Cublak-cublak suweng
Cublak-cublak suweng iku sawijining tembang dolanan, ya iku jinis tembang kang prasaja, biyasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, mligi ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah kawanuhaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetuwuhan, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané.[1] Kadhang kala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana sajeroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Cublak-Cublak Suweng ya iku salah sawijining dolanan sing diiringi lagu pengiring sing ditembangake. Lagu pengiring ing game iki duwe judhule padha karo jeneng game kasebut dhewe, yaiku cublak-cublak suweng. Dolanan tradhisional cublak-cublak suweng biasane dimainake bocah cilik ing padesan saka Jawa, utamane ing Jawa Tengah, Daerah Istimewa Yogyakarta lan uga Jawa Wetan . [2]
Ing dolanan iki diwiwiti kanthi hompimpa utawa gambreng kanggo nemtokake sapa sing bakal kalah kaping pisanan. Sawise iku, wong sing kalah bakal dadi pak Empo, sing madhep ing tengah lan bocah liyane bakal lungguh ing sacedhake Pak Empo. Banjur sing ngubengi Pak Empo mbukak telapak tangane ngadhep munggah lan dilebokake ing gegere Pak Empo. Banjur ana salah sawijine bocah sing nyekel winih / kerikil lan pindhah saka sawit menyang dawane liyane sing diiringi lagu Cublak-Cublek Suweng. [2]
Lirik lagu yaiku:
cublak-cublak suweng
suwengé ting gelèntèr
mambu ketundung gudhèl
pak empo lirak-lirik
sapa ngguyu ndelikaké
sir, sir pong delé kopong
sir, sir pong delé kopong
Lirik tembang " sapa ngguyu ndelikake " minangka pratandha yen wiji / kerikil kudu didhelikake kanthi cepet dening bocah sing nampani. Ing pungkasan lagu, kabeh bocah nyekel tangane, pura-pura ndhelikake krikil, kanthi tangane. Pak Empo tangi lan ngramal ing tangane wiji / kerikil didhelikake. Yen dugaane bener, bocah sing nyekel wiji / kerikil dadi Pak Empo. Yen salah, Pak Empo bali menyang posisi asline lan game diwiwiti maneh. [2]
Lirik
[besut | besut sumber]Cublak cublak suweng
Suwengé ting gelèntèr
Mambu ketundhung gudèl
Pak empong léra-léré
Sapa ngguyu ndelikkaké
Sir, sir pong dhelé kopong
Sir, sir pong dhelé kopong
wis olèh sakenthung galendhung
sebaja-biji bekung (asem besa besi besung)
pitik tulak katé wana
bayem tulak raja (n)donya
tangisana ndomblé
kacangira lawé temu kéné
dudu sanak dudu kadang
yèn mati mèlu kelangan
sir, sir pong delé bodong
sir, sir pong delé bodong
su bisu wis mulihké
tak tanggapké wayang klithik
jreng enong ejeng egung
jreng enong ejeng egung
Dolanan cublak-cublak suweng
[besut | besut sumber]Dolanan iki diarani cublak-cublak suweng amarga nalika dolanan kang dicublek-cublek iku suweng. Dolanan iki biyasa dianakaké wanci soré utawa wengi nalika padhang bulan, ing èmpèran kang jembar. Dolanan cublak-cublak suweng iki ora ngerti saka endi sangkané, nanging dolanan iki misuwur banget ing provinsi Jawa Tengah.
Carané dolanan
[besut | besut sumber]Dolanan iki bisa dilakokake déning bocah 5 utawa 7, racaké bocah umur 6-14 taun. Dolanan iki bisa katindakake déning bocah lanang utawa wadon. Sing diperlokake ing dolanan cublak-cublak suweng ya iku suweng, nanging yèn ora ana suweng bisa diganti nganggo krikil. Saliyané suweng utawa krikil, dolanan iki uga diiringi tembang dolanan.
Saumpama kang dolanan cacahé 7( A, B, C, D, E, F, lan G). Bocah 7 iku banjur sut, sapa kang kalah, dadi. Umpama kang dadi G. Banjur G lungguh mengkurep ing lemah lan diubengi bocah 6 liyané ( A, B, C, D, E, lan F). Salah siji saka bocah 6 kui didadèkaké embok. Banjur kabèh tangané bocah 6 mau disèlèhaké ing gegeré G, tangané nganthong(telapaké ing dhuwur). Banjur padha nyanyèkaké tembang cublak-cublak suweng, sinambi embok ngubengaké suweng ing tangané bocah 6 mau. Nalika tembang tekan pak empong lera-lere, kabèh tangan nggegem. Banjur nalika tekan sir sir pong dhele kopong, kabèh tangan dijunjung saka gegere G lan driji duding loro karone nduding banjur diobahake kaya ngirisi gula jawa. Bareng karo iku G tangi saka lungguhe. Nalika tekan sir pong dhele kopong kang kapindho G dikon milih sapa kang nggawa suweng utawa krikil mau. Yèn pilihane G salah, G kudu dadi manèh, nanging yèn bener, sapa kang dipilih mau kudu dadi. Ngono sabanjuré.
Uga delengen
[besut | besut sumber]Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ Ki Demang: Tembang dolanan wonten ing satengahing globalisasi
- ↑ a b c 100 Permainan dan Perlombaan Rakyat. Yogyakarta: Nyo-nyo. 2013. ISBN 978-979-29-4003-9.
{{cite book}}
:|first=
missing|last=
(pitulung)