Menyang kontèn

Guramèh

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Gramèh)
Gurami
Osphronemus goramy
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Actinopterygii
Ordho: Perciformes
Famili: Osphronemidae
Génus: Osphronemus
Spésies: O. goramy
Jeneng binomial
Osphronemus goramy
Lacépède, 1801

Iwak Gurami utawa guramèh, (jeneng Basa Latin: Osphronemus goramy), iku iwak kang urip ing banyu tawa.[1] Iwak gurami populér lan disenengi dadi iwak konsumsi ateges iwak kang diolah lan digawé masakan.[1] Gurami dadi iwak konsumsi ing Asia Tenggara lan Asia Selatan.[1] Saliyané iku ing nagara-nagara liyané, gurami uga diingoni ing akuarium.[1] Iwak gurami dikenal kanthi jeneng gurami. Saliyané iku iwak iki uga duwé jeneng loal ya iku gurame (Sd.); grameh (Jw.); kalui (Jb.); ikan kali (Plg.), lan liya-liyané.[1]

Iwak gurami urip ing pulo-pulo Sunda Besar (Sumatra, Jawa, lan Kalimantan),nanging saiki iwak gurami wis diingoni dadi iwak konsumsi ing nagara-nagara kang manggon ing Asia (mligi Asia Tenggara lan Asia Selatan), saliyané iku iwak gurami uga dibudidayakaké ing Australia.[2]

Ing alam, iwak gurami urip ing kali-kali, rawa lan kolam, gurami uga bisa urip ing banyu payau; nanging sajatiné gurami paling seneng urip ing kolam-kolam cethék kang akèh tuwuhan kang thukul.[2] Kadhang-kadhang iwak gurami metu saka banyu kanggo ambegan langsung saka udara.[2]

Induk gurami, ing wektu kang gumathok bakal njaga lan ngingoni anak-anaké.[2] Endhogé ditémplékaké ing tuwuhan kang urip ing banyu utawa diséléhaké ing susoh kang digawé saka tuwuhan.[2] Gurami kalebu iwak kang mangan tuwuhan, nanging gurami uga gelem mangan gegremet, lan iwak liyané.[2] Saliyané iku iwak gurami uga mangan bahan-bahan organik kang bosok ing njero banyu.[2] Kanthi sifaté kang rakus iki iwak gurami uga dimanfaataké dadi iwak kang bisa ngendhalékaké gulma ing kolam-kolam.[2]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b c d e The Fishes of The Indo-Australian Archipelago archive.org (dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h fao.org(dipunundhuh tanggal 19 Juni 2011)