Grojogan Sekar Langit

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Grojogan Sekarlangit
Grojogan Sekar Langit kapernah ing Indonésia
Grojogan Sekar Langit
Lokasi di Indonesia
Informasi tempat wisata
Lokasi Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah
Nagara  Indonésia
Koordinat 6°57′S 110°23′E / 6.95°S 110.38°E / -6.95; 110.38Koordhinat: 6°57′S 110°23′E / 6.95°S 110.38°E / -6.95; 110.38
Pangelola Pamaréntah Kab. Magelang
Jenis objek wisata Wisata alam
Fasilitas Sesawangan alam, grojogan, tlaga.

Air Terjun Sekar Langit (basa Jawa: Grojogan Sekar Langit) ya iku salah sijiné tlatah plesiran alam sing dumunung ana ing Désa Telogorejo, Kacamatan Grabag, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah. Grojogan iki ana ing èrèng-èrèngé Gunung Telomoyo, winatesan karo tlatah Kabupatèn Semarang lan Kutha Salatiga. Dhuwuré grojogan iki selawé mèter saka dhasaré telaga.[1][2]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Grojogan Sekar Langit dumunung ana ing Désa Telogorejo, Kacamatan Grabag, Kabupatèn Magelang, Jawa Tengah, ing èrèng-èrèngé Gunung Telomoyo, winatesan karo tlatah Kabupatèn Semarang lan Kutha Salatiga, Jawa Tengah. Kaéndahané tekan saiki isih dijaga kanthi apik. Akèh wit-witan kang ijo royo-royo ing sakiwa lan tengené dalan mlebu, sing dawané 400 mètèr saka dalan gedhé tumuju grojogan. Sekar Langit uga naté dadi papan kanggo nggarap film Yohana Gadis Rimba sing rikala semana diparagakaké déning Lidya Kandou lan Atek Soedharmo (1993). Éwandéné, juru arahé ya iku Wim Umboh. Pirang-pirang taun kapungkur, dalan mlebu ana ing kono rada rusak awit saka ketaman wancana longsor, nanging para pamangku praja, ora suwé banjur ndandani nganggo undhak-undhakan kang digawé saka semèn.[3][4]

Mitos Jakatarub[besut | besut sumber]

Saliyané kaéndahan alamé, sing ndadèkaké para pelancong padha kersa ing Sekar Langit ya iku anané dongèng Jaka Tarub. Miturut critané, ing telaga kono iku Jaka Tarub ndingklik lan nyolong sléndang salah sijiné widadari sing lagi adus ing satengahé telaga, ya iku Nawangwulan. Widadari kang sléndangé kacolong iku, pungkasané ora bisa mulih manèh menyang kahyangan lan nglakoni urip (dadi garwané) karo Jaka Tarub. Éwadéné sléndang mau, dadi kunci kasektèné Nawangwulan.[5][6]

Pirsani uga[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]