Hak-hakan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Hak-hakan inggih punika kagunan ingkang asalipun saking Wanasaba, Jawa Tengah, Indonésia. Kagunan punika tinepang kawit warsa 1921 ingkang gegayutan kaliyan prakawis tetanèn wonten ing Dhusun Kaliyasa, Désa Tegalamba, Kacamatan Kalijajar.[1]

Tradhisi hak-hakan asalipun saking satunggiling dhusun ingkang dipun dunungi sawetawis kulawarga. Dhusun punika gadhah masalah bab kawontenaning toya nalika ajeng tanem. Mila bebrayan dhusun punika sami ngawontenaken pirembagan kaliyan madosi sumber toya dumugi laladan Muncar. Sumber toya ingkang kapanggih ing Muncar dipun paringi nami sumber buda. Lajeng dipun damel pangilèning toya saking sumber buda tumuju dhusun punika. Pandamelan pangilènipun boten gampil kados ingkang dipun bayangaken. Para warga makarya peng-pengan ngratakaken redi kaliyan tanah miring, nyingkrihaken watu ageng kaliyan ngresiki wit ingkang ngalangi dalaning toya. Ing wekasanipun, toyanipun saged dipun ilèkaken dhumateng dhusun. Pangilèn punika dipun arani “Kaliyasa” ingkang ateges lepèn ingkang dipun damel sesarengan. Tanah sabin dados subur tur sangsaya dangu laladanipun dumados dhusun ingkang reja. Dhusun punika wekasanipun ugi karan “Kaliyasa” sami kados pangilèn toya ingkang dipun damel.[2][3][4]

Minangka wujud sukur, bebrayan ing Kaliyasa mèngeti kabingahanipun mawi tradhisi hak-hakan ingkang dipun leksanakaken saben taun, nanging boten wonten titikanipun wanci kapan paleksananipun. Senajan ta boten wonten, tradhisi punika limrahipun dipun leksanakaken sasampunipun panèn.[5]

Tata cara[besut | besut sumber]

Tata cara hak-hakan dumados saking:

Sujarah[besut | besut sumber]

Tradhisi hak-hakan dipun wiwiti kanthi nindakaken sujarah dhumateng patilasan kaliyan makam para leluhur. Bab punika nggadhahi ancas kagem pangèling lelabuhaning para leluhur ingkang sampun berjuang nentremaken pagesangan bebrayan ing Kaliyasa.[5]

Pagelaran seni tayub[besut | besut sumber]

Seni tayub wonten salebeting tradhisi hak-hakan inggih punika satunggaling beksan kagem pakurmatan dhumateng arwahipun para leluhur, pramila kedah tansah dipun wontenaken. Sadangunipun paméntasan seni tayub, wonten ingkang ingaran nyawanggati (para warga ingkang ngajak bayinipun). Nyawanggati punika tiyang ingkang sampun nindakaken nazar, upaminipun “sésuk yèn merti dhusun anak iki arep dak gawa menyang tayuban”. Ing ngriki piyambakipun ajeng nyuwun tulung tlèdhèk (juru nembang tayub) nembang kaliyan mbeksa tumrap bayinipun ingkang ancasipun kagem ngéndhani sawan kaliyan salajengipun dipun paringi sawéran.[5]

Pagelaran beksan ageng-agengan[besut | besut sumber]

Pagelaran beksan dipun wiwiti mawi upacara prasaja kanthi nyawisaken sajèn ingkang dipun arak saking griya kepala dhusun dumugi papan pagelaran. Ugi wonten beksan arupi ébah-ébahan mbabad alas, ndamel dam, ndamel kalèn, kaliyan ngresiki kalèn. Saben tata cara wonten ing salebeting beksan punika tinengeran kaliyan senggakan alok-alok husé.[5]

Pagelaran wayang kulit[besut | besut sumber]

Ing pagelaran wayang kulit, wonten cariyos utawi lakon ingkang dipun péntasaken aran “Rama Tambak”. Ing lakon punika dhalang kedah nyumerepi kekarepaning bebrayan Kaliyasa, inggih punika mungsuh-mungsuh Sri Rama kedah dipun kalahaken utawi dipun surudaken. Ing ngriki wonten raos sumelang saking kapitadosanipun bebrayan Kaliyasa, inggih punika bilih prajurit saking Ngalengka boten saged dipun kalahaken mila dam kaliyan kalèn gadhahipun para warga bakal ngalami karusakan. Pagelaran wayang dipun wiwiti tabuh 22.00-05.00 WIB. Rerangkèn tradhisi hak-hakan tinutup kaliyan pangajian ingkang manggèn ing Masjid Dhusun Kaliyasa.[5]

Piguna[besut | besut sumber]

Tradhisi hak-hakan gadhah sawetawis piguna:

  1. Palestantunan lingkungan
    Tradhisi hak-hakan minangka pralambang nglestantunaken alam, yèku wujud sukur dhumateng kawontenaning toya ing lumahing bumi.
  2. Palestantunan budaya
    Kanthi kaleksananipun tradhisi hak-hakan saben taun, wonten pangajab amrih tradhisi punika saged dados warisan budaya tumrap kadang kanèman. Bab punika amergi tradhisi hak-hakan kaumpamikaken minangka gambaran lelampahaning pagesangan jalma ingkang sedayanipun minangka kanugrahan saking Gusti kagem dipun lestantunaken.[5]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Salamun, dkk (2002). Budaya Masyarakat Suku Bangsa Jawa di Kabupaten Wonosobo Jawa Tengah. Yogyakarta: Balai Kajian Sejarah dan Nilai Tradisional Yogyakarta. kc. 91.
  2. Penyusun, Tim (2018). Penetapan Warisan Budaya Takbenda Indonesia Tahun 2018. Jakarta: Direktorat Warisan dan Diplomasi Budaya. kc. 213–214.
  3. Handayani, Setyati Dyah; Jazuli, Muhammad; Utomo, Udi (Novèmber 2018). "The Symbolical Interaction of Inter Dance Performers in Hak-Hakan performance in The Ritual Ceremony in Kaliyoso, Tegalombo, Kalikajar, Wonosobo". Catharsis (ing basa Inggris). 7 (3): 338–347.
  4. "Tari Hak - Hakan Wonosobo | DINAS PEMUDA OLAHRAGA DAN PARIWISATA PROVINSI JAWA TENGAH". visitjawatengah.jatengprov.go.id. Dibukak ing 2019-02-19.
  5. a b c d e f Sujarno (Dhésèmber 2013). "Tradisi Hak-Hakan di Wonosobo (Salah Satu Sarana Pendidikan Karakter di Masyarakat Pedesaan)". Jantra (Jurnal Sejarah dan Budaya). Vol. 8, No. 2. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung), p. 171