Balada Kampung Riwil

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Balada Kampung Riwil
DisutradaraniDwi Mustanto
DiprodhuseriTatak Prihantoro
Ditulis déningDwi Mustanto, Billy Aldi Kusuma, Panggah Rudhita
DimusikiAdji Christian
Perusahaan
prodhuksi
Bakar Production Surakarta
Tanggal metu
2020 ing YouTube
Suwéné
30-60 menit
NagaraIndonesia
BasaJawa

Balada Kampung Riwil yaiku filem sandhiwara komedi abasa Jawa kang diarahaké déning Dwi Mustanto, kamot saben minggu ing vidéo YouTube. Kontèn iki digawé awit 2020 déning Bakar Production saka Kutha Surakarta, Jawa Tengah. Para paraga sing kadhapuk ing filem iki prasasat kabèh aktor lan aktris kethoprak sing adaté manggung ana Gedhung Kesenian Taman Balékambang Surakarta. Carita sing diangkat yaiku ora adoh saka kauripan sadina-dina ing Kampung Riwil, kanthi samubarang perkara antarwarga sing kadhang kala dibumboni nganggo asmara segitiga, digawé lucu, merak ati, senajan tansah disisipi pituduh. Ing wulan Fèbruari 2022, Balada Kampung Riwil wis duwé luwih saka 440.000 pelanggan lan ditonton mayuta-mayuta pamirsa. Ing sapérangan episode, konten iki kasil ngajak sayuk karya karo seniman liyané, politisi, perguruan tinggi, lan perusahaan, kalebu BUMN. Ing wiwitan penggawéan, filem iki suwéné mung udakara 15 menit, nanging saya suwé ditambahi dadi 30 menitan luwih. Kepara ana 4 episode mirunggan kang suwéné luwih saka 1 jam, sayuk karya karo Sujiwo Tejo, sesirah Dyah Puspa Jaladri.[1][2] Wulan Dhésèmber 2021, Tatak Prihantoro minangka pangawé lan Dwi Mustanto minangka juru arah Bakar Production diundang ing Kick Andy Metro TV, nyritakaké kaya apa ta nalika miwiri gawé Balada Kampung Riwil lan duwé kekudangan supaya para nom-noman tetep tresna marang kesenian tradhisional.[3]

Latar wuri[besut | besut sumber]

Balada Kampung Riwil diwiwiti saka keprihatinan sosial sutradara kethoprak asal Kabupaten Pati, Jawa Tengah, Dwi Mustanto, ora let suwé sawisé tekané pageblug pandemi covid-19 wiwitan taun 2020 sing gawé mandhegé rupa-rupa kegiyatan lan pegawéan para seniman. Dhèwèké nggagas pertunjukan kethoprak virtual sing terus dadi cikal bakal digawéné filem cekak lelucon abasa Jawa. Sabanjuré, Dwi Mustanto ngumpulké para pemain kethoprak sing adaté manggung ana Gedung Kesenian Taman Balekambang. Awit saka prigelé para pemain, mula saka iku proses prodhuksine dadi lancar. Kanthi modhal dhuwité dhéwé, Dwi miwiti filem kuwi, kabèh syutingé ana ing Kampung Ngipang, Desa Kadipiro, Kecamatan Banjarsari, Kota Surakarta. Ora nyana, taun kapisan, saka Youtube bisa ngasilaké dhuwit sing bisa nambal sulam kabutuhan prodhuksi. Saluwihé éntuk saka endorse sapérang perusahaan mèlu nyengkuyung.[4]

Karakter[besut | besut sumber]

  • Pak RT, tetua kampung sing lemu amarga dhemen manhan chiki
  • Bu RT sinh dijuluki 'Ibu Bidadari'
  • Pak Bogang, karyawan jasa laundry
  • Momon, karyawan jasa laundry, play boy kampung sing disenengi sapérang prawan kampung
  • Bu Siti, sing duwé jasa laundry, pinter nyindhèn
  • Minthul, putri Bu Siti, mahasiswi sing durung bisa lali karo bekas pacaré, Bebek (Denny Caknan), nanging kadhang lulut karo Momon
  • Pak Doel, seniman musik ngrangkep minangka bandar dadu
  • Bu Mami, bojoné Pak Doel, bakul gorengan sing cerewet
  • Fandra, kelas 2 SMP, putra Pak Doel lan Bu Mami
  • Paijo, kelas 2 SD, putra Pak Bogang, kanca kenthelé Fandra
  • Pak Kliwon, tokoh kampung sing mènèhi pituduh
  • Mimin, mahasiswi sing tresna marang Momon
  • Mas No, nyambut gawéné serabutan sing pungkasané duwé kios nang pasar
  • Kenes, adhiné Mas No, sing uga nresnani Momon
  • Pak Mul, tentara, bapaké Mimin
  • Iis Bukan Dahlia, sing duwé warung nanging judhes
  • Kincer, nom-noman kampung pacaré Damai, putri Pak RT
  • Darso, warga kampung, tukang cat, mengakuné ahli warna
  • Kabul, warga kampung sing seneng ngedu
  • Bandi, kakangné Momon sing asring dadi sutradhara ketoprak
  • Ivan Gendon, sales alat elektronik sing dipalak karo Paijo lan Fandra

Pranala jaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Di Balik Kesuksesan Bakar Production Menjadi Channel yang Diminati Banyak Orang Archived 2022-02-24 at the Wayback Machine. Naffapers. Diakses 24 Februari 2022.
  2. Bupati Karanganyar Main Film Pikiran Rakyat. Diakses 24 Februari 2022.
  3. Dwi Mustanto dan Tatak Prihantoro Ketoprak Kekinian Media Indonesia. Diakses 24 Februari 2022.
  4. Kembang-kempis Seniman Tradisi Bertahan di Masa Pandemi Solo Pos. Diakses 24 Februari 2022.