangan Pengumpulan Data Lapangan ana PT Insore Indonésia taun 1970-1971.[2] Kawit taun 1972, dadi juru tulis tetep ana Harian Kami minangka pangurus rubrik Astrologi dan Astronomi.[2] Dadi juru besut juru tulis naskah iklan ana Biro Iklan Matari taun 1974.[2]

Nalikané ana ramé-ramé pecahé Permusi lan PWI, jeneng Haryadi S. Hartowardoyo ngétok.[3] Dhèwèké mbukak kolom horoskop ana kalawarti KAMI, genep karo gambar zodiak lan kodhe-kodhené.[3] Ora mung ramal,nanging uga nganalisis pangrembakan pulitik-ékonomi-sosial (poleksos) ing Indonésia.[3] Haryadi ngudhar katerangan kenangapa dhèwèké nganggo cara ramal-ramalan, ya iku amarga pemimpin-pemimpin Indonésia lan masyarakaté seneng karo mistik, utawa apa waé kang sipaté mistik.[3]

Ing Kasusastran

[besut | besut sumber]

Haryadi S. Hardoyo kacathet minangka sastrawan taun 1950-an amarga taun 1950 kumpulan geguritané kang irah-irahan Loeka Bajang diterbitaké Balai Pustaka.[2] Geguritan kang diklumpukaké iku diwedhar ana kalawarta Sastra dan Boedaja sasuwéné telung taun.[2] Ing pakaryané, Haryadi duwé prinsip, dhèwèké nggawé geguritan kanthi cerita kanggo mènèhi kabébasan marang pamacané kanggo njipuk inti sariné.[2] Ana pirang-pirang sesorah, Haryadi ngandhakaké yèn gawéan ngarang kuwi mbutuhaké katelitèn supaya apa kang ditulis dadi réalis.[2] Uga tanpa panalitèn, juru tulis bakal kakurangan bahan.[2]

Korrie Layun Rampan nyatakaké yèn Haryadi iku sastrawan kondhang lan dudu wong kang ngutamakaké dhuwit.[2] Miturut A. Teeuw, Haryadi duwé bakat kang gedhé kanggo nulis geguritan.[2] Haryadi kena digolongaké ana kelompok panerus Angkatan 45.[2] H. B. Jassin kandha yèn geguritané Haryadi kalebu geguritan kang apik amarga ana geguritan kuwi bisa tinemu wujud pa-rima-an kang pas karo jiwané.[2] Haryadi naté éntuk bebungah Sayembara Penulisan Novèl kang diselenggarakaké IKAPI taun 1971 kanggo karyané kang irah-irahan Perjanjian dengan Maut.[2]

Pratélan Karya

[besut | besut sumber]

Ing ngisor iki pratélan karyané Haryadi S. Hartowarodyo:[2]
1. Loeka Bajang, kumpulan geguritan taun 1950, diterbitaké Balai Pustaka.
2. Orang Buangan, novèl taun 1971, diterbitaké Pustaka Jaya.
3. Perjanjian dengan Maut, novèl taun 1975, diterbitaké Pustaka Jaya.

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e f g h i j k l m n o p Dendy Sugono 2003, kc. 125.
  2. a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u Dendy Sugono 2003, kc. 126.
  3. a b c d "Pengusaha Ramal". tempo.co.id. geocities.ws. 25 Januari 2015. Dibukak ing 22 Agustus 2016.

Bibliografi

[besut | besut sumber]
  • Dendy Sugono, èd. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonésia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya. ISBN 979-692-283-5.

Pranala njaba

[besut | besut sumber]