Menyang kontèn

Cut Meyriska

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Cut Meyriska
LairCut Ratu Meyriska
26 Mèi 1993 (umur 32)
Medan, Sumatera Utara, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaChika
PakaryanArtis, Penyanyi
TélévisiIndosiar

Cut Ratu Meyriska padatan diundang kanthi jeneng Cut Meyriska (lair ing Medan, 26 Mèi 1993; umur 32 taun).[1] Cut Meyriska iku juru main sinétron anyaran ing donyaning sinétron Indonesia.[1] Jeneng Cut Meyriska misuwur sawisé dadi bintang ing sinétron Kepompong.[1] Ing sinétron iki, Cut Meyriska dadi paraga Beverly.[1] Saliyané iku, Cut Meysiska uga main ing sinétron remaja kang irah-irahané Arti Sahabat.[1] Ing sinétron iki, Cut Meyriska main dadi paraga Vita.[1] Cut Meyriska padatan diundang kanthi jeneng Chika.[1]

Cut Meyriska iku salah sijiné fans saka grup band D'Masiv.[1] Saliyané iku, Cut Meyriska uga ngefans karo Harry Potter.[1] Sadurungé main ing sinétron Kepompong lan Arti Sahabat, Cut Meyriska uga akting ing sinétron-sinétron kang dibabaraké ing stasiun télévisi swasta kaya ta sinétron kang irah-irahané Suci, Cinta Maia, Cucu Menantu, lan Cinta Bunga.[1] Cut Ratu Meyriska dadi aktris paling favorit UMI 2010 bareng karo Yuki Kato, Nina Zatulini, lan Steven William.[2]

Filmografi

[besut | besut sumber]

Sinetron

[besut | besut sumber]

Sinetron kang dibintangi Cut Meyriska.[2]

  • Suci (minangka Nadia)
  • Cinta Maia (minangka Luna)
  • Cucu Menantu (minangka Dina)
  • Cinta Bunga (minangka Arini)
  • Kepompong (minangka Baverly) wiwit tanggal 22 Agustus 2009
  • Ulat Kepompong (minangka Diana)
  • Arti Sahabat (minangka Vita) wiwit tanggal 7 Juni 2010

FTV kang dibintangi Cut Meyriska.[2]

  • Pacarku Banyak Aturan (2009)
  • Cintaku Kejedot Angkot (2010)
  • Pacarku Superstar (2010)

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 selebriti.kapanlagi.com(dipunundhuh tanggal 2 September 2011)
  2. 1 2 3 cutratumeyriska.com[pranala mati permanèn](dipunundhuh tanggal 2 september 2011)