Butir-Butir Budaya Jawa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Butir-Butir Budaya Jawa
PanganggitJenderal Purnawirawan Soeharto
NagaraIndonésia
BasaJawa, Indonésia, lan Inggris
GènreDidaktik
Pangecapan• Yayasan Purna Bhakti Pertiwi (Indonésia)
Kala babar
1987

Butir-Butir Budaya Jawa iku buku sing ditulis déning Présidèn Indonésia kapindho, Jéndral Soeharto. Buku iki pisanané terbit ing taun 1987. Buku iki isiné bab ajaran-ajaran lan wewaler kauripan. Sanadyan lagi diterbitaké ing taun 1987, naming miturut kolofon, buku iki wis bubar ditulis ing taun 1983.

Subjudhul[besut | besut sumber]

Butir-Butir Budaya Jawa nduwé subjudhul Hanggayuh Kasampurnaning Hurip Berbudi Bawaleksana Ngudi Sejatining Becik[1] Ukara iki dadi katulis ing Jawa lan uga dibarengi sawijining alihbasa resmi ing basa Indonésia lan basa Inggris. Alihbasa resmi ing basa Indonésia iku Mencapai Kesempurnaan Hidup Berjiwa Besar Mengusahakan Kebaikan Sejati lan ing basa Inggris ya iku In Search of Perfect Life Noble and Generous Mind In Quest of the Essence of Goodness.

Isi[besut | besut sumber]

Buku iki isiné bab pethikan-pethikan wejangan sing dipérang dadi rong bab utama lan diwènèhi judhul "Pituduh" lan "Wewaler". Banjur saben bab utama iki dipérang manèh dadi enem paragraf ya iku:

  1. Katuhanan Kang Mahaesa
  2. Karohanèn
  3. Kamanungsan
  4. Kabangsan
  5. Kakaluwargan
  6. Kabandhan

Tèks diwiwiti ing kaca genep (verso) lan mesthi winangun saka saben butir ing basa Jawa sing nganggo aksara Hanacaraka. Banjur ing sisihé, ing kaca sing padha diaturaké alihaksara kritis ing aksara Latin. Banjur ing kaca ganjil (recto) diaturaké alihbasa ing basa Indonésia lan basa Inggris. Mula mesthi ana patang kolom.

Ing ngisor iki kapacak conto tèks. Conto sing dijupuk iku butir saka bab II, paragraf 4 lan butir 5.

Tèks Jawa Alihaksara Latin Alihbasa Indonésia Alihbasa Inggris
5. 5. Wadyabala kang seneng kawula alit, iku dadi senengane para kawula sajeroning praja, gawé kukuh sarta minangka tamenging nagara. 5. Prajurit yang mencintai rakyat jelata, akan disayangi rakyat dalam nagara itu, dan membuat kokohnya nagara dan menjadi perisai nagara. 5. Soldiers who love the common people will be loved by the people of the country, and they will provide strength to the country and serve as a shield to it.

Sumber[besut | besut sumber]

Sajeroning buku iki, manten présidhèn Soeharto mènèhi sumber-sumber bukuné. Sumberé nyakup:

  1. Ajaran Turun-Temurun
  2. Serat Centhini
  3. Cipta Hening (Kakawin Arjunawiwāha)
  4. Dewaruci
  5. Ranggawarsita
  6. Jakalodhang
  7. Serat Kalatidha
  8. Jayabaya (Kakawin Bhāratayuddha)
  9. Nitisastra (Kakawin Nitisastra dan Serat Panitisastra)
  10. Suluk Selasa
  11. Ajaran Tridharma
  12. Serat Wedhatama
  13. Serat Wulangreh

Amanat lan kritik[besut | besut sumber]

Ing pambuka buku disebutaké déning Rukmana Hardiyanti (1987:v) karepé nerbitaké buku iki:

Salah satu pemberian Bapak dan Ibu sejak kami kecil, ya iku butir-butir Pituduh dan Wewaler. Bapak mencoba menyusun butir-butir Pituduh dan Wewaler tersebut dalam satu kumpulan, dengan harapan agar selalu diingat, khususnya olèh putera-puterinya.

Kami merasakan bahwa butir-butir Pituduh dan Wewaler tersebut sangat berharga dan besar manfaatnya sebagai salah satu petunjuk dan pegangan hidup dalam kami meniti panguripan di donya ini.

Oleh karena itu kami terbitkan buku ini dengan harapan kiranya dapat menjadi salah satu buku petunjuk dan pegangan dalam panguripan bermasyarakat.

Banjur sajeroning buku iki uga diamot tulisan asta pak Soeharto mawa tapak-astané (katulis 8 Juni 1986):

Buku ini saya berikan padha anak-anak sebagai pegangan hidup.

Buku ini olèh khalayak ramai selain banyak dibaca juga menjadi bahan kritikan pedas. Namun di sisih lain usaha Soeharto ini dijurung olèh sebuah pihak yang tak terduga. Prof. Dr. Ben Arps, sejak taun 1996 guru besar Sastra dan Basa Jawa di Universitas Leiden, padha dalil disertasinya menulis bahwa usaha semacam ini tidaklah aneh bagi seorang raja Jawa. Mungkin yang dimaksudkan ya iku karya-karya sastra seperti Serat Wedhatama karangan K.G.P.A.A. Mangkunagara IV dan Serat Wulangreh karangan Sunan Pakubuwana IV yang juga karan dalam Butir-Butir Jawa sebagai sumber.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. Subjudhul iki padha karo ukara sing ana ing samak buku. Sajeroning buku aka ukara liya sing pasang aksarané séjé.: Anggayuh Kasampurnaning Urip Ber Budi Bawa Leksana Ngudi Sajatining Becik.

Rujukan[besut | besut sumber]

  • Soeharto dan H. Rukmana Hardiyanti, 1987, Butir-Butir Budaya Jawa., Jakarta: Yayasan Purna Bhakti Pertiwi. ISBN 979-8103-00-9