Cenote

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
(Dilih saka Cenote Angelita)
Cenote kramat ing Chichén Itzá, Mexico.
Sabacché-Tecoh-cenote-1.jpg
Nyilem ing cenote

Cenote inggih punika satunggaling bolongan bunder ingkang kaisènan toya. Cenote kathah wonten ing Ujung Yukatan Mèksiko.

Panggènan cenote[besut | besut sumber]

Papan panggènan cenote madhep segara Karibia lan gadhah jarak kirang langkung 12 Km saking pasisir Laut Karibia, dumunung kirang langkung 17 Km ing sisih kidul kitha Talum, ing pasisir wétan Ujung Yukatan, Meksiko. Cenote Angelita dumunung ing wana tropis ingkang kathah semak-semak rambat, epifit (bromeliads), angrek, lan kembang tillandisias, palm, copal (kemenyan) lan ficus, lan wonten sato jaguar, tejons (coati), peccaries, tapir, lan jinis rusa alit.

Tembung Cenote saking basa suku Indian Maya purba D'zonot ingkang ateges bolongan/guwa ing siti kang wonten toyanipun dados papan ingkang dipunsuciaken, lan Angelita ingkang ateges malaikat alit, dados Cenote Angelita ateges Guwa Suci Malaikat Alit. Tembung Cenote (natural sink hole) dipunmaksudaken dados guwa-guwa ing siti ingkang cacahipun uwean ing Ujung Yukatan, Mexico. tatanan guwa-guwa jero siti punika kahubung kaliyan laut Karibia saking sistem hidrogéologi kawasan gamping ingkang kasebat karst. Kawentukipun cenote amargi prastawa- prastawa géologi lan iklim global wala dangu.

Tembung Cenote punika dipunagem ing Australia lan Cuba kagem guwa-guwa vertikal (sinkhole) ingkang kawentuk ing kawasan karst. Guwa cenot kathah dipuntungali ing Ujung Yukatan kanthi cacah langkung saking 2.500 cenote.[1]

Gladri[besut | besut sumber]

Sejaran Dados Cenote[besut | besut sumber]

Ujung Yukatan-Mexico sadèrèngipun jaman Cretacious (Karbon) inggih punika laut cethèk kang wonten terumbu koral ngantos 1300 mèter. Ing jaman Tersier kawentuk malih terumbu koral ingkang melampar (limestone platform) 1000 mèter kados ngantos sapunika ing Ujung Yukatan. Pangangkatan sawekdal Pliocene ngawentuk daratan lamparan terumbu koral dados daratan wewatunan gamping Ujung Yukatan. Nginggilipun kandutan carbon dioksida ingkang wonten ing atmosfer wekdal punika, dadosaken udan asam, kados punika toya jawah ingkang wonten ing lamparan gamping punika dadosaken palarutan wewatunan gamping ngawentuk bolong-bolongan infiltrasi. Tatanan Carrillo Puerto ingkang gadhah ukuran Miocene-Pliocene (23,8 - 1,8) yuta taun ingkang dangu dados wewatunan gamping ing Ujung Yukatan, lan ing pasisir Ujung Yukatan wonten endapan Quarter ingkang umuripun langkung enèm.

Prosès milinipun toya jawah miyos bolongan infiltrasi miwiti ngawentukipun sistem lèpèn lan guwa ngandhap siti lan kathah toya jawah ingkang mrembes ing siti kados punika saged dipuntingali wonten lèpèn toya ing daratan Ujung Yukatan lan sapérangan toya jawah ing lumahing dados milinipun lumahing (runoff).

Ing jaman interglasisasi wonten prastawa fluktuasi lumahing toya laut amargi prosès beku lan cairipun gunung-gunung es ing kutub. Perioda pasca glasiasi amargi pamandhapan toya laut ingkang signifikan amargi wonten ilinan mangsa toya laut ageng-ageng kutub-kutub bumi ingkang dados wentuk gunung-gunung es. Prastawa alam punika ingkang dadosaken sistem lèpèn ngandhap siti dados garing ngawentuk guwa-guwa garing.

Ngrembakanipun guwa-guwa gamping punika dados sistem karst gamping angampingan (kapur) kaliyan ornamen karst ingkang unik inggih punika stalaktit, stalagmit ingkang nyambung, tirai, teras, lan tiang. Sapanunggalipun punika, prosès panglarutan jangka panjang ing tembok-tembok guwa dadosaken guwa ngandhap siti punika dados wiyar lan panjang.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ www.mgi.esdm.go.id(dipuntingali tanggal 23 Dhésèmber 2011)

Pranala njawi[besut | besut sumber]