Aoh Kartahadimadja

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Aoh Karta hadimadja (lair 15 Séptémber 1911 ing Bandung - surud 17 Maret 1973 ing Karét, Jakarta) ya iku pujangga sastra Indonesia kang uripé ing manca (1952-1971).[1] Dhèwèké anak patih ing Sumedang, Jawa Kulon.[1] Amarga iku, dhèwèké bisa sekolah nganti MULO(Meer Uitgebreid Lager Onderwijs).[1] Zahra (ing taun 1971 kababar manéh nganggo sesirah Pecahan ratna) iku salah siji karyané Aoh kang isiné kumpulan sajak dibabar Balai Pustaka taun 1950.[2] Karya liyané kang wis dibabar ya iku Pecahan Ratna (1950), Poligami (kumpulan cerkak)(1975), Sepi Terasing (Novèl)(1975), Manusia dan Tanahnya (kumpulan cerkak)(1952), Dan Terhampalah Darat yang Kuning Laut yang Biru(Novèl)(1975).[3] Dhèwèké uga nulis karya non sastra kaya ta, Seni Mengarang (1971), Aliran-aliran Klasik, Romantik, dan Realisme dalam Kesastraan: Dasar-dhasar Perkembangannya (1972), Beberapa Paham Angkatan 1945 (1952).[3] Arus Perjuangan, Bumiku, Bunga Merdeka, Kapten Sjah, Pancaran Balik Salaka iku karyané Aoh sing bentuké naskah drama kang durung diterbitké.[3]

Bakat kepengarangane thukul nalika dirawat iku. kanggo ngilangi bosen lan tegang pikir, dhèwèké akèh maca buku, mliginé buku agama lan sastra. kawit kuwi thukul pepinginane kanggo nulis.[4] Ing taun 1949-1952, Aoh manggon ing Sumatra kanggo nglakoni penyelidhikan budaya.[4] Baline saka Sumatra, dhèwèké nyambut gawé ing Balai Pustaka minangka redhaktur pirang-pirang sasi.[4] Sawisé kuwi, dhèwèké lunga menyang Landa.[4] Ing Landa, dhèwèké dadi penerjemah ing Sticusa Amsterdam sasuwene patang taun (1952-1956).[4] Aoh seneng petualang lan pindah-pindah anggoné megawe.[4] Taun 1957, dhèwèké dadi wartawan Star Weekly.[4] Ing taun 1950-1952, dhèwèké dadi wartawan ing Mimbar Oemoem ana Medan.[4] Dhèwèké uga mèlu pista karaméan kemerdekaan Malaysia ing Kuala Lumpur.[4] Saise kuwi, Aoh bali tualang ana Eropah.[4] Ana Eropah, Aoh manggon ana London lan nyambut gawé minangka juru siar radhio BBC nganti taun 1970.[4] Sawisé urip kurang luwih rong puluh taun ing begara manca, Aoh bali menyang Indonesia taun 1971.[4] Nanging durung genep telung taun anggoné manggon ana Indonesia, Aoh séda ing 17 Maret 1973.[4] Jenazahe disarekake ana pasarean umum Karet, Jakarta.[4] Kanggo nambah pengetahuane ing ranah sastra, ing jaman Jepang, Aoh mèlu Pusat Kebudayaan ana Jakarta.[4] Ing pusat kabudayan iku, Aoh nyambut gawé minangka penerjemah kasusastran Sunda klasik. saliyané kuwi, dhèwèké akèh maca bukune HAMKA.[4] Aoh ora mung kenal HAMKA saka bukune, ananging uga kenal kanthi langsung karo HAMKA uga bapake.[4] Liwat wong loro kuwi, Aoh njerokake sastra.[4]

Cathetan sikil[besut | besut sumber]

  1. ^ a b c Rustapa 1997, k. 134.
  2. ^ Rustapa 1997, k. 136.
  3. ^ a b c Rustapa 1997, k. 137.
  4. ^ a b c d e f g h i j k l m n o p q r Dr. Dendy Sugono, ed. (2003). Ensiklopedia Sastra Indonesia Modern. Bandung: Remaja Rosdakarya Offset. k. 30-32. ISBN 979-692-283-5. 

Bibliografi[besut | besut sumber]

  • Rustapa, Anita K. (1997). Antologi Biografi Pengarang Sastra Indonesia 1920-1950. Jakarta: Depeartemen Pendidikan dan Kebudayaan. ISBN 979-459-796-3 Priksa gandra |isbn= (pitulung).