Menyang kontèn

Banua

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Banua ya iku siji teritorial/kawasan kang dumadi saka gabungan sapérangan kampung kang ana ing Kalimantan Selatan ing mangsa Kesultanan Banjar lan mangsa kolonial Hindia Belanda. Ing saben banua ana siji sistem kemasyarakatan kang sinebut Sasangga Banua. Sawijining banua dibawahi siji Damang. Gabungan banua (onderdistrik) mbentuk siji distrik kang sinebut lalawangan utawakatamanggungan (tlatah kang kabawah siji Tumenggung/Tamanggung)

Istilah Banua serumpun karo istilah basa Tahiti: fenua, basa Maori: whenua, basa Rarotonga: enua, basa Hawai: honua, basa Fiji: vanua.

Sawijining Banua setara karo siji kecamatan/onderdistrik. Banua kadhang mung setara karo siji mukim ing Acèh.

Tuladhané ing Distrik Benua Empat kapérang saka 4 banua ya iku

  1. Banua Padang (saikine kecamatan Tapin Utara, Tapin)
  2. Banua Halat (saikine kecamatan Bungur, Tapin)
  3. Banua Parigi (saikine sapérangan tlatah kecamatan Bakarangan, Tapin)
  4. Banua Gadung (saikine sapérangan tlatah kecamatan Bakarangan, Tapin).

Istilah Benua ya iku sebutan kanggo dhaerah sajeroning basa-basa dhaerah ing Kalimantan. Kadhang "benua" diucapake banua sajeroning Basa Banjar utawa benuo sajeroning basa Pasir-Lawangan utawa sajronong basa utawa dhialèk tartemtu ing Kalimantan. Tembung benua iki isih seumpun karo tembung wanua, wanwa utawa wano sajeroning basa Jawa Kuna kang tegesé kaya déné désa.

Tembung "benua" miturut wong Dayak Benuaq-kelompok Lewangan-Luangan-Lawangan, "benua" duwé teges amba "siji nagara", duwé teges ciyuk kampung gedhé kaya ta désa, dhene kampung kanthi omah tunggal kaya ta lamin sinebut "lou".

Sesanti

[besut | besut sumber]

Kacamatan

[besut | besut sumber]

Kalurahan

[besut | besut sumber]

Banua lan Tanah Badatu/Tanah Pelungguh

[besut | besut sumber]

Banua-banua diandumake marang anak-anaké Sultan lan pejabat birokrasi kraton. Tuladhané:

Tabel Distribusi Tanah Lungguh ing Mangsa Sultan Adam[1]

Nomor Nama Tempat Tinggal Hubungan dengan Sultan Keterangan
1Ratu AminahBanjarmasinputri SultanTambang intan di Batu Babi
2Ratu SalamahMartapuraputri SultanBanua Gadung, tambang intan Gunung Kupang, Sungai Pamangkih
3Ratu DijahMartapuraputri SultanTabalong, Jambu Alay, Amandit, tambang intan Parupuk
4Pangeran Surya Mataram-putra SultanTabalong, Pitap, Sungai Bamban, Batang Kulur, Banua Rambau, Padang
5Pangeran Prabu Anom-putra SultanKelua, Amuntai, Sei Banar, Alabio, Negara
6Ratu Jantera Kasuma-putri SultanGantang, Amuntai, Sei Banar, Alabio, Negara
7Sultan Muda Tamjid merangkap MangkubumiBanjarmasincucu SultanTambang Paramasan 40 tahil emas, gaji mangkubumi f 12.000
8Pangeran Aria KasumaBanjarmasincucu Sultandapat pérangan dari Paramasan, Amandit
9Pangeran Wira KasumaBanjarmasincucu SultanGatal
10Pangeran HidayatMartapuracucu Sultandapat pérangan dari Alay, Paramasan, Amandit, Karang Intan, Karang Intan, Banjar, Margasari, Basung
1110 anak Ratoe Anom Mangkoeboemi Kentjana-cucu Sultandapat pérangan dari Alay, Paramasan, Amandit, Karang Intan, Margasari, Basung
12Pangeran Kesuma WijayaKarang Intansaudara SultanPamarangan, Puain, Paringin
13Pangeran TasinMartapurasaudara SultanAmawang
14Pangeran SingosariMartapurasaudara SultanWayau
15Pangeran HamimMartapurasaudara SultanJatuh
16Anak-anak Pangeran Mangkoe Boemi NataMartapurasepupu SultanBasung, Angkinang, Kalahiang
17Pangeran AntasariMartapurasepupu SultanMangkuah
18Adipatie Danoe Radja (adipati Banua Lima)Amuntaikeponakan permaisuri Nyai Ratu Kumala SariBalangan dan 12 lansekap sekitarnya.
19Patih Guna WijayaMartapurastaff Sultan AdamSei Raya

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. "Archive copy" (PDF). Diarsip saka sing asli (PDF) ing 2011-06-16. Dibukak ing 2016-04-10.{{cite web}}: CS1 maint: archived copy as title (link)

Cithakan:Macam pembagian nagara