Karst

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Karst

Karst utawi istilah aslinipun krst saking Basa Yugoslavia ingkang dados nama satunggaling kawasan ing winatesan antawisipun Yugoslavia lan Italia Utara, sakiwa-tengené kutha Trieste. Istilah karst punika lajeng dipunagem kanggé nyebut sadaya kawasan watu gamping ingkang nglampahi prosès pelarutan. Saged ugi kaginakaken kanggé fenomena pelarutan watu sanèsipun kados ta Gypsum lan watu sarem [1]. Pangertosan sanès karst inggih punika bentukan bentang alam wonten ing watuan karbonat ingkang khas wujud bukit, lembah, dolima (cekungan), lan gua [2].

Karst punika dumadi saking prosès alam ingkang dipunwastani prosès karstifikasi. Kawasan karst punika kawasan watuan karbonat ingkang nedahaken morfologi karst. Karst lan kawasan karst dumadi lan dipunpengaruhi déning prosès pelarutan ingkang dipunpengaruhi ugi déning toya. Prosès pelarutan punika langkung rikat awit saking CO2 utawi karbondioksida ingkang wonten ing atmosfer pérangan nginggil lumah lemah ugi ingkang wonten ing sangandhaping lumah lemah. Toya jawah ingkang gadhah réaksi kaliyan Karbondioksida ndamel asem karbonat lan asipat reaktif dhumateng kalsium saéngga dumadi kalsium karbonat utawi watu gamping [2].

Manfaat Ekosistem Karst[besut | besut sumber]

Manfaat saking ékosistem karst punika ing antawisipun kados makaten:

  • Papan kanggé nyimpen toya ingkang kanthi bertahap saged dipunsaluraken dhateng papan sanès.
  • Habitat ingkang trep kanggé fauna ingkang mapan wonten ing gua-gua karst kados ta kelelawar utawi lawa ingkang fungsinipun kanggé panyerbuk, panyebar wiji lan kanggé ngendalikaken ama sarta lelara ingkang asalipun saking gegremet.
  • Habitat manuk walet ingkang mapan wonten ing gua-gua karst lan ngasilaken sarang walet ingkang ngandhut aji ékonomi, sarta saged ngendalikaken populasi gegremet ingkang dados ama lan nyebaraken lelara.
  • Kawasan karst punika gadhah sesawangan ingkang éndah minangka lokasi tujuan pariwisata.
  • Wonten pérangan kawasan karst ingkang ngandhut aji pusaka budaya lan papan bersejarah.
  • Kawasan karst punika kathah bahan galian tambang saéngga gadhah potensi dados kawasan pertambangan [2].

Ciri-ciri karst[besut | besut sumber]

Ingkang dados ciri-ciri utawi titianing karst inggih punika:

  • Dhaérahipun wujud cekungan-cekungan.
  • Wonten bukit-bukit alit.
  • Wonten lèpèn ing sangandhaping lumah lemah.
  • Wonten endapan sedimen lempung kanthi warna abang saking asiling pelapukan watu gamping.
  • Permukaan ingkang kabikak katingal kasar, kathah bolonganipun, lan lancip.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1] Archived 2014-09-03 at the Wayback Machine., (id) Karst (dipun-akses tanggal 29 Dhésèmber 2012).
  2. a b c [2], (id) Karst (dipun-akses tanggal 29 Dhésèmber 2012).