Drive
| Drive | ||
|---|---|---|
| Latar wuri | ||
| Lair | ||
| Jinis Musik | Pop alternatif Pop, Rock | |
| Taun aktif | 2006 – sapunika | |
| Parusahan rekaman | Nagaswara Royal Prima Musikindo / E-Motion Entertainment | |
| Hubungan | ||
| Anggota | ||
| (Rizki Abdul Rahman), (Budi Rahardjo), (Dygo Pratama), (Rudy Saputra) | ||
| Mantan Anggota | ||
| (Umaru Takaeda), (Tirta Ardilla), (Adi Karno) , (Anji) | ||
Drive yaiku grup musik saka Jakarta, Indonésia kang digawé nalika taun 2003.[1] Anggota band iki yaiku Sukarno Suryo Bawono, Ilhamsyah Dyego Pratama, lan Saleh Budi Raharjo.[2] Album kang sepisanan yaiku Esok Lebih Baik kang digawé nalika taun 2007 kanthi lagu andalan "Tak Terbalas" lan "Bersama Bintang" kang uga dadi soundtrack sinétron Candy.[2]
Profil Drive
[besut | besut sumber]Drive diwangun nalika taun 2003 kanthi jeneng Flow kang anggotané Nivel (vokal), Budi (gitar), Eko (bass), lan Richard (drum).[2] Nanging sawisé Nivel mundur saka Flow, Richard banjur metu, pungkasané drive nemu Abun ing posisi vokalis.[2] Sawisé iku banjur Adi dadi drummer ing grup band iki.[2] Ing pungkasan taun 2003, Eko resmi mundur saka Flow awit direkrut dadi Sound Engineneer ing Aquarius Musikindo lan posisiné digantekake karo Irwan (bass).[2] Ing taun 2005 Anji (vokal, kang saiki dadi solois) banjur dadi vokalis Drive.[2] Ing taun iku jeneng flow resmi diganti dadi Drive.[2]
Sawisé ditinggal Anji, Drive lan manajemene banjur nganakaké audhisi kanggo nggantekaké posisi Anji.[2] Calon vokalis Drive kang anyar yaiku vokalis jebolan The Titans yaiku kang jenengé Rizki Abdul Rahman.[2] Nanging kibordis The Titans kang jenengé Andika nolak yèn vokalisé tampil bareng Drive.[2]
Album
[besut | besut sumber]- Esok Lebih Baik (2007)
- Kita untuk Selamanya (2008)
- Bintang yang Bersinar (2010)
- Cahaya Terang (2011)
- Essence of Life (2015)
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |