Edi Sedyawati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Edi Sedyawati

Edi Sedyawati ingkang miyos wonten ing Malang, Jawa Wétan ing tanggal 23 Oktober 1938 inggih punika salah satunggaling panulis lan arkeolog Indonésia.

Biografi[besut | besut sumber]

Edi Sedyawati inggih punika salah satunggaling guru besar wonten ing Fakulas Ilmu Pengetahuan Budaya ing Jurusan Arkéologi Universitas Indonésia. Piyambakipun inggih mlebet agama Islam lan sak punika dumunung ing Jalan Lembang 21, Jakarta. Piyambakipun gadhah satunggal garwa, inggih punika Imam Sudjahri lan pinaringan kalih putra, inggih asma Teguh Anantawikrama, lan Bima Sinung Widagdo.[1] Edi Sedyawati inggih sampun naté ngrampungaken sekolahipun wonten ing SR Kris, Jakarta lan lulus taun 1951, lajeng nerasaken dhateng SMP Negeri I Jakarta, lulus taun 1954, lan nerasaken sekolah malih ing SMA Negeri I Jakarta, lan lulus ing taun 1957. Sasampunipun lulus SMA, piyambakipun ugi nerasaken sekolah malih wonten ing jurusan Arkéologi, Universitas Indonésia wonten ing program S-1, lan lulus ing taun 1963, lajeng nerasaken sekolah malih ing Program pascasarjana, ing Fakultas Sastra Universitas Indonésia kanggé nggayuh gelar dhoktor lan lulus ing taun 1985.

Padamelanipun[besut | besut sumber]

  • Pengajar Fakultas Sastra UI (1963 – sak punika)
  • Ketua Jurusan/Akademi Jogèd, LPKJ (1971-1977)
  • Ketua Jurusan Arkéologi UI (1971-1974)
  • Ketua Komite Jogèd Dewan Kesenian Jakarta (1971-1976)
  • Anggota Dewan Pengurus Harian DKJ (1971-1974)
  • Pembantu Dekan I Fakultas Kesenian Institut Kesenian Jakarta (IKJ; 1978-1980)
  • Pembantu Rektor I IKJ (1986-1989)
  • Ketua Jurusan Sastra Laladan, Fakultas Sastra UI (1987-1993)
  • Kepala Pusat Penelitian Kemasyarakatan dan Budaya UI (1989-1993)
  • Anggota Konsorsium/Komisi Disiplin Ilmu Seni (1990-sak punika)
  • Direktur Jenderal Kebudayaan Departemen Pendidikan dan Kebudayaan (1993-1999)
  • Governor kanggé Indonésia, Asia-Europe Foundation (1999-2001)
  • Ketua Masarakat Sejarawan Indonésia cabang Jakarta (1986-1990)
  • Ketua I Masarakat Sejarawan Indonésia (1990-1993)
  • Penasihat Masarakat Musikologi Indonésia (ingkang salajengipun gantos nama dados Masarakat Seni Pertunjukan Indonésia)
  • Ketua Himpunan Sarjana Kesusasteraan Indonésia komisariat UI (1992-1993)
  • Ketua Umum Ikatan Ahli Arkéologi Indonésia (1995-1999, 1999-2002)

Asiling Karya[besut | besut sumber]

Pertumbuhan Seni Pertunjukan, Seri Esni No. 4, Sinar Harapan (1980)

Penghargaan[besut | besut sumber]

  • Asiling panaliten paling saé ing Universitas Indonésia babagan Humaniora (1986)
  • Bintang Jasa Utama Républik Indonésia (1995)
  • Satya lencana Karya Satya 30 taun (1977)
  • Bintang "Chevalier des Arts et Letters" dari Républik Perancis (1997)
  • Bintang Mahaputera Utama (1998)-Penghargaan UI dados panaliti senior berprestasi (2001)
  • Program Habibie Award babagan Filsafat, Kebudayaan (2001)
  • Penghargaan dados "Anggota Utama" olèh Masarakat Sejarawan Indonésia (2001)
  • Penerimaan HAK CIPTA babagan Sosial Budaya Universitas Indonésia (2002)
  • Penghargaan dados Peneliti Senior Berprestasi saking UI (2012),
  • Anugerah Indonésian Dance Festival (2012) [2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Prof. Dr. Edi Sedyawati (dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013)
  2. [2] Seniman Jogèd: Edi Sedyawati (dipunundhuh tanggal 28 Januari 2013)