Menyang kontèn

Amel Carla

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Amel Carla
Amel Carla
LairAmalia Nuril Aqmaria
21 Juni 2001 (umur 24)
Bontang, Kalimantan Timur, Indonesia
BangsaIndonesia
Jeneng liyaAmel
PakaryanArtis
Taun aktif2007 - saiki

Amel Carla (lair ing Bontang, 21 Juni 2001; umur 24 taun) ya iku artis. Acara kang tau dimèluni Amel kaya ta Suami-suami takut istri ing Trans TV nalika taun 2007 lan Indonésia Kids Choice Awards nalika taun 2009 - 2011.[1] Ora mung asring mainaké paraga ing sitkom, Amel Carla uga kerep didhapuk dadi présènter karo gaya kenèsé.[1]

Dhèwèké kondhang ing masarakat dadi bocah cilik wadon kang seneng guyon.[1] Bocah cilik iki anak saka pasangan Oktarina lan Qomaruzzaman kang duwé kasenengan maca buku lan nembang.[1] Artis idholané iku Mulan Jameela.[1] Nalika main ing salah sawijining acara ing tivi, Amel Carla tau meragakaké gayané Mulan nalika nembangaké tembangan kang judhulé Makluk Tuhan Paling Seksi.[1]

Padha kaya-kaya bocah-bocah cilik liyané, Amel Carla uga seneng karo kéwan ingon.[1] Amel Carla ngingu kelinci loro lan kucing siji. Kéwan ingonané mau dijenengi Cipu, Citem, lan Blackcing.[1] Amel Carla uga seneng ngumpulaké bandho kanggo aksesoris mligi nalika tampil ing ngarep kodhak.[1]

Kasuksèsané ing donya intertain ora agawé dhèwèké lali marang pagawéyané dadi murid.[1][2] Saiki, bocah cilik kang duwé kepénginan dadi dhokter iki isih sinau ing bangku SD.[1] Prèstasiné kang bisa diomong akèh amarga ndelok kagiyatané kang akèh banget.[1] Nanging Amel Carla isih bisa olèh rangking ing kelasé.[1]

Sanajan dhèwèké wis suksès ing karir hiburan tivi, Amel Carla ora seneng boros.[1] Ibuné njatah dhèwèké olèh dhuwit jajan limang éwu saben dinané.[1]

Donya hiburan kang agawé jenengé kondhang ora agawé owah sikap supaya rikat diwasa.[1] Amel Carla ngakoni manawa dhèwèké ora mèlu-mèlu lan tetep duwé sikap kaya bocah cilik liyané.[1]

Artis cilik kang duwé pipi kang tembem iki miwiti kariré ing donya hiburan liwat sitkom kang olèh rating dhuwur, Suami-suami Takut Istri.[1][2] Panampilané kang nengsemaké, lucu ing tivi kang natural lan ora digawé-gawé agawé para panontoné seneng.[1][2] Jenengé wiwit kondhang bebarengan karo tawaran kang uga nambah akèh.[1]

Ora mung iku, kasenengané marang panganan agawé dhèwèké gendhut lan bisa dikontrak déning sawijining TV kanggo nggawakaké acara Amel Cemal Cemil.[1] Ing acara mau, Amel Carla mlalu-lumaku menyang tlatah-tlatah ing Indonésia sisan ngicipi manéka panganan khas tlatah.[1]

Cathetan sikil

[besut | besut sumber]
  1. 1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 12 13 14 15 16 17 18 19 20 21 22 biografi Amel Carla diundhuh tanggal 5 September 2011
  2. 1 2 3 berita Amel Carla diundhuh tanggal 5 September 2011