Basa Jamee
Basa Jamee | ||
---|---|---|
Dituturaké ing | Indonesia | |
Wilayah | kabupatén Aceh Kidul, propinsi Aceh | |
Gunggung panutur | (ora weru) | |
Rumpun basa | Cithakan:Infobox Language/genetic2 | |
Kodhe basa | ||
ISO 639-1 | None | |
ISO 639-2 | min
| |
ISO 639-3 | min
| |
|
Basa Jamee kadangkala uga karan basa Aneuk Jamee ya iku sawiji basa karo dhialék Basa Minangkabo[1]. Basa Jamee dituturké déning Wong Aneuk Jamee. Basa iki kesebar ing pesisir Kabupatèn Acèh Kidul lan Kabupatèn Acèh Kulon ing Acèh. Ing taun 1981, panyatur basa iki ing Aceh Kidul ana 77.000 wong lan Aceh Kulon ana 10.000 wong[2]. Dhialék dhialék ing basa Jamee ya iku Tapaktuan, Samadua, Susoh, dan Meureubo. Sanajan basa iki dhialék basa Minangkabo nanging Wong Acèh ana kang nyebuté basa Jamee kang tegesé basa tamu utawa basa Baiko. Sebutan kang akhir kuwi dhuwé makna kang ora bagus sebab dianggep minangka wadanan. Wong Aneuk Jamee dhèwé luwih bungah nyebut basané kuwi Baso Jamu utawa Baso Jamee. Bèdhané dhialék antara basa Jamee karo basa Minangkabo didayani faktor asimiliasi karo Basa Acèh, Basa Indonésia, lan mligi Basa Malayu pesisir kang nyebar ing pesisir-pesisir Aceh, panggonan wong Aneuk Jamee. Ana kosa tembung basa ing basa Minangkabo iku kerungu kasar, nanging dadi kosa tembung kang biasa ing basa Jamee. Contoné tembung “wa ang” tegesé “kowé”. Liyané iku ana punggelan tembung kang basa Minangkabo, kaya déné tembung “wa ang” cukup dadi “ang” baé[2].
Conto ukara
[besut | besut sumber]- Macut alah ka kadai, “Bu lik wis ana ing pasar”.
- lsuek adiek sandiri ka sakolah, “Sèsuk èsuk adhi dhèwé marang sekola”.
- Abang tangah mambaco, “Kangmas lagi maca”.
- Pacut mambuek lasueng, “Pak lik nggawé lesung”[2].
Rujukan
[besut | besut sumber]- ↑ "Minangkabau". Ethnologue.
- ↑ a b c Isas, Budiono (1990). MORFOLOGI DAN SINTAKSIS BAHASA JAMEE. Jakarta: Pusat Pembinaan dan Pengembangan Bahasa Departemen Pendldikan dan Kebudayaan. ISBN 979-459-078-9.