Clara saking Assisi
| Santa Clara saking Asisi | |
|---|---|
Lukisan Santa Clara karyanipun Joos van Cleve. | |
| Miyos | 16 Juli 1194, Assisi, Itali |
| Tilar donya | 11 Agustus 1253 (umur 59), Assisi, Itali |
| Dipun urmati ing | Gréja Katulik Roma, Gréja Anglikan, Gréja Lutheran |
| Kanonisasi | 26 September 1255, Roma déning Paus Aleksander IV |
| Papan ziarah utama | Basilika Santa Clara, Asisi |
| Dinten pèngetan | 11 Agustus |
| Atribut | Monstran, pyx, lampu |
| Pangreksa | Lelara mata, tukang emas, binatu, tukang bordir, tukang sepuh, cuaca ingkang saé, tukang jait, Santa Clara Pueblo, tilpun, telegraf, tivi |
Clara saking Asisi (16 Juli 1194 – 11 Agustus 1253) punika satnggiling santa ingkang asalipun saking kitha Asisi lan misuwur amargi naté ngusir wadyabala mengsah ingkang badhé ngancuraken tlatah wau.[1][2] Clara asalipun saking kulawarga bangsawan ing kitha Asisi.[2] Piyambakipun mlajar saking kamiwahan dalemipun nalika taksih rumaja dhemi gesang mbektèkaken dhiri dhumateng Gusti salebetipun kamiskinan.[2] Salajengipun piyambakipun dados biarawati lan madegaken Biara Klaris ingkang Papa.[1] Clara lan biarawati sanèsipun kepéngin gesang kados déné kaum miskin saéngga para biarawati kasebat gesang ing salebetipun kaprasajan.[2] Nalika bapanipun tilar donya lan marisaken bandhanipun, Clara maringaken sadaya dhumateng kaum miskin.[1]
Ing satunggaling dinten, sapasukan mengsah nyerang kitha papan biaranipun wonten.[1] Para wadyabala mengsah ngupados nyerang biara ugi.[1] Clara salajengipun mundhut monstrans (piranti kanggé ngetingalaken Sakramèn Mahasuci salebetipun sakramèn) lan ngangkat monstrans wau.[1][2] Sauntawis punika, piyambakipun lan para biarawati sanès ngunjukaken sembayangan.[1] Nalika para wadyabala mengsah mirsani para biarawati punika, dumadakan wadyabala mengsah mundur saéngga biara saged slamet.[1][2]
Réferènsi
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
